+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 2 Mei 2025 Minggu Paskah II

Yesaya 6:1-4; Jabur 30; Lukas 14:12-14

TIMBALAN SUCI SAKING GUSTI

Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane… Iku padha nguwuh sesauran, tembunge: Suci-suci-suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane!”  ( Yesaya 6:2,3 )

              Nalika kaleksanan ibadah tetepan Pandhita, kita nekseni pendhita ingkang katetetaken kinubeng dening para pendhita lan tinumpangan asta. Nekseni pristiwa wau geter raosing manah: iba ta sucining pristiwa wau.  Nyatitekaken  lelampahan ingkang kasebat ing Yesaya 6, geter manah kita ! Nalika Allah nimbali Yesaya jumeneng nabi, Yesaya nekseni bilih Gusti Allah jumeneng sinartan malaekatiPun. Para malaekatipun sami koor mujekaken ”suci-suci”; ngunjukaken pepujian bab kasucenipun Allah. Saestu lelampahan wau nelakaken sucining swasana patimbalan kanabianipun Yesaya. Inggih sedaya mratelakaken iba ta sucining kalenggahan ingkang katetepaken piyambak dening Allah.

              Kasucening timbalan jalaran anggenipun Allah milih, mething lan nimbali Yesaya ingkang nimbali manungsa najis dipun lilani lelados kagem Allah ingkang Mahasuci. Sucining timbalan wau ugi sinengkuyung dening para malaekatipun Allah lan umatipun.  Punika katitik saking swasananing padaleman suci ingkang sineksenan ngantos horeg. Swasana ingkang makaten wau temen mbuktekaken bilih timbalaning kalenggahan estu wujud timbalan ing satengahing kasucen ingkang sinengker dening Allah. Kadospundi anggenipun Allah makarya nucekaken Yesaya, kacetha saking ayat  6,7 kanthi sanepa wonten mawa mengangah ingkang kasenggolaken ing tutukipun Yesaya.

              Kalenggahan tata kristen boten namung ing bab jabatan-gereja (Pandhita, Pinisepuh lan Diaken). Saestunipun saben tiyang pitados punika katetepaken dening Gusti,nglenggahi kalenggahan,inggih punika dados panungsa ingkang kedah mbiwarakaken Injiling tentrem rahayu. Saben tiyang ingkang tinimbalan makaten wau, kalimputan ing kasucenipun Gusti Allah, inggih sinucekaken dening Gusti srana rahipun sang Kristus. Pramila sumangga nindakaken timbalan kanthi bingah lan matur dhateng Allah kadosdene Yesaya anggenipun matur :”…Aku banjur munjuk: Sumangga,mugi karsaa ngutus kawula…” (ay.8). |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *