+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 1 Mei 2025 Minggu Paskah II

Yesaya 5:11-17; Jabur 30; Wahyu 4:14-22

BINGAH KRANA LUWAR SAKING KARIBEDAN

“Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,pangangge kawula bagor Paduka rucat,kawula lajeng

Paduka sabuki kaliyan kabingahan, …”  (Jabur 30:12-13)

              Awit saking bingahipun saras saking sakit ingkang awrat, pak Naya sabrayat lajeng ngulemi warga ing wilayahipun kangge kempalan pandonga(bidston) caos sukur dhateng Gusti,kapimpin dening bapa Pendhitanipun. Kabingahanipun pribadi dados kabingahaning brayat lan  sapantha warganig pasamuwan,sadaya kaajak ugi sami bebingah.

              MC. Barth lan BA. Pereira  mratelakaken Jabur 30 punika kaanggit nalikanipun juru mazmur mentas nandhang sakit. Sadangunipun sakit ngraosaken beban ingkang awrat sanget, pindha wonten ing juranging pati,mila ngantos sesambat nyuwun kawlasanipun Allah.  Kawontenaning gesangipun ngantos kadosdene gesang mangangge bagor, pratandha kaprihatosan ingkang lebet sanget, ingkang rumaos asor sanget tanpa daya.

              Lah samangke sasampunipun saras, rumaos bilih ingkang nyarasaken tan liya namung Gusti Allah  sang Yehuwah. Gesang ing kasarasan peparingipun Allah karaosaken kadosdene  ngalami gesang malih, gesang ingkang kados sampun ilang, sapunika kapulihaken wangsul saras malih.   Swasananing manah ingkang gumbira, kagambaraken ngantos saged jejogedan, asabuk kabingahan,inggih bingahipun ngantos tanpa upami. Sasampunipun nampi kasarasan, lajeng ngajak sesarengan para sekabatipun bebingah, atur panuwun dhateng Allah (katitik saking pangucap ”lan sampun ngantos kendel kemawon”). Kabingahan krana pangluwar saking Gusti Allah kedah kabiwarakaken dhateng tiyang kathah supados tiyang kathah ugi ngraosaken kasaenanipun Allah.

Punapa ingkang kelampahan ing gesangipun Juru mazmur, paring piwulang dhateng kita  sami para pitados, yen ta kita sami ngraosaken lan nandhang  karibedan, mesthi boten badhe kelampahan salaminipun gesang. Ing pangawasanipun Gusti, kita mesthi badhe kiyat nyanggi kanthi kasabaran lan badhe wonten titi wanci  karampunganipun,uwal saking sadhengah karibedaning gesang. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *