+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 3 Mei 2025 Minggu Paskah II

Purwaning Dumadi 18:1-8; Jabur 30; Lukas 14:12-14

NGAJENG-AJENG BERKAH SAKING ALLAH

“… Yen mangkono kowe bakal rahayu,amarga wong-wong iku kabeh ora padha duwe kang kanggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales

besuk ing dina patangening para wong mursid” ( Lukas 14:13-14)

              Limrahipun tiyang ingkang gadhah damel punika ngulemi tangga-tepalih, mitra-kadang utawi tetiyang ingkang dipun anggep kinurmatan. Dene ingkang mboten tepang, tiyang ingkang sekeng lan drajadipun langkung asor dipun lirwakaken kemawon. Pranyata ing dinten punika kita nampi piwulang ingkang beda! Gusti Yesus mboten ngersakaken kita ngulemi mitra kadang ingkang sugih-sugih kemawon, supados nampi piwales ing tembenipun inggih punika gentos dipun ulemi lan malah nampi sumbangan lan angsal bebathen. Gusti Yesus ngersakaken kita sami ngulemi tiyang ingkang sekeng, cacat, lumpuh lan wuta, tiyang ingkang  boten saged gentos ngulemi. Limrahipun tetiyang ingkang tanpa daya wau sami  dipun lirwakaken dening tiyang sanes. Mila yen Gusrti dhawuh ngulemi golonganing tiyang ingkang ringkih wau, mesthi kemawon boten kanthi maksud supados nampi piwales,nanging supadosa kita migatosaken sesami ingkang ringkih. Sanadyan boten nampi piwales, tetep kita kedah migatosaken! Lah makten rahayunipun tiyang pitados.

              Liripun makaten: ingkang saged ngawontenaken  pista lan ulem-ulem  tentunipun tiyang ingkang cara kajasmanen kacekapan. Yen sampun kacekapan gesangipun, kedahipun purun andum berkah dhateng sesami ingkang tanpa daya; migatosaken tetiyang ingkang dipun lirwakaken dening ngasanes. Tetiyang makaten wau perlu kita pigatosaken, sageda tumut ngraosaken kabingahan kita. Tumindak kita makaten wau sampun ngantos anggadhahi tujuan supados ing tembenipun kita nampi pakurmat utawi nampi piwales saking tetiyang ingkang kagolong ringkih wau.

              Tumindak andum berkah, kedah murni kita tindakaken tanpa wonten motif “mengkone aku mesthi bakal nampa bebathen saka kang dak ulemi”. Andum berkah kedah kita tindakaken supados tetiyang sanes ugi ngraosaken berkahipun Gusti,jalaran kita sampun nampi berkah cekap saking Gusti. Krana kacekapaning gesang, mila mesthinipun boten ngarah kauntungan saking tetiyang sanes. Kosok-wangsulipun kedahipun malah njalari  tiyang sanes samia ngraosaken kabingahan lan kabegjan,jalaran ”di-uwongake”. |*BP 

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *