+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 4 Mei 2025 Minggu Paskah III

L. P. Rasul 9:1-6(7-20); Jabur 30; Wahyu 5:11-14; Yokanan 21:1-19 

BERKAHE GUSTI YESUS KANG WUS WUNGU   

“Simon Petrus banjur munggah ing prau ngentas jalane menyang

ing dharatan,jala iku kebak iwak gedhe-gedhe; nganti satus seket telu kehe”

(Yokanan 21:11) 

Wonten lelampahan, setunggaling karyawan kecuwan dhateng pimpinan lajeng medal saking padamelanipun. Mesakaken sanget tiyang wau jalaran tiyang wau lajeng lonthang-lanthung boten nyambut damel malih. Begja wonten ingkang lajeng mitulungi lan saged nyambut damel malih.

Memper lelampahan wau, wonten sawetawis sekabatipun Gusti Yesus ingkang sajak kuciwa dherek Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun seda. Mbok manawi pikiranipun Simon Petrus “Guruku Yesus wus seda”. Mila lajeng cengkelak kesah ”Aku arep lunga golek iwak”. Lha kok wonten  kancanipun sekawan ingkang ugi nututi, kesah njala ulam! Punika pratandha  g sikep nilar Gustinipun, sampun boten ngandel dhateng Gusti Yesus. Krana tanpa pangandel mila anggenipun pados ulam  sanadyan sedalu muput boten pikantuk.

Gusti Yesus ingkang sampun wungu manggihi Petrus lan kanca-kancanipun jumenenging pinggir seganten lan dhawuh supados wangsul menengah,njala ulam malih ing sisih tengenipun prau. Dhawuh wau dipun lampahi, Petrus lan sekabat sanesipun ngandel dhateng dhawuh pangandikanipun Gusti. Tundhonipun, sami angsal ulam ngantos 153 cacahipun ulam tur ageng-ageng ! Ngantos sami kados sumlengeren, gumun lan temen lajeng tuwuh pangandelipun malih bilih ingkang dhawuh wau Gusti Yesus. Gusti Yesus lajeng ngajak sami sarapan sesarengan. Iba ta  bingahing manah!

Lelampahan ing segara wau memulang kita sami: 1). Gusti  Yesus Putraning Allah pancen temen-temen sampun wungu, gesang lan terus makarya.  Panjenenganipun  mesthi boten badhe ngucuwani kita. Mila sampun ta ngantos nilar Gusti, tetepa pitados bab pangwasaniPun.  2). Kita tetep kadhawuhan makarya, samia mituhu punapa ingkang kadhawuhaken, mesthi kita ngraosaken kasil lan paedahipun. Kadosdene Petrus lan kanca-kancanipun ngraosaken mareming manah angsal ulam kathah lan sarapan sesarengan klayan Yesus, Guru lan Gustinipun; iba ta bingahipun dene dipun parengaken kembul dhahar sesarangan Gusti Yesus. Mila ugi sumangga bebingah dene Gusti Yesus  kersa manunggil klayan kita |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *