Yehezkiel 1: 1-25; Jabur 121; P.Rasul 9:19b-31
NYENGKUYUNG ING BOT-REPOTING LIYAN
“Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane
kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang”.
(Lelakone Para Rasul 9:25)
Kacariosaken sasampunipun Saulus (ing tembe kawentar nama Paulus) mratobat lan kabaptis dening Ananias, piyambakipun kiyeng sanget ngabaraken Injil. Kasregepanipun Saulus ngabaraken Injil nuwuhaken sengitipun tiyang Yahudi lan ngancam patinipun Saulus. Iba ta sengitipun tiyang-tiyang Yahudi ngantos gapuraning kitha dipun jagi, dipun tuguri, dipun awasi sampun ngantos Saulus oncat.
Kapratelakaken bilih Saulus pranyata sampun kathah pendherek utawi siswanipun. Saulus sampun saged mbangun komunitas utawi patunggilan. Awit saking pangwasanipun Gusti,mila para siswanipun wau manunggil ing raos,cancut taliwanda ngluwari Saulus saking nglebet kitha, kanthi cara kados dipun kerek kawadhahan kranjang saking nglebet kitha, dipun andhapaken ing sanjawining kitha. Makaten kasetyaning para siswa, kasetyanipun sedherek sapatunggilan ing sang Kristus ,anggenipun nyengkuyung karepotaning sesami, mbelani Saulus gurunipun.
Bab pakaryanipun Allah ngluwari bot-repoting sesami saking karibedanipun – kados ingkang dipun alami dening Saulus – estunipun sampun wiwit wiwitan mila. Ing kitab Jabur 121, Juru mazmur ugi ngraosaken pengluwaripun Allah saking mawarni-warni karibedanipun. Juru mazmur ngantos tulus ngakeni bilih ingkang paring pitulungan namung Sang Yehuwah. Kasetyanipun Allah anggenipun mitulungi ngantos kaupamekaken Allah “ora nate ngantuk lan ora sare” ( Jabur 121:4).
Ing kanyatan,kula kinten boten wonten manungsa ingkang babar pisan tanpa karibedan. Yen ta kita ngalami utawi ngraosaken karibedan utawi momotan awrat ing gesang punika, sampun ngantos alit ing manah. Pitadosa bilih Gusti Allah kwasa makarya lantaran para sedherek sapatunggilan kita. Komunitas kristen inggih patunggilaning pasamuwanipun Gusti dados mitra kangge nyengkuyung ing bot-repot kita. Mangga tetep semangat! |*BP