II Samuel 6:1-15; Jabur 118:1-2, 14-24; Lukas 24:1-12
MBOTEN NANDUKAKEN PIWALES
“Bokmenawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki
lan Panjenengane males kabecikan marang ingsung minangka lirune anggoningsung diipat-ipati ing dina iki.”
(II Samuel 6:12)
Dinten menika Sang Nata Israel ingkang agung lan luhur kaasoraken dening Simei, satunggaling tiyang saking kalawangsanipun prabu Saul. Simei ndakwa bilih Dawud ingkang nyedani Saul. Simei ugi moyoki, ngipat-ipati lan nyawati sela Dawud lan para abdinipun. Menika pangina ingkang luar biasa. Kadospundi Dawud nanggapi sedaya pangina lan bab-bab ingkang ngasoraken martabatipun minangka sang nata? Dawud milih ngejaraken. Dawus milih ngalah tinimbang nandukaken piwales. Kenging menapa Dawud mboten nandukaken piwales? Menapa Dawud ajrih? Tamtu kemawon mboten! Nglawan Goliat kemawon wantun, menapa malih nglawan Simei ingkang dede sinten-sinten. Sacara status, wekdal menika Dawud minangka ratu Israel temah sejatosipun piyambakipun kagungan alesan kangge ndhatengaken paukuman tumrap Simei adhedhasar tumindak pangina menika. Menapa malih, para bala tantra pilihan Dawud sampun nyuwun idi kangge mejahi “segawon pejah” menika. Mboten nandukaken piwales awit pancen mboten nggadhahi kekiyatan kangge nandukaken piwales menika limrah, ananging mboten nandukaken piwales kamangka nggadhahi kekiyatan menika nembe luar biasa.
Dawud estu ngrumaosi bilih sedaya perkawis wonten ing kendalinipun Gusti, pramila milih kangge masrahaken ing astanipun Gusti. Dawud mboten namung kasil ngendhaleni dhirinipun ananging ugi nggadhahi sikep manah ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Nalika Gusti Yesus kapoyok supados mandhap saking kajeng salib, iba gampilipun nedahaken pangwaosipun minangka Putraning Allah (Mat. 27:40). Ananging Gusti Yesus milih kangge ngapunteni tiyang-tiyang menika. Menapa kita inggih nate ngalami kados Dawud? Ngalami pangina, kaasoraken, kaaniaya, ngalami tumindak mboten adil, lan dipun sakiti? Sumangga kita nuladha Dawud, nggadhahi sikep ingkang leres. Wonten kalanipun katimbang mbudidaya mbuktekaken sinten ta kita, langkung prayogi kita ngalah lan ngapunteni. Gusti mberkahi kita. |*SAR