+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 24 April 2025 Minggu Paskah I

I Samuel 17:1-23; Jabur 150; Lelakone Para Rasul 5:12-16

HALELUYA

“Haleluya! Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene! … Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. Haleluya!”

(Jabur 150:1a, 6)

              Jabur 150 punika dipun wiwiti kanthi tembung “haleluya” lan dipun pungkasi kanthi tembung “haleluya”. Ing gesang padintenanipun tiyang Kristen, tembung haleluya menika populer sanget. Ing pangibadah-pangibadah, ing pepujen, ing pandonga, ing khotbah, tembung haleluya asring kita pireng. Ing gesang padintenan, tembung haleluya asring dipun ucapaken nalika nalika mireng kabar sae. Malah, tumrap saperangan tiyang, tembung haleluya dados latah. Boten wonten sabab musababipun, ngucapaken haleluya. 

              Haleluya saking basa Ibrani, “hallelu” lan “yah”. Hallelu minangka jamakipun saking tembung “halla” ateges manembah, ngaturaken matur nuwun, surak-surak ing Gusti. Tembung “yah” ing basa Ibrani ateges Gusti (saking tembung Yahweh). Haleluya ateges puji Gusti. Kita kedah memuji Gusti awit Panjenengane sampun mratelakaken kakiyatan lan kaluhuranipun ingkang ngedab-edabi (ay. 2). Menawi kita ningali pakaryanipun Gusti ing gesang kita, mila mboten wonten malih alesan kangge mboten memuji Gusti. Inggih namung umat ingkang boten mangertos raos pamaturnuwun ingkang mboten memuji Gusti.

              “Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. Haleluya!” (ay.6). Ayat menika ngemot teges bilih saben denyut nadi lan ambekan kita, sampun sakmesthiniun kita memuji Gusti. Memuji Gusti ing sadhengah wekdal lan kawontenan. Nalika kita wonten ing kawontenan sae menapa dene ing kawontenan ingkang mboten sae. Nalika kita pikantuk, menapa dene nalika kita kelangan. Nalika kita binerkahan, nanging ugi nalika kita sangsara. Nalika kita sehat, nanging ugi nalika kita sakit. Memuji Gusti ing sadhengah kawontenan nedahaken kapitadosan kita bilih Gusti Allah ingkang mranata tumraping gesang kita lan atasing jagad raya. Kapitadosan mekaten menika ingkang andamel Gusti lajeng kepareng mirsani kita lan dhatengaken berkah ing gesang kita. Haleluya! | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *