Yehezkiel 37:15-28; Jabur 100; Wahyu 15:1-4 GUSTI ALLAH KWASA MANUNGGILAKEN “Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe, bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe… ora najisake awake maneh klawan para brahalane…” (Yehezkiel 37:21,23) Sampun dangu Israel,umatipun Allah dados kalih krajan (Israel sisih ler lan kidul). Allah makarya badhe manunggilaken kalih krajan wau dados setunggal malih. Tumrap rancanganipun Allah wau, kaweca dening nabi Yehizkiel. Ing tetingalanipun. Nabi Yehizkiel nekseni wonten kalih lembar blabag. Setunggal kaserat tulisan “Kanggo Yehuda lan sabangsa Yehuda”, dene lembar sanesipun sinerat “kanggo Yusuf lan sabangsa Israel”, inggih Israel sisih ler (ay.15-19). Menggah katranganipun kasebat ing ayat 21-23, bilih kalih krajan wau badhe katunggilaken malih dening Allah. Pameca punika bukti kasetyanipun Allah; inggih Allah ingkang sampun nimbali Israel dados umat kagunganipun. Sejarah mbuktekaken bangsa Israel wau pepisahan dados kalih krajan krana wangkoting umatipun lan krana masalah politik. Saestunipun kanyatan pepisahan punika boten dados kersanipun Allah. Inggih awit saking kasetyanipun Allah, ing tembenipun kalih krajan wau kadadosaken setunggal bangsa malih. Prakawis makaten wau mbuktekaken bilih Allah kersa ngapunteni dosa lan kalepatanipun umat Israrel. Rentahing palimirmanipun Allah makaten wau cundhuk klayan pratelan ing Jabur 100:5 bilih “Pangeran iku kecik, sih-kasetyane iku kanggo ing salasawe lan lestari turun-tumurun”. Ugi mbuktekaken anggenipun Allah mungkasi paukumaniPun kados pratelan ing kitab Wahyu 15:1b ”… ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah”. Dumugi titi wancinipun Allah ngendgek paukumanipun, karsa ngapunteni lan mulihaken malih kawontenanipun umat sawetahipun. Pangandikanipun Gusti ngiyataken pitados kita ing bab kasetyanipun Allah. Yen Allah sampun nimbali, miji tetiyang – kalebet kula lan panjenegan – kangge dados umat kagunganipun, Gusti tetep setya ing pepilihanipun wau. Mila saupamia kita ngantos dhumawah ing dosa jalaran ndlarung saking margining Allah, mesthi Allah nimbali kita malih ing pangrengkuhipun. Kita ugi mesthi tetep dados patunggilaning para pitados salaminipun ing pundia kemawon. |*BP
Ahad, 11 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Lelakone Para Rasul 9:36-43; Jabur23; Yokanan 10:22-30 PITULUNGAN INGKANG PARIPURNA “Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: Tabita, tangia! … Tumuli tangane diasta dening rasul Petrus, dibantu anggone ngadeg”. (L. Para Rasul 9: 40,41) Wonten tiyang nami Tabita utawi Dormas manggen ing Lida, kawentar remen dedana,aksi sosial, mila kathah tiyang ngurmati. Ibu Tabita wau nandhang sakit akhiripun tilar donya. Krana urmatipun shateng ibu wau kathah tiyang sami layat, asung bela raos lan tansah kengetan kasaenanipun kala taksih gesang. Inggih krana tresnanipun ugi tiyang-tiyan, ngantos nyowani rasul Petrus ingkang nedheng wonten ing Yope sesambat supados ngrawuhi griyanipun Tabita ing Lida. Rasul Petrus tindak mrika. Rasul Petrus ndedonga lan awit saking sih saha pangwasanipun Gusti Yesus, Tabita utawi Dorkas wau katangekaken saking tilar donyanipun. Rasul Petrus boten namung alok-alok saking katebihan, nanging ugi nyelaki, aben-ajeng klayan kunarpanipun Tabita malah lajeng ngglawat, nyepeng tanganipun Tabita supados ngadeg. Tabita rak sampun sakit langkung rumiyin, mila mesthi badanipun ringkih, lemes lan perlu dipun lawati anggenipun tangi. Saestu rasul Petrus mitulungi boten tanggung-tanggung, boten namung ngandika ”tangia!”. Boten makaten! Rasul Petrus nyepeng tanganipun Tabita, sung pitulugan ngantos saged ngadeg malih! Punika mratandhani kalih bab: kapisan temen-temen Gusti paring wohing pakartinipun Tabita, anggenipun sampun suka pambiyantu dhateng tiyang lantaran sandhangan ketrampilanipun. Kaping kalihipun, pitulunganipun Gusti lantaran rasul Petrus paripurna,boten namung urip malih, saged melek, nanging ngantos ugi saged ngadeg. Kanthi pitulungan ingkang ngantos makaten wau, dados paseksi ing ngajenging tiyang kathah, yen pitulungan wau temen-temen paripurna. Pinangka tiyang kristen inggih para kagunganipun Gusti, kita mesthi dhemen suka pitulung! Mugi-mugi makaten! Ewasamenten kadhangkala sung pitulung kita taksih winates ing sikap alok-alok, ngandhani, suka pitedah utawi suka pamrayogi kemawon. Pakaryanipun rasul Petrus paring tuladha bab pitulungan boten namung mandheg dumugi ing pamicara utawi pangandika kemawon, nanging sageda ngantos dumugi ing tumindak nyata jumbuh kaliyan kabetahanipun tiyang sanes. |*BP
Setu, 10 Mei 2025 Minggu Paskah III
Yehezkiel 20:39-44; Jabur 23; Lukas 12:29-32 PANGRUKTINIPUN GUSTI (2) “Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula, sirah kawula paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mencep-mencep”. (Jabur 23:5) Kala wingi kita sampun katuntun ing pangaken bilih Allah ngrukti kagunganipun nalika nedheng berjuang kiprah ing sajawining bale griya. Perjuangan kita ing pundia kemawon, dipun gatosaken dening Allah. Kita boten namung kebak kabingahan nampi berkah, nanging dipun atag kangge ngraos-raosaken iba ta agenging berkahipun Gusti Allah. Pangruktining Allah pranyata ugi kelampahan ing swasananing bale griya. Ing kanyatan tetiyang ingkang memengsahi anggenipun mbujeng boten namung ing papan njawi griya ngrika, nanging ngantos ugi ing nglebet griya ngriki. Sampun dados kabudayan limrah bilih tamu mesthi dipun lindhungi, dipun amping-ampingi, dipun belani dening ingkang kagungan dalem. Juru mazmur nggambaraken bilih Allah pindha ingkang kagungan dalem , karsa ngamping-ampingi, njagi, melindhungi tamunipun saking mengsah ingkang tansah mbujeng lan ngancam tamu wau. Juru mazmur kadosdene tamuipun Gusti Allah. Anggenipun Gusti Allah mbelani ngantos karsa nata pasegahan,nyugata tamunipun wau. Boten namung dhedhaharan nanging ugi unjukan lan ubarampe pista saklimrahipun. Punika mralambangaken iba ta ingkang kagungan dalem ngurmati tamunipun; inggih Gusti Allah nampi kebak ing kabingahan lan bukti anggenipun njagi , ngamping-ampingi ,anggenipun melindhungi tamu wau ngantos temu rumaos aman, ayem-tentrem. Pramila jurumazmur ngantos munjuk ““Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula, sirah kawula paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mencep-mencep”. Sabda wau dados piwulang adi tumrap kita bilih pangruktinipun Allah,anggenipun Allah ngrimati,njagi lan mbelani kita para pitados boten namung nalika kita nedheng makarya berjuang mrika-mriki. Nanging ugi nganros nalikanipun kita nedheng kinupeng dening tetiyang ingkang sengit dhateng kita, ingkang memengsahi kita. Inggih kita manungsa begja, ing pundia kemawon, ing swasana kados punapaa kemawon, pangrimat, panjagi lan anggenipun Allah mbelani boten nate mandheg. Mangga sami mbangun pitados makaten lan tansah bingah! |*BP
Jemuwah, 9 Mei 2025 Minggu Paskah III
Yehezkiel 20:39-44; Jabur 23; Wahyu 6:1-7:4 PANGRUKTINIPUN GUSTI (1) “Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa, aku diplengungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem…” ( Jabur 23:1,2) Sinten ingkang maos kitab Jabur 23 inggih kitab kawentar punika mesthi manahipun kraos ayem-tentrem. Dawud panganggitipun Jabur punika wiwit anem dados pangen, lan krana makaten saben dinten ngraosaken rekaosing padamelanipun. Kedah ngrimati sedaya mendanipun, saking ingkang sampun sepuh, diwasa, ingkang nedheng ngandheg, ingkang taksih dhere lan cempe-cempenipun. Ugi ngadhepi predator kewan memangsa. Pangen kedah mangertosi dunungipun pasuketan lan sumber toya ing tengahing ara-ara. Panganthi, pangruktinipun Allah karaosaken saestu dening Dawud, kados nalika taksih dados pangen. Punika karaosaken sae nalika wonten ing sajawining griya punapa dene ing lebet griya. Ing sajawining griya, Allah nenuntun,ngirid lan nyekapi sedaya kabetahanipun para menda. Allah sang Pangen satuhu tansah kagungan inisiatif, ngirid Dawud, kapapanaken kados dene menda ing pasuketan, katuntun dhateng sumbering toya. Sedaya wau kangge nyekapi kabetahaning para mendanipun. Pranyata menda-menda boten terus-terusan nyenggut kemawon. Nanging Allah kersa mlengungaken para menda ing pasuketan. Tegesipun para menda dipun peksa sami ngaso sawetawis, boten terus dhingluh nyenyenggut tanpa ngraosaken nikmatipun rerumputan ing ngriku. Ing wekdal ngaso sawetawis wau, saged nggayemi, kados-kados ngraosaken iba ta nikmatipun tetedhan wau.Kula nggegambar: nggayemi, lajeng tetedhan dipun leg, mak glug, nikmat! Makaten salajengipun, nembe gumregah ngadeg lajeng nyenggut malih. Gesang kita ugi boten sepen ngadhepi tantangan lan masalah. Ewasemanten Sabdanipun Gusti memulang kita cetha sanget bilih pangrimatipun Allah boten nate mandheg. Nanging wonten kalamangsanipun kita ugi perlu ngraosaken nikmatipun berkah saking Allah kanthi cara manah-manah ing swsana hening, refleksi dhiri,ngraos-raosaken nikmatipun berkah saking Allah kados dene para menda ingkang dipun plegugaken dening Allah ing pasuketan kangge ngraos-ngraosaken iba agenging berkahipun Allah. Begja dene kita dados menda ngen-ngenanipun Gusti Allah. |*BP
Kemis, 8 Mei 2025 Minggu Paskah III
11:1-25; Jabur 23; Wahyu 5:1-10 KEKERANING KAWILUJENGAN SAMPUN KABIKAK “Banjur ana pinitua kang ngandika…”kowe aja padha nangis ! Lah sang Singa kang saka trah Yahuda,yaiku sogolane sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu”. (Wahyu 5:5) Sasampunipun Rasul Yokanan nggambaraken kawontenaning pasamuwan-pasamuwaning jagad ngriki (Wahyu bab 1-4), salajengipun Wahyu Yokanan nggambaraken swasanipun swarga ingkang kineker, ingkang kebak rahasia (Bab 5). Kasebat swasanaing kaswargan wau pindha gulungan kitab ingkang kasegel,boten wonten ingkang mangertosi isinipun punapa. Yen gulunganing kitab ingkang kasegel boten dipun bikak, lah rak boten wonten paedahipun? Mila malaekat nguwuh kanthi sora: ”Sapa kang sembada ngudhari…” lan wonten pratelan ”Aku tumuli nangis kelara-lara”. Sukor bage dene wonten pinisepuh ingkang ngeyem-yemi, nglelipur ”kowe aja padha nangis..!”. Wonten ingkang kwasa mbikak gulungan kitab wau,ngletheki segel-segelipun. Ingkang kwasa mbikak segel wau, inggih punika trahipun prabu Dawud,ingkang ugi jumeneng Sang Cempening Allah. Punika nelakaken bilih sang Cempening Allah ingkang sampun ngorbanaken DhiriniPun ngantos seda lan wungu malih. Panjenenganipun sampun unggul saking pati lan ngasa pangwasa langgeng. Namung wonten ing pangwasanipun Kristus, kitab ingkang kineker wau saged kabikak. Sinareng sampun kabikak, punapa ta isining kitab wau ? Juru tafsir G. R. Beasley-Murray, nerangaken isining kitab wau sedaya cathetan pakaryanipun Allah sapanjanging sejarah, cathetan wau nelakaken kamulyanipun Allah sapanjanging zaman ngantos dumugi sang Cempening Allah kamulyakaken. Krana kekeran wau sampun kabikak, mila sadaya sami sumyak kekidungan,ngidungaken kidung anyar: ”Suci-suci,suci Pangeran Allah ingkang Mahakawasa, ingkang rumiyin winten, ing samangke wonten saha ingkang badhe rawuh” ( ay.10-11). Katranganing kitab Wahyu wau saya neguhaken pangandel kita bilih estunippun kita para pitados sami klebet ing cathetan kamulyanipun Allah. Mila tansaha kebak ing kabingahan dherek Gusti Yesus kinanthenan pepujian Suci, suci, suci, Allah ingkang tansah ngrimati lan mberkahi . |*BP
Rebo, 7 Mei 2025 Minggu Paskah III
Yesaya 6:1-8; Jabur 120; Lukas 5:1-11 AWATAK RUKUN “Wus cukup suwe pamanggunku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan. Aku iki dhemen rukun,nanging saben ana pangucapku, wong ing kono iku banjur padha ngajak perang”. (Jabur 120:6,7) Tetembungan “rukun agawe santosa, crah agawe bubrah” ing madyaning gesang sesarengan mila leres. Santosaning gesang sesarengan ing masyarakat kangge nggayuh tentrem rahayu saged kadumugen yen tiyang setunggal lan setunggalipun sami rukun. Mila sanadyan gesang ing tengah-tengahing tetiyang lan masyarakat ingkang boten remen dhateng karukunan, Juru mazmur anggadhahi sikep dhemen rukun lan ngudi karukunan. Ananging kathah tiyang ingkang boten remen tata rukun, kabukten saking pratelan saben-saben Juru mazmur micara mekaten, tanggapanipun malah ngajak tukar paben, ngajak prang. Kawontenan ingkang kados makaten temtu kemawon dadosaken swasana ayem tentrem boten badhe kadumugen. Ing sakawit,kados-kados juru mazmur rumaos kuciwa dene dipun papanaken dening Gusti ing satengahing bangsa manca.Bangsa ingkang lampah lan tandang damelipun awon, bangsa ing tanah Mesekh lan kiwa-tengenipun, inggih bangsa ingkang kawentar lampahipun kasar, sikapipun dhemen dora. Ing swasananing manah rumaos kuciwa makaten, begja dene juru mazmur enget dhateng Allah lan nyenyuwun dhateng Allah supados katebihna saking lampah awon wau. Tundhanipun juru mazmur saged ngucap“Aku iki dhemen rukun,nanging saben ana pangucapku, wong ing kono iku banjur padha ngajak perang “.Pratelan makaten wau mbuktekaken yen juru mazmur boten katut dhawah ing lampah awon, tetep kemawon nelakaken sikep rukun dhateng sintena kemawon. Juru mazmur tetep kemawon mbangun karukunanlan bedhamen sanadyan tetiyang sakiwatengenipun sajak serik jalaran boten remen dhateng lumampahing karukunan. Juru mazmur paring piwulang adi dhateng kita sami para tiyang pitados: sumangga sami mbangun watak karukunan, dhemen rukun lan tansah andon pirukun. Watak rukun terus-terusan kedah kita pratelakaken, kedah terus kita udi ,tetep dados perjuangan kita supados kawontenaning bebrayan agung ing jagad punika saged pinanggih kaayeman lan katentreman. |*BP
Slasa, 6 Mei 2025 Minggu Paskah III
Yesaya 6:1-4; jabur 30; Lukas 14:12-14 ALLAH INGKANG MITULUNGI “Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi”. (Jabur 121:2) Cara etanganipun, tumrap kula lan panjenengan, pundi ingkang langkung kathah gunggungipun ing gesang kita? Ngraosaken berkah lan nampi pitulungan punapa kapitunan ingkang lajeng njalari kita ngraosaken panandhang? Yen ta kita jujur mesthi badhe etang-etangan: “luwih okeh ngrasakake berkah”. Cara kapitadosan Kkristen, berkah ingkang kita tampi punika asalipun saking Gusti Allah lan Panjenenganipun kuwaos ngagem sintena kemawon kangge ngesokaken berkahipun. Ngambali malih pratelanipun kitab Jabur 121 ingkang sampun saperangan sampun kita tampi kala wingi, pranyata juru mazmur ngakeni ingkang mitulungi namung Sang Yehuwah. Kasetyanipun Allah anggenipun mitulungi ngantos kaupamekaken Allah “ora nate ngantuk lan ora sare” (Jabur 121:4). Inggih anggening Allah ngreksa lan njagi tanpa wonten mandhegipun. Juru mazmur kados mbandhingaken Gusti Allah kaliyan dewa Baal. Ing jamanipun raja Akhab umat sami nyembah Baal dados sesembahanipun. Nabi Elia ing redi Karmel lelawanan klayan Baal, allah sesembahanipun. Jebulipun Baal boten saged punapa-punapa, babar pisan boten tumindak mbelani para ingkang sami nyembah (I Para Raja 18:27). Kabandhingaken kaliyan Baal ingkang boten ndayani panapa-punapa mila temen-temen Allah sang Yehuwah kagungan kwasa ingkang nyata. Pangwasanipun Allah inggih punika tumindak paring pitulungan. Allah ingkang nitahaken langit lan bumi,mitulungi kanthi anggenipun ngayomi (ay.5), anggenipun nganthi ing sadhengah wekdal: ing wanci siang lan dalu (ay.6) Allah ngreksa saking bilai krana tetiyang ingkang nglawan lan saking tantangan alam (ay.7,8). Dhedhasar sabda dinten sapunika, kita kaajak yakin-ul-yakin bililih Allah temen-temen migatodsaken kita. Punujia Gusti Allah. |*BP
Senen, 5 Mei 2025 Minggu Paskah III
Yehezkiel 1: 1-25; Jabur 121; P.Rasul 9:19b-31 NYENGKUYUNG ING BOT-REPOTING LIYAN “Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang”. (Lelakone Para Rasul 9:25) Kacariosaken sasampunipun Saulus (ing tembe kawentar nama Paulus) mratobat lan kabaptis dening Ananias, piyambakipun kiyeng sanget ngabaraken Injil. Kasregepanipun Saulus ngabaraken Injil nuwuhaken sengitipun tiyang Yahudi lan ngancam patinipun Saulus. Iba ta sengitipun tiyang-tiyang Yahudi ngantos gapuraning kitha dipun jagi, dipun tuguri, dipun awasi sampun ngantos Saulus oncat. Kapratelakaken bilih Saulus pranyata sampun kathah pendherek utawi siswanipun. Saulus sampun saged mbangun komunitas utawi patunggilan. Awit saking pangwasanipun Gusti,mila para siswanipun wau manunggil ing raos,cancut taliwanda ngluwari Saulus saking nglebet kitha, kanthi cara kados dipun kerek kawadhahan kranjang saking nglebet kitha, dipun andhapaken ing sanjawining kitha. Makaten kasetyaning para siswa, kasetyanipun sedherek sapatunggilan ing sang Kristus ,anggenipun nyengkuyung karepotaning sesami, mbelani Saulus gurunipun. Bab pakaryanipun Allah ngluwari bot-repoting sesami saking karibedanipun – kados ingkang dipun alami dening Saulus – estunipun sampun wiwit wiwitan mila. Ing kitab Jabur 121, Juru mazmur ugi ngraosaken pengluwaripun Allah saking mawarni-warni karibedanipun. Juru mazmur ngantos tulus ngakeni bilih ingkang paring pitulungan namung Sang Yehuwah. Kasetyanipun Allah anggenipun mitulungi ngantos kaupamekaken Allah “ora nate ngantuk lan ora sare” ( Jabur 121:4). Ing kanyatan,kula kinten boten wonten manungsa ingkang babar pisan tanpa karibedan. Yen ta kita ngalami utawi ngraosaken karibedan utawi momotan awrat ing gesang punika, sampun ngantos alit ing manah. Pitadosa bilih Gusti Allah kwasa makarya lantaran para sedherek sapatunggilan kita. Komunitas kristen inggih patunggilaning pasamuwanipun Gusti dados mitra kangge nyengkuyung ing bot-repot kita. Mangga tetep semangat! |*BP
Ahad, 4 Mei 2025 Minggu Paskah III
L. P. Rasul 9:1-6(7-20); Jabur 30; Wahyu 5:11-14; Yokanan 21:1-19 BERKAHE GUSTI YESUS KANG WUS WUNGU “Simon Petrus banjur munggah ing prau ngentas jalane menyang ing dharatan,jala iku kebak iwak gedhe-gedhe; nganti satus seket telu kehe” (Yokanan 21:11) Wonten lelampahan, setunggaling karyawan kecuwan dhateng pimpinan lajeng medal saking padamelanipun. Mesakaken sanget tiyang wau jalaran tiyang wau lajeng lonthang-lanthung boten nyambut damel malih. Begja wonten ingkang lajeng mitulungi lan saged nyambut damel malih. Memper lelampahan wau, wonten sawetawis sekabatipun Gusti Yesus ingkang sajak kuciwa dherek Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun seda. Mbok manawi pikiranipun Simon Petrus “Guruku Yesus wus seda”. Mila lajeng cengkelak kesah ”Aku arep lunga golek iwak”. Lha kok wonten kancanipun sekawan ingkang ugi nututi, kesah njala ulam! Punika pratandha g sikep nilar Gustinipun, sampun boten ngandel dhateng Gusti Yesus. Krana tanpa pangandel mila anggenipun pados ulam sanadyan sedalu muput boten pikantuk. Gusti Yesus ingkang sampun wungu manggihi Petrus lan kanca-kancanipun jumenenging pinggir seganten lan dhawuh supados wangsul menengah,njala ulam malih ing sisih tengenipun prau. Dhawuh wau dipun lampahi, Petrus lan sekabat sanesipun ngandel dhateng dhawuh pangandikanipun Gusti. Tundhonipun, sami angsal ulam ngantos 153 cacahipun ulam tur ageng-ageng ! Ngantos sami kados sumlengeren, gumun lan temen lajeng tuwuh pangandelipun malih bilih ingkang dhawuh wau Gusti Yesus. Gusti Yesus lajeng ngajak sami sarapan sesarengan. Iba ta bingahing manah! Lelampahan ing segara wau memulang kita sami: 1). Gusti Yesus Putraning Allah pancen temen-temen sampun wungu, gesang lan terus makarya. Panjenenganipun mesthi boten badhe ngucuwani kita. Mila sampun ta ngantos nilar Gusti, tetepa pitados bab pangwasaniPun. 2). Kita tetep kadhawuhan makarya, samia mituhu punapa ingkang kadhawuhaken, mesthi kita ngraosaken kasil lan paedahipun. Kadosdene Petrus lan kanca-kancanipun ngraosaken mareming manah angsal ulam kathah lan sarapan sesarengan klayan Yesus, Guru lan Gustinipun; iba ta bingahipun dene dipun parengaken kembul dhahar sesarangan Gusti Yesus. Mila ugi sumangga bebingah dene Gusti Yesus kersa manunggil klayan kita |*BP
Setu, 3 Mei 2025 Minggu Paskah II
Purwaning Dumadi 18:1-8; Jabur 30; Lukas 14:12-14 NGAJENG-AJENG BERKAH SAKING ALLAH “… Yen mangkono kowe bakal rahayu,amarga wong-wong iku kabeh ora padha duwe kang kanggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid” ( Lukas 14:13-14) Limrahipun tiyang ingkang gadhah damel punika ngulemi tangga-tepalih, mitra-kadang utawi tetiyang ingkang dipun anggep kinurmatan. Dene ingkang mboten tepang, tiyang ingkang sekeng lan drajadipun langkung asor dipun lirwakaken kemawon. Pranyata ing dinten punika kita nampi piwulang ingkang beda! Gusti Yesus mboten ngersakaken kita ngulemi mitra kadang ingkang sugih-sugih kemawon, supados nampi piwales ing tembenipun inggih punika gentos dipun ulemi lan malah nampi sumbangan lan angsal bebathen. Gusti Yesus ngersakaken kita sami ngulemi tiyang ingkang sekeng, cacat, lumpuh lan wuta, tiyang ingkang boten saged gentos ngulemi. Limrahipun tetiyang ingkang tanpa daya wau sami dipun lirwakaken dening tiyang sanes. Mila yen Gusrti dhawuh ngulemi golonganing tiyang ingkang ringkih wau, mesthi kemawon boten kanthi maksud supados nampi piwales,nanging supadosa kita migatosaken sesami ingkang ringkih. Sanadyan boten nampi piwales, tetep kita kedah migatosaken! Lah makten rahayunipun tiyang pitados. Liripun makaten: ingkang saged ngawontenaken pista lan ulem-ulem tentunipun tiyang ingkang cara kajasmanen kacekapan. Yen sampun kacekapan gesangipun, kedahipun purun andum berkah dhateng sesami ingkang tanpa daya; migatosaken tetiyang ingkang dipun lirwakaken dening ngasanes. Tetiyang makaten wau perlu kita pigatosaken, sageda tumut ngraosaken kabingahan kita. Tumindak kita makaten wau sampun ngantos anggadhahi tujuan supados ing tembenipun kita nampi pakurmat utawi nampi piwales saking tetiyang ingkang kagolong ringkih wau. Tumindak andum berkah, kedah murni kita tindakaken tanpa wonten motif “mengkone aku mesthi bakal nampa bebathen saka kang dak ulemi”. Andum berkah kedah kita tindakaken supados tetiyang sanes ugi ngraosaken berkahipun Gusti,jalaran kita sampun nampi berkah cekap saking Gusti. Krana kacekapaning gesang, mila mesthinipun boten ngarah kauntungan saking tetiyang sanes. Kosok-wangsulipun kedahipun malah njalari tiyang sanes samia ngraosaken kabingahan lan kabegjan,jalaran ”di-uwongake”. |*BP
