Wulang Bebasan 2:1-5; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 15:36-41 NGUPADI KAWICAKSANAN “… manawa iku kok upaya kaya golek salaka lan pangoyakmu kaya mburu raja brana kapendhem kowe bakal nemu pangreten bab wedi asih marang Pangeran Yehuwah … ” (Wulang Bebasan 2:4-5) Kitab Wulang Bebasan anggitanipun Suleman punika katelah kitab kawicaksanan; ngewrat piwulang bab kawicaksanan. Bab 1 ngantos Bab 9, kitab punika ngewrat tigawelas piwulang magepokan kaliyan kawicaksanan. Dene waosan ing dinten punika, dados peranganing piwulang kaping kalih bab kawicaksanan. Estunipun kawicaksanan, pangerten, kawruh lan kapinteran mila kedah dipun upadi dening manungsa. Usahanipun manungsa kangge nggayuh kawicaksanan,kedah tumemen. Kaupamekakan kadosdene tiyang ingkang mburu harta karun (raja brana kang kapendhem) utawi pados salaka. Harta karun lan salaka punika barang-barang ingkang pengaji, ajinipun linangkung.Mila saderengipun manggihaken boten badhe mandheg anggenipun ngupadi. Punika nyanepakaken anggenipun manungsa ngupaya kawicaksanan kedah serius. Kedah purun mirengaken piwulanging sabdanipun Gusti kanthi sakatogipun, wani ngetog dayaning nalar/intelektual, ugi kinanthenan sikap moral ingkang inggil; saged ngendhaleni emosi lan anggenipun ngudi linandhesan sikep lembah manah. Manungsa sampun ngantos gumunggung jalaran sedayanipun punika peparing saking Allah. Inggih, manungsa mbudidaya, ananging ingkang nemtokakaken lan paring namung Gusti Allah (ayat 6) Menggah tujuanipun manungsa ngudi kangge nggayuh kawicaksanan, kasebut ing ayat 5 bilih kita ajrih asih dhateng Gusti Allah lan mangertos bab agunging pangwasanipun Allah. Carios ing kitab Para Rasul 15:36-42, mbuktekaken anggenipun para rasul ngrampungi prekawis bab gesehing sikep antawisipun Paulus lan Barnabas linandhesan anggenipun pasrah dhateng kersanipun Allah, kanthi neges kersanipun Gusti Allah. Lajeng sami mbangun bedhamen supados Injil tetep kagelaraken! Tiyang wicaksana ketitik anggenipun ajrih asih dhateng Allah, setya ing iman dhateng Gusti Allah lan ngluhurakan pangwasanipun Allah. Ing Matius 6:33 Gusti Yesus ngandika: ”Kratoning Allah lan kasampurnane, iku upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe”. Ngudi bab Kratonipun Allah dados landesaning gesangipun. Lah punika sikepipun tiyang ingkang wicaksana. |*BP Jemuwah, 23 Mei 2025 Minggu Paskah V Wulang Bebasan 2:6-8; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 16:1-18 JALARANIPUN DADOS TIYANG PITADOS “Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening rasul Paulus”. (L. Para Rasul 19:14b) Kathah paseksi kados pundi tetiyang kok ngantos dados tiyang kristen, pitados dhateng Gusti Yesus Kristus sang Juruwilujengipun. Wanci punika kita nampi paseksi ingkang dipun cariosaken dening Lukas bab wontenipun tiyang estri nama Lidhia, bakul kain wungu ing kitha Tiatira. Tiyang wau cetha tiyang Yahudi (agama Yahudi) ingkang nembe nglempak sesarengan ibu-ibu sanesipun ing Sinagoge (papan pangibadah Yahudi). Ibu Lidhia punika bekti ing Allah (mursid), tegesipun gesang miturut angger-anggering Toret. Nalika rasul Paulus memulang (khotbah), lha ibu wau kok purun mirengaken! Ibu Lidhia ngugemi agami Yahudi, taat dhateng isining kitab Toret. Nanging kok purun mirengaken khotbahipun rasul Paulus bab Gusti Yesus ! Ing tembenipun Lidhia kabaptis, tegesipun dados tiyang pitados dhateng Gusti Yesus, dados tiyang kristen, tiyang ingkang nilar agaminipun Yahudi. Punapa Lidhia pancen tertarik dhateng kekristenan? Punapa Lidhia kasengesem dhateng piwulang utawi khotbahipun Paulus? Pranyata boten makaten! Lukas paring paseksi anggenipun Lidhia purun mirengaken piwulangipun Paulus pranyata “atine wis binuka dening Gusti”. Inggih Gusti Mahakwasa lanMaha asih, ingkang narbuka pikiran lan manahipun Lidhia,nganrtos purun mirengaken Injiling sang Kristus ingkang kawulangaken dening Paulus. Inggih krana manahipun binuka dening Gusti, lajeng kabaptis dalah sa-brayatipun. Krana Allah narbuka Lidhia, mila ibu wau dados tiyang pitados! Salajengipun angge mbuktekaken pitadosipun, Lidhia ngaturi lan rombonganipun Paulus rawuh ing griyanipun; sajakipun syukuran! Iba begjanipun tiyang ingkang tinarbuka manahipun dening Gusti Yesus , ngantos purun mirengaken sabdaniPun lan akhiripun pitados. Estunipun tiyang ingkang temen-temen purun mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, punika pratanda yen tiyang wau manahipun sampun kabuka dening Gusti. Mirengaken tegesipun migatosaken,manah-manah,merenungkan bilih pangandikanipun Gusti mila leres lan kebak pangwasa,lajeng nindakaken ing padintenanipun. Sabda ingkang dipun pirengaken lan dipun pigatosaken punika saya nambah kandeling pitados, iman boten badhe miyar-miyur ngadhepi sedaya jinising godhan. Mugi Gusti piyambak ingkang nyempuluraken pitados kita! |*BP Setu, 24 Mei 2025 Minggu Paskah V Wulang Bebasan 2:9-15; Jabur 67; Lukas19:1-10 ALLAH MIGATOSAKEN SADAYA BANGSA “Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Pajenengane muga kersaa nyunari kita kalawan wedanane, supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya” (Jabur 67:2,3) Padatanipun umat Israel ngrepekaken Jabur 67 ing riyaya Tancebing Tarub (Pondok Daun) kangge nggunggung memuji Allah ingkang kwasa milujengaken, ingkang paring sih rahmat dhateng umatipun lan dhateng bangsa-bangsa sanes. Pepujian wau kangge nelakaken kapitadosanipun umat bilih Allah migatosaken boten namung dhateng umat kekasihipun inggih punika Israel kemawon,ananging ugi kangge sedaya bangsa. Bangsa Israel inggih umatipun Allah kadosdene cara benggala kangge ningali bangsa-bangsa sajagad. Katresnan lan kawigatosanipun Allah dhateng Israel mbuktekaken ugi anggenipun Allah migatosaken bangsa sajagad. Krana makaten,mila ing pandonganipun juru mazmur matur “Gusti Allah muga paring sihrahmat lan berkah marang kita … supados margi Paduka kasemerepan wonten ing bumi… wonten ing satengahing bangsa sadaya”. Ing pepujian lan pandonga wau, juru mazmur boten rila yen bangsa-bangsa sanes sajagad punika ngantos boten nampi pangertosan lan berkahipun Allah. Umatipun Allah nampi berkah, mila bangsa-bangsa sanes ugi nampi berkah, jalaran Allah pancen ugi migatosaken bangsa-bangsa sanes. Salajengipun pepujian lan pandonga punika ugi ngemot semangat misioner,semangatipun umat boten namung “urip kanggo awake dhewe”, ananging ugi kangge tiyang-tiyang sanes. Lantaran kekidunganing mazmur punika,umat kawulang supados boten egoistis; umat kawulang supados inklusif,narbuka manahipun kangge migatosaken tetiyang sanes. Andharaning juru mazmur punika ndhodhog manah kita sami sampun ngantos namung nengenaken kapentinganing dhiri kemawon,ananging ugi puruna migatosaken kapentinganing liyan. Ing Lukas 19:1-10 Gusti Yesus ugi sampun memulang lantaran anggnipun nimbali lan memulang Zakeus supados boten namung mbujeng kapentinganing dhiri, boten meres lan ngakali tiyang sanes pados kangge ngukup bebathen. Gesang punika kedah migatosaken kabetahaning ngasanes murih ayem tentremipun tiyang sanes. |*BP Ahad, 25 Mei 2025 Minggu Paskah VI L. Para Rasul 16:9-15; jabur 67; Wahyu 21:10:10,22-22:5; Yokanan 14:23-39 INILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES “Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhonia ngadeg lan matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya” (Lelakone Para Rasul 16:9) Bab ngabaraken Injil nate wonten sesanti ”from …. to the other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking
Rebo, 21 Mei 2025 Minggu Paskah V
Yesaya 6:1-4; jabur 30; Lukas 14:12-14 BUKTI TRESNA DHATENG SESAMI “Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah”. (Kaimaman 19:18) Dhawuhipun Gusti bab nresnani Allah lan sesami kedah dipun buktekaken. Nalika wonten ahli Toret miterang dhateng Gusti Yesus bab urip langgeng. Pranyata tiyang wau apal bab angger-anggering katresnan miturut Toret. Tiyang wau matur bilih sedaya sampun dipun tindakaken! Kangge mbuktekaken leres botenipun sampun nindakaken, Gusti lajeng paring pasemon wong Samaria kang welasan (Lukas 10:25-38). Tresna dhateng Allah kedah dipun sarengi praktek nresnani sesami. Piwulang makaten wau sampun dados katetepanipun Allah wiwit kina mila,ing kitab Kaimaman. Umat kadhawuhan nucekaken gesangipun kanthi cara memanusiakan manusia, ngurmati adegipun manungsa sanes jalaran sedaya manungsa punika titahipun Allah. Marambah-rambah Allah mretelakaken Pribadinipun ”Ingsun iki Yehuwah”. Maksudipun bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan kamanungsan (kabetahanpun manungsa) wonten gandheng-cenengipun klayan pangwasanipun Allah,bilih manungsa titah Allah lan kagunganipun Allah. Kitab Kaimaman mratelakaken bilih sikep lan tumindak ngurmati sesami punika mbuktekaken tresnanipun. Sawetawis contonipun: tiyang ingkang sekeng kedah dipun rimati dening ingkang kacekapan, srana ngasag kekantuning panen ing pategalanipun. Mboten nyolong-jupuk jalaran punika hakipun tiyang sanes. Boten kepareng damel cilakaning tetiyang cacad. Kedah njejegaken kaadilan jalaran yen boten makaten mesthi damel cilakaning tiyang sanes. Sampun ngantos sami nindhes tiyang sanes lansampun ngantos sengit-sinengitan. Ing gesang sadinten-dinten kita sesarengan tiyang sanes,ingkang maneka warni watak-wantunipun. Saben tiyang gadhah rancangan, pepinginan lan obsesinipun piyambak-piyambak. Kanthi dhawuh tresna pepadha, kita kedah purun “ngilo githoke dhewe”; yen kita boten remen dipun ganggu dening ngasanes inggih mangga boten nganggu tiyang sanes. Yen kula kepingin ngraosaken kabingahan, mbok inggiha boten nindakaken bab-bab ingkang njalari tiyang sanes kraos sedhih lan prihatos. Sumangga mbuktekaken tatanan tresna-tinresnan. |*BP
Slasa, 20 Mei 2025 Minggu Paskah V
II Samuel 1:4-27; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 11:27-30 BHAKTI SOSIAL “Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe,bakal dikirimake marang para sedulur ing tanah Yudea. Bab iku iya kalakon lan banjur dikirimake marang para pinituwa lumantar Barnabas”. (Para Rasul 11:28-29) Sampun kulina saben-saben wonten bencana alam kadosta banjir, lindhu, gunung njeblug, lan sanesipun, lajeng wonten gerakan nglempakakan sumbangan kangge mbiyantu pada kadang ingkang ketaman. Kala jamanipun rasul Petrus, wonten lelampahan mrihatosaken sanget. Stefanus kaukum pati (dados martir) krana anggenipun kiyeng ngabaraen Injil. Prastawa wau ngakibataken tiyang-tiyang kristen Yerusalem sami buyar, sumebar ing kathah panggenan, kalebet ing laladan Antiokhia lan Yudea. Satunggaling wekdal, nabi Agabus nampi wisiking Roh Suci bilih ing laladan Yudea ngrika badhe ngalami bencana inggih punika pailan ageng; punika bencana ! Agabus mratelakaken bab wau dhateng Antiokhia. Iba endahipun pasedherekan; para tiyang kristen ing ngrika saiyeg nglempakaken sumbangan. Sinareng sampun nglempak lajeng kakintunaken dhateng sadherek ing Yudea, lumantar para pimpinan pasamuwan (pinituwa) lan Barnabas. Tujuanipun boten namung dhateng para sedherek kristen ingkang mencar ing laladan Yudea,nanging katujokaken dhateng masyarakat ing laladan Yudea ngrika. Pasedherekan tunggil tiyang pitados (ing Antiokhia lan ing laladan Yudea) kabukten ketingal sanget, karukunan temen-temen maujud. Saking tiyang-tiyang pitados ing Antiokhia kintun sumbangan kangge masyarakat ing laladan Yudea katitipaken dhateng Barnabas supados dipunsrahaken dhateng para pinisepuhing tiyang kristen ing Yudea. Akhiripun dipun dum-dumaken dhateng masyarakat. Kita rak inggih makaten ! Yen urunan sumangan kangge bhakti sosial boten namung kangge tiyang-tiyang kristen. Limrahipun yen punika sumbangan saking greja,kita pasrahaken masyarakat lantaran greja ingkang celak lokasi bencana. Proses lan prosedur nuladhani ingkang kelampahan ing kitab Para Rasul sampun kita tindakaken. Salajengipun kita taksih kedah nuladha sikeping pribadi-pribadi kristen jaman semanten anggenipun saiyeg age-age gumregah cancut-taliwanda, secara spontan lan sukarila, tumut udhu, urunan kangge bhakti sosial, katujoaken dhateng sedaya ingkang merlokaken. |*BP
Senen, 19 Mei 2025 Minggu Paskah V
I Samuel 20:1-23;35-42; Jabur 133; L. Para Rasul 15:19-26 BERKAHIPUN RUKUN PASEDHEREKAN “Saiba prayoga lan endahe, menawa para sedulur kang manggon saomah padha rukun… Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase” (Jabur 133:1,3b) Kidung Pasamuan Jawi (KPJ) angka 357 “Endahing Saduluran” mratelakaken kayakinan bilih karukunan pasedherekan saestu ndayani tuwuhipun kaayeman lan katentreman. Rukun mila agawe santosa lan awoh berkah Kosokwangsulipun, “crah agawe bubrah”, crah mesthi njalari karisakan. Ing tengahing berjuang kangge mbangun tata-titi-tentrem lan ayeming gesang bebrayan agung masyarakat,mila kedah linandhesan gesang tata rukun. Bangsa Israel ingkang sampun dangu pepisahan dados kalih krajan, kinersakaken dening Allah kangge manunggil, rukum malih. Kaendahaning karukunan dipun gambaraken kadosdene lisah jebad lan ebun. bangsa Lisah jebad (kangge njebadi tetepanipun imam lan ratu) mratandhani kasucen lan kabingahan. Inggih rukun mratandani kalih pihak sampun sinucekaken dening Allah lan kanthi makaten berkahipun Allah badhe luber kadosdene ebuning ing sisih ler dumugi kidul. Saestunipun mokal ebun saking pareden sisih ler ngantos saged nelesi pagunungan sisih kidul. Ananging pangwasanipun Allah tanpa winates, sedayanipun saged kemawon kalampahan! Makaten cara kamanungsan mokal kalih pihak saged rukun malih, nanging yen sedaya kaasta dening Allah, mila ingkang mokal mesthi saged kalampahan. Kasengsem bab endahing karukunan, mila Yonathan mbangun prasetya kaliyan Dawud bab anggenipun badhe gesang rukun,boten badhe pepisahan (I Samuel 20). Makaten ugi ing lelampahanipun para rasul, nalika wonten gesehing pamanggih pasamuwan Yerusalem kaliyan pasamuwan ing Antiokhia, lajeng wonten utusan ngawontenaken bedhamen, mbangun karukunan ing antawisipun pasamuwan-pasmuwan. Sadaya sami pitados bilih karukunan mesth badhe ndhatengaken berkah. Pangandikanipun Gusti wau saya nyantosakaken sikep kita bilih Gusti boten ngersakaken kita sami sengit-sinengitan lan crah saha ngantos pepisahan ing antawis kita sabrayat,sapasamuwan lan ing masyarakat. Gusti nyadhangaken berkahiPun tumrap tetiyang ingkang gesangipun sami mbangun karukunan. Sumangga dhemen gesang rukun lan ngrukunaken. |*BP
Ahad, 18 Mei 2025 Minggu Paskah V
L. Para Rasul 11:1-18; Jabur 148; Wahyu 21:1-6; Yokanan 13:31-35 SWASANA INGKANG ANYAR “Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar,awit langit kang kapisan wus sirna… Wrunanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa lan panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe” (Wahyu 21:1,3) Kalamangsanipun bapak utawi ibu nginger utawi nggeser mebelair ing griya utawi mindhah-mindhah hiasan dhindhing ing ruang tamu. Utawi ingkang suwau warniipun cet tembok pethak memplak dipun gantos werni crem. Pamurihipun supados swasanning bale griya beda kaliyan padatanipun, sinawang wonten swasana anyar. Tentu makaten wau boten kalampahan ujug-ujug,mesthi dipun rancang wontena swasana ingkang anyar! Bab swasana anyar wau ugi kelampahan ing panggalihipun Allah bab lelampahanipun jagad. Yokanan nampi tetingalan/ wahyu ingkang mratelakaken swasana anyaripun langit lan bumi. Swasana anyar wau sinebut ” langit anyar lan bumi anyar”. Kacundhukaken sabda ing Para rasul 11:1-18 menggah baptisipun Kornelias, ugi kacundhukaken kitab Jabur 148 bilih Allah mengku sagad-rat saha kacundhukaken isining Yokanan 13 bilih tresna-tinresan kedah dipun cakaken dhateng sedaya manungsa, mila langit lan bumi anyar tegesipun Injiliing tentrem rahayu katujokaken dhateng sedaya bangsa, boten namung winates katujokaken dhateng setuggal bangsa kemawon. Tentrem rahayu boten namung katujokaken dhateng bangsa Yahudi nanging ugi dhateng bangsa sanesipun. Mila Rasul Petrus lajeng mbaptis Kornelius, tiyang non-Yahudi. Ing wiwitanipun Petrus mbaptis Kornelius punika ndhatengaken dredah ing greja Yerusalem. Nanging sinareng dipun cethakaken dening Petrus bilih Allah ngersakaken makaten (lantaran tetingalanipun Petrus), mila sedayanipun saged nampi kanthi legawa lan bingah. Kados makaten swasana anyar kelampahan, kersanipun Allah tanpa winates. Lah makaten wau dipun gambaraken “tarube Allah ing ana ing tengahing manungsa”. Mila leres, bilih Allah kagungan watak inklusif; Allah tinarbuka kangge sintena kemawon, saking bangsa punapa kemawon. Sumangga manah kita ugi tinarbuka nresnani sintena kemawon tanpa pilih kasih.Swasana anyar makaten wau ingkang kedah kita bangun. Lan makaten langit anyar lan bumi anyar jaman kita! |*BP
Setu, 17 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Daniel 7:27; Jabur 148; Wahyu 11: 16-19 KAMULYANIPUN TIYANG PITADOS “Sawuse mangkono peprentahan, pangwasa lan kamulyan karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para suci, umat kagungane Kang Mahaluhur…” (Dhaniel 7:27) Saben manungsa mesthi kepingin gesang mulya,kinurmatan. Saged kemawon pepinginan wau kadumugen menawi kasugih, inggih pangkat drajad kadonyan lan sanesipun. Kamulyan ingkang kadospundi ta ingkang kinersakaken dening Gusti? Ing renungan kala wingi, kita nampi pratelan yen Putrane Manungsa nampi pangwaos lan kaluhuran (Dhaniel 7:13-14; Wahyu 11:15), mila juru mazmur ngajak umat sami memuji Allah (Jabur 148:1). Kamulyan pranyata boten magepokan klayan bab kasugihan lan drajad-pangkat kadonyan. Wontening tetingalanipun, Dhaniel anggadhahi kayakinan pradataning Pengadilanipun Allah mutus sedaya pangwasa ingkang nindakaken bab ingkang cengkah klayan kersanipun Allah badhe dipun sirnakaken (7:26). Salajengipun ingkang ngasta peprentahan inggih Allah ingkang Kang Mahaluhur. Allah Kang Mahaluhur masrahaken peprintahanipun dhateng sagunging para suci, inggih punika umat kagunganipun Allah. Inggih dhumateng peprintahanipun para suci wau sedaya pangwasa ing jagad raya punika badhe ngabdi lan mbangun turut. Para suci saged nampi kamulyan boten krana pambudidayanipun piyambak. Kaluhuran lan pangwasa kaparingaken dening Gusti Allah, dhedhasar kalomaniPun inggih sih rahmatipun Allah. Sinten ingkang sinebat para suci ? Kitab Wahyu 11:16-19 nedahakan bilih punika para pinisepuhing pasamuwan-pasamuwan ingkang sami sumungkem sujud sumuyud dhateng Allah. Tegesipun para suci punika para kagunganipun Allah lan sami sedya taat ngajak sedaya umatipun. Inggih para suci kagunganipun Allah wau ingkang sami nampi lan ngraosaken kaluhuran lan pangwasa kaswargan sih rahmatipun Allah. Kita sami para pitados estunipun sampun dados manungsa ingkang mulya,kebak kaluhuran krana sih rahmatipun Gusti. Kita sami sampun nampi peparing kaluhuran lan kamulyan saking Gusti piyambak. Yen makaten estunipun kita ugi kelilan ndherek ing peprintahanipun Gusti, malah kedah nedhaken lampah ingkang cundhuk klayan katemtuan-katemtuanipun Gusti, matemah sedaya sami mbangun turut Gusti. |*BP
Jemuwah, 16 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Daniel 7: 13-14; Jabur 148; Wahyu 11:15 SUMANGGA MEMUJI GUSTI ALLAH “Haleluya ! Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga ! Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur”. (Jabur 148:1) Tanpa dipun ajak utawi dipun dhesek-dhesek kita para kagunganipun Gusti mesthi tansah memuji Gusti, rak makaten! Lajeng punapa sebabipun juru mazmur ngajak “padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ?”. Malah boten namung manungsa ingkang dipun ajak memuji Gusti Allah, nanging sedaya jinising titahipun Allah dipun ajak memuji : srengenge, rembulan, lintang-lintang, sedaya jinising kewan, jinising tetuwuhan dipun ajak memuji Guti Allah. Pepujen ngluhuraken Allah wau mila leres kedah dipun aturaken dening sedaya titah. Pratelaning kitab Jabur punika,cunduk kaliyan isining kitab Dhaniel 7:13,4 bilih sang Putrane Manungsa rawuh sowan dhateng ngarsanipun “Ingkang sepuh” kangge nampi pangwasa lan kaluhuran ingkang mengku sajagad. Inggih sadaya titah sami sujud manembah lan memuji dhateng sagptrane Manungsa. Ugi cundhuk kaliyan tetingalanipun Yokanan ingkang kasebut ing kitab Wahyu 11:15 ingkang nyebataken wontenipun malaekat kapitu ingkang ngungelaken kalasangka,mbiwarakaken Sang Jebadanipun Allah jumeneng Ratu langgeng salami-laminipun. Putrane Allah inggih sang Jebadanipun Allah ingkang jumeneng Ratu langgeng, boten sanes inggih Panjenenganipun sang Kristus. Inggih Gusti Yesus Kristus ingkang saderengipun sumengka dhateng swarga sampun mratelakaken anggenipun nampi pangwasa ing swarga lan ing bumi (Mat.28:18). Mila yen mripating kapitadosan kita ngemataken kanthi trewaca,kita saya saged mangertos wontenipun dhasar ingkang gumathok bab anggen kita memuji Allah. Kita memuji Allah botan kok namung rubuh-rubuh gedhang,boten namung ela-elu,melu-melu, tiru-tiru, boten makaten! Kita memuji Allah krana kita mangertos lan pitados salugu bilih Panjenenganipun Gusti Allah nitahaken langit lan bumi dalah saisinipun. Kanthi salugu ugi pitados bilih Gusri Allah terus lan tetep makarya ngimati titahipun tanpa wonten ingkang kelepyan. Malah Gusti ugi milujengaken kanthi pangwasanpun lan katresnanipun ingkang tanpa winates. Kanthi dhasar makaten punika sumangga tan kendhat memuji Gusti kanthi trusing manah lan temen-temen ing sadhengah kawontenaning gesang, bingah utawinipun sisah! Kadhasaran sikep kita memuji Gusti Allah, mila sedaya titah sanesipun (ing alam jembar punika: sato kewan, tetuwuhan, lan sanesipun) saged lumampah tata lan harmonis. |*BP
Kemis, 15 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Yehezkiel 2:8-3:11; Jabur148; Wayhu 10:1-11 TETEP NGABARAKEN INJIL SANAJAN AWRAT “Tampanana lan panganen; iku bakal marakake wetengmu pait,nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya mad. … Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu”. (Wahyu 10:9,11) Kita sami mangertos bilih ngundhangaken Injil tentrem rahayu punika awrat; kathah pepalang ingkang mesthi dipun adhepi. Gusti pirsa bab wau! Ing swasana ngadhepi bangsa ingkang wangkot, boten manut kersanipun Gusti, Yokanan nampi tetingalan wonten kitab ingkang sampun kabuka. Kitab wau kadhawuhan ndhahar. Raosipun mila legi, manis kados madu, nanging badhe ndadosaken padharanipun pait. Maksudipun inggih punika bilih Yokanan kedah ngundhangaken pawarta Injil dhateng umat ingkang wangkot manahipun inggih punika yen Gusti Allah badhe ngluwari saking paukumanipun. Yokanan ngemban dhawuh wau ! Kitab tinarbuka isi sihrahmatipun Gusti bab apuraning dosa kedah dipun biwarakaken. Ing sasisih , temtu punika mbingahaken manah,ngresepaken kangge Yokanan. Nanging sisih sanesipun dhawuh wau ugi kasanepakaken saged karaosaken pait lan padharan dados sakit jalaran badhe wonten ingkang boten nampi pawarta becik wau, wonten ingkang nampik; boten sedaya tiyang purun nampi Injili kabingahan. Pratelan wau ugi sampun nate kaweca dening nabi Yehizkiel (2:8-3:11); Yehizkiel kadhawuhan ndhahar gulunganing kitab (isi kabar kabingahan) lan kedah dipun biwarakaken dhateng umat kagunganipun Allah ingkang mbalela. Pamurihipun sami puruna mratobat. Pancen resikonipun awrat jalaran saged kelampahan sami sengit dhateng nabinipun Allah wau. Ewasemanten nabi kedah terus mbiwarakaken isining kitab wau dhateng umatipun. Leres bilih ngemban dhawuh kangge nindakaken kasaenan lan nggelaraken Injiling tentrem rahayunipun Gusti pancen boten entheng. Boten kanung katampiking piwulang nanging ugi ngantos nampik kita sami ingkang memulang. Punika saged njalari kita ngraosaken paiting gesang, semplah. Ewasemanten Gusti tetep dhawuh supados terus-terusan ngabaraken kabar kabingahan. Engeta lan pitadosa bilih Gusti ingkang jumeneng Sang Imanuel mesthi nganthi kita. Sang Roh Suci, Rohing Panglipur lan Kayekten mesthi nglipur,ngiyataken lan memulang kita kangge kuwagang nindakakan ayahan pakabaran Injiling tentrem rahayu. |*BP
Rebo, 14 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Yeremia 50:17-20; Jabur 100; Yokanan 10: 31-42 SANES HOAKS! “Sanadyan nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang di- pangandikakake dening nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata. Lan sabanjure akeh wong ing kono kang padha manjing pracaya marang Panjenengane”. (Yokanan10:41-42). Hoaks, punika pawarta ingkang palsu, boten leres lan mesthi kemawon nasaraken tiyang. Mila para ingkang kawogan meling kanthi wanti-wanti supados masyarakat boten gampil nampi saben pawarta, kedah dipun tlesih, dipun saring rumiyin kangge ngyakinaken bilih pawarta wau sanes hoaks. Menawi pawarta mila leres mesthi ageng sanget paedahipun. Kacariosaken kathah tiyang sami ndherekaken Gusti Yesus tindak dhateng sabranging Yarden, papan anggenipun Yokanan mulang lan mbaptisi tiyang. Sajakipun tetiyang wau sami enget dhateng Yokanan ingkang nate nyariosaken bab Gusti Yesus. Yokanan nate ngandika yen Gusti Yesus linangkung mulyanipun, inggil drajad lan kamulyanipun. Dene Yokanan punika namung kados swara ingkang alok-alok ing ara-ara, Yokanan boten pantes sanadyan ta namung nguculi tangsul sepatunipun Gusti. Tetiyang ingkang ndherekaken Gusti Yesus wau nekseni saestu bilih pangwasanipun Gusti Yesus temen-temen linangkung inggih kados ingkang nate dipun andharaken dening Yokanan. Gusti makarya kanthi piwulang adiluhung lan kathah nindakaken mujizat. Punapa ingkang dipun ngandikakaken dening Yokanan bab Gusti Yesus mila yekti, leres, sanes hoaks. Yokanan boten ngapusi anggenipun mbiwarakaken bab Pribadinipun Gusti Yesus pancen nyata leres. Akibatipun punapa? Krana ingkang dipun biwarakaken dening Yokanan pancen leres lan kabukten ing pakaryanipun Gusti Yesus, mila tiyang-tiyang lajeng pitados (ay.42). Karana pribadinipun Gusti Yesus cundhuk klayan pawartanipun Yokanan, krana pawartanipun Yokanan leres wonten buktinipun inggih punika ndhatengaken paedah ageng ing ngriku, mila lajeng sami pitados dhateng Gusti Yesus. Kasinggihan, kita kedah wani micara ingkang leres, mratelakaken ing sakleresipun bab kasaenanipun Gusti. Malah inggih bab punapa kemawon kedah kita pratelakaken kanthi leres lan ing sakmesthinipun, supados tetiyang ngandel dhateng isining pawarta kita, tentu inggih ngurmati kita. Pawarta ingkang yekti, boten nasaraken tetiyang lan mesthi njalari kabingahanipun tetiyang! |*BP
Slasa, 13 Mei 2025 Minggu Paskah IV
Yehezkiel 45:1-9; Jabur 100; Para Rasul 9: 32-35 PAWARTA BAB KASAENANIPUN ALLAH “He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsane Yehuwah. Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,padha sowana ing ngarsane kambi surak-surak”. (Jabur 100:1,2) Salah satunggaling wajib kita para kagunganipun Gusti inggih punika wara-wara utawi mbiwarakaken kasaenan lan katresnanipun Allah (martosaken Injil). Tujuanipun supados sedaya tiyang sami ngraosaken kasaenan lan katresnanipun Allah wonten ing Sang Kristus. Juru mazmur mbiwarakaken dhateng sedaya manungsa supados sami ngakenana katresnan lan pangwasanipun Allah. Lan malih sageda sedaya manungsa tumut ngraosaken berkah-berkahipun Allah ingkang sampun dipun tampi dening umat Israel. Pariwara utawi uleman wau dipun udhangaken kanthi suka-bingahing manah. Mila saestunipun Jabur 100 punika mrarelakeken kabingahan ingkang kelangkung-langkung. Malah ugi ngajak sedayanipun sami ngabekti ing Allah. Wonten bab-bab wigati kenging punapa kedah ngakeni lan ngakekti ing Allah? 1). Krana Allah sampun nitahaken samudayanipun. Kaping kalihipun,krana Allah sampun milih,miji dados umat kagunganipun. 2). Krana Allah ngrimati pepilihanipun pindha Pangen pepanthaning mendanipun. Cobi kita manah-manah: Allah nitahaken sedayanipun, Allah milih dados umat kagunganipun, Allah ngrimati terus-terusan; punika rak inggih kanyatan ingkang temen mbingahaken! Makaten wau gegembaraning kasaenanipun Allah; inggih Allah setya tuhu lan penuh ing kasaenan. Temtu kemawon kita sami ingglh lajeng saya manteb ing pangandel bilih jagad saisinipun punika titahipun Allah,karimat dening Allah. Bilih kita pinilih dados umat tetebusan ingkang dipun wilujengken ugi krana kasaenanipun Allah anggenipun nresnani kita. Kita ugi karimat dening Allah sang Pangen Utami ingkang ugi njagi kita saking sawernining tetiyang ingkang memengsahi (engeta renungan kitab Jabur 23). Sumangga sedaya ingkang kita raosaken bab kasaenanipun Gusti,kita biwarakaken dhateng sedaya tiyang supados sami tepang dhateng Allah kita ingkang Mahatresna. |*BP
