Wulang Bebasan 2:1-5; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 15:36-41
NGUPADI KAWICAKSANAN
“… manawa iku kok upaya kaya golek salaka lan pangoyakmu kaya mburu
raja brana kapendhem kowe bakal nemu pangreten bab wedi asih
marang Pangeran Yehuwah … ” (Wulang Bebasan 2:4-5)
Kitab Wulang Bebasan anggitanipun Suleman punika katelah kitab kawicaksanan; ngewrat piwulang bab kawicaksanan. Bab 1 ngantos Bab 9, kitab punika ngewrat tigawelas piwulang magepokan kaliyan kawicaksanan. Dene waosan ing dinten punika, dados peranganing piwulang kaping kalih bab kawicaksanan. Estunipun kawicaksanan, pangerten, kawruh lan kapinteran mila kedah dipun upadi dening manungsa.
Usahanipun manungsa kangge nggayuh kawicaksanan,kedah tumemen. Kaupamekakan kadosdene tiyang ingkang mburu harta karun (raja brana kang kapendhem) utawi pados salaka. Harta karun lan salaka punika barang-barang ingkang pengaji, ajinipun linangkung.Mila saderengipun manggihaken boten badhe mandheg anggenipun ngupadi. Punika nyanepakaken anggenipun manungsa ngupaya kawicaksanan kedah serius. Kedah purun mirengaken piwulanging sabdanipun Gusti kanthi sakatogipun, wani ngetog dayaning nalar/intelektual, ugi kinanthenan sikap moral ingkang inggil; saged ngendhaleni emosi lan anggenipun ngudi linandhesan sikep lembah manah. Manungsa sampun ngantos gumunggung jalaran sedayanipun punika peparing saking Allah. Inggih, manungsa mbudidaya, ananging ingkang nemtokakaken lan paring namung Gusti Allah (ayat 6)
Menggah tujuanipun manungsa ngudi kangge nggayuh kawicaksanan, kasebut ing ayat 5 bilih kita ajrih asih dhateng Gusti Allah lan mangertos bab agunging pangwasanipun Allah. Carios ing kitab Para Rasul 15:36-42, mbuktekaken anggenipun para rasul ngrampungi prekawis bab gesehing sikep antawisipun Paulus lan Barnabas linandhesan anggenipun pasrah dhateng kersanipun Allah, kanthi neges kersanipun Gusti Allah. Lajeng sami mbangun bedhamen supados Injil tetep kagelaraken! Tiyang wicaksana ketitik anggenipun ajrih asih dhateng Allah, setya ing iman dhateng Gusti Allah lan ngluhurakan pangwasanipun Allah. Ing Matius 6:33 Gusti Yesus ngandika: ”Kratoning Allah lan kasampurnane, iku upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe”. Ngudi bab Kratonipun Allah dados landesaning gesangipun. Lah punika sikepipun tiyang ingkang wicaksana. |*BP
Jemuwah, 23 Mei 2025 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 2:6-8; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 16:1-18
JALARANIPUN DADOS TIYANG PITADOS
“Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening rasul Paulus”. (L. Para Rasul 19:14b)
Kathah paseksi kados pundi tetiyang kok ngantos dados tiyang kristen, pitados dhateng Gusti Yesus Kristus sang Juruwilujengipun. Wanci punika kita nampi paseksi ingkang dipun cariosaken dening Lukas bab wontenipun tiyang estri nama Lidhia, bakul kain wungu ing kitha Tiatira. Tiyang wau cetha tiyang Yahudi (agama Yahudi) ingkang nembe nglempak sesarengan ibu-ibu sanesipun ing Sinagoge (papan pangibadah Yahudi). Ibu Lidhia punika bekti ing Allah (mursid), tegesipun gesang miturut angger-anggering Toret.
Nalika rasul Paulus memulang (khotbah), lha ibu wau kok purun mirengaken! Ibu Lidhia ngugemi agami Yahudi, taat dhateng isining kitab Toret. Nanging kok purun mirengaken khotbahipun rasul Paulus bab Gusti Yesus ! Ing tembenipun Lidhia kabaptis, tegesipun dados tiyang pitados dhateng Gusti Yesus, dados tiyang kristen, tiyang ingkang nilar agaminipun Yahudi. Punapa Lidhia pancen tertarik dhateng kekristenan? Punapa Lidhia kasengesem dhateng piwulang utawi khotbahipun Paulus? Pranyata boten makaten!
Lukas paring paseksi anggenipun Lidhia purun mirengaken piwulangipun Paulus pranyata “atine wis binuka dening Gusti”. Inggih Gusti Mahakwasa lanMaha asih, ingkang narbuka pikiran lan manahipun Lidhia,nganrtos purun mirengaken Injiling sang Kristus ingkang kawulangaken dening Paulus. Inggih krana manahipun binuka dening Gusti, lajeng kabaptis dalah sa-brayatipun. Krana Allah narbuka Lidhia, mila ibu wau dados tiyang pitados! Salajengipun angge mbuktekaken pitadosipun, Lidhia ngaturi lan rombonganipun Paulus rawuh ing griyanipun; sajakipun syukuran!
Iba begjanipun tiyang ingkang tinarbuka manahipun dening Gusti Yesus , ngantos purun mirengaken sabdaniPun lan akhiripun pitados. Estunipun tiyang ingkang temen-temen purun mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, punika pratanda yen tiyang wau manahipun sampun kabuka dening Gusti. Mirengaken tegesipun migatosaken,manah-manah,merenungkan bilih pangandikanipun Gusti mila leres lan kebak pangwasa,lajeng nindakaken ing padintenanipun. Sabda ingkang dipun pirengaken lan dipun pigatosaken punika saya nambah kandeling pitados, iman boten badhe miyar-miyur ngadhepi sedaya jinising godhan. Mugi Gusti piyambak ingkang nyempuluraken pitados kita! |*BP
Setu, 24 Mei 2025 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 2:9-15; Jabur 67; Lukas19:1-10
ALLAH MIGATOSAKEN SADAYA BANGSA
“Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Pajenengane
muga kersaa nyunari kita kalawan wedanane, supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi saha karahayon peparing Paduka wonten
ing satengahing bangsa sadaya” (Jabur 67:2,3)
Padatanipun umat Israel ngrepekaken Jabur 67 ing riyaya Tancebing Tarub (Pondok Daun) kangge nggunggung memuji Allah ingkang kwasa milujengaken, ingkang paring sih rahmat dhateng umatipun lan dhateng bangsa-bangsa sanes. Pepujian wau kangge nelakaken kapitadosanipun umat bilih Allah migatosaken boten namung dhateng umat kekasihipun inggih punika Israel kemawon,ananging ugi kangge sedaya bangsa.
Bangsa Israel inggih umatipun Allah kadosdene cara benggala kangge ningali bangsa-bangsa sajagad. Katresnan lan kawigatosanipun Allah dhateng Israel mbuktekaken ugi anggenipun Allah migatosaken bangsa sajagad. Krana makaten,mila ing pandonganipun juru mazmur matur “Gusti Allah muga paring sihrahmat lan berkah marang kita … supados margi Paduka kasemerepan wonten ing bumi… wonten ing satengahing bangsa sadaya”.
Ing pepujian lan pandonga wau, juru mazmur boten rila yen bangsa-bangsa sanes sajagad punika ngantos boten nampi pangertosan lan berkahipun Allah. Umatipun Allah nampi berkah, mila bangsa-bangsa sanes ugi nampi berkah, jalaran Allah pancen ugi migatosaken bangsa-bangsa sanes. Salajengipun pepujian lan pandonga punika ugi ngemot semangat misioner,semangatipun umat boten namung “urip kanggo awake dhewe”, ananging ugi kangge tiyang-tiyang sanes. Lantaran kekidunganing mazmur punika,umat kawulang supados boten egoistis; umat kawulang supados inklusif,narbuka manahipun kangge migatosaken tetiyang sanes.
Andharaning juru mazmur punika ndhodhog manah kita sami sampun ngantos namung nengenaken kapentinganing dhiri kemawon,ananging ugi puruna migatosaken kapentinganing liyan. Ing Lukas 19:1-10 Gusti Yesus ugi sampun memulang lantaran anggnipun nimbali lan memulang Zakeus supados boten namung mbujeng kapentinganing dhiri, boten meres lan ngakali tiyang sanes pados kangge ngukup bebathen. Gesang punika kedah migatosaken kabetahaning ngasanes murih ayem tentremipun tiyang sanes. |*BP
Ahad, 25 Mei 2025 Minggu Paskah VI
L. Para Rasul 16:9-15; jabur 67; Wahyu 21:10:10,22-22:5; Yokanan 14:23-39
INILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES
“Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhonia ngadeg lan
matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturi nyabrang mriki
saha mitulungi kula sadaya” (Lelakone Para Rasul 16:9)
Bab ngabaraken Injil nate wonten sesanti ”from …. to the other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking kitha tertemtu ngantos dumugi ing saindenging jagad. Pancen menggah rancangan kawilujenganipun saking Gusti Allah,mila ing saindenging jagad. Daya pangwasanipun sang Roh Suci mila ngebat-ebati, ngantos wonten pembereg kiyat sanget tumrap rasul Paulus kedah ngabaraken Injil dhateng negari-negari manca. Paulus sarombonganipun sampun wiwit nindakaken ngabaraken Injil ing sajawining Yerusalem.
Tebaning laladan pakabaran Injil saya wiyar malih kadhasaran wontenipun wahyu tetingalan ingkang dipun alami rasul Paulus. Ing wahyunipun, Paulus ningali wonten tiyang Makedhonia ngawe-awe… mrenea, mrenea, tulungana aku kabeh ing kene…! Maknaning wahyu wau dados pratandha kedah kekesahan ngabaraken Injil dhateng wilayah ingkang langkung tebih ing sabranging segara kilen ngrika.
Temen sarombonganipun rasul Paulus lajeng ngemban misi mangilen numpak kapal nyabrang mrika. Ngabaraken Injil ngg laladan pulo Samotrake,wilayahipun peprentahan Rum. Pranyata ing taun-taun candhakipun, saya kathah tiyang manjing pitados dhateng Gusti, berkembang, tuwuh wontenipun greja-greja.
Nekseni carios pakabaran Injil kala semanten wau, saestu ngresepaken manah kita. Pakaryanipun Allah lan daya pamberegipun sang Roh Suci ndadosaken para rasul kebak ing kekendelan, ingkang tundhonipun tuwuh wontenipun kathah greja. Saestu ndadosaken kita mongkog ! Carios wau inggih lajeng mbereg kula lan panjenengan sumangga narbuka manah purun kautus ngabaraken Injil ing pundia kemawon. Lan ugi mbereg kita sampun ngantos kendho ngabaraken Injiling tentrem rahayu dalah inggih saya mempeng anggen kita pados cara supados Injiling tentrem rahayu karaosaken dening kathah tiyang. Ing dinten punika 25 Mei, dinten Oikoumene Indonesia, dinten pengetan madegipun Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI). Manunggaling greja-greja mila ugi perlu lan punika dados kekiayatan kangge ngabaraken Injil. |*BP
Senen, 26 Mei 2025 Minggu Paskah VI
I Babad 12:16-22; Jabur 93; Wahyu 21: 1-14
PANGWASANIPUN ALLAG MILA LINANGKUNG
“Dhun Yehuwah,lepen-lepen samu kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun. Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget
ana ing ngaluhur,ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring
alun ing segara”. (Jabur 93:3,4)
Sinten kwmawon ingkang nekseni alam jembar titahipun Allah; wontenipun redi-redi,wontenipun ngare, wontenipun alas gung-liiwang-lirung, wontn segara jembar lan sanesipun mesthi kaeraman. Makaten endahing jagad titahipun Gusti Allah. Pancen Allah Makhakawasa! Makaten ugi sang juru mazmur anggenipun nyipati lepen-lepen dalah werni-werni jinising titah sanesipun.
Kekidungan bab swara kumrasak lan jumleguripun toya lan lepen-lepen lepen-lepen nyanepakaken bab was-sumelangipun manungsa ngadhepi swasananing kahanan. manungsa sami sesambat iba awratipun momotaning gesang. Manungsa anamung titahipun Allah tanpa daya yen ngadhepi Allah sang Pencipta ingkang Mahakwasa lan tanpa daya ngadhepi awrating kahanan. Ewasemanten Pangwasanipun Allah kaibarataken “ngungkuli kumrasake banyu agung,ngungkuli pjumlegure alun ing segara”; ngungkuli daya kekiyataning alam jembar punika.
Juru mazmur nggegambar bilih Allah boten wonten tandhinganipun, sintena kemawon boten badhe nandhingi Gusti Allah. Allah mila ebat sanget tanpa wonten tandhinganipun. Pramila juru mazmur (ing ayat 1) mratelakaken “Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing”. Pepujian punika cetha sanget nelakaken yen Gusti Allah Mahakwaos; pangwasanipun liangkung tanpa tandhing. Ing pangreksanipun, sedaya titah boten ewah-gingsir, tetep ing lampahipun miturut ing sakarsanipun Gusti Allah.
Kitab Jabur punika ngajak kita para pitados samia nuladha Juru masmur, inggih punika mbangun pangandel bilih Allah punika Maha kuwaos lan inggih namung Panjenenganipun ingkang kedah sinembah,namung Allah ingkang kita gunggung. Sadaya jinising titah – kalebet kita manungsa – tetep kemawon winates ing ngarsanipun Gusti Allah. Pramila ingkang prayogi inggih punika sumangga sami memuji ngluhuraken Gusti Allah kanthi anggen kita tetep bakuh lan setya ing pitados, tetep gesang ing pambangun-turut nindakaken dhawuhipun Allah. |*BP
Slasa, 27 Mei 2025 Minggu Paskah VI
II Babad 15:1-15; Jabur 93; Wahyu 21:15-22
WEWUJUDANIPUN YERUSALEM ANYAR“Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci,amarga Pangeran Allah,
