Yesaya 6:1-4; jabur 30; Lukas 14:12-14
BUKTI TRESNA DHATENG SESAMI
“Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira;
malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe;
Ingsun iki Yehuwah”. (Kaimaman 19:18)
Dhawuhipun Gusti bab nresnani Allah lan sesami kedah dipun buktekaken. Nalika wonten ahli Toret miterang dhateng Gusti Yesus bab urip langgeng. Pranyata tiyang wau apal bab angger-anggering katresnan miturut Toret. Tiyang wau matur bilih sedaya sampun dipun tindakaken! Kangge mbuktekaken leres botenipun sampun nindakaken, Gusti lajeng paring pasemon wong Samaria kang welasan (Lukas 10:25-38). Tresna dhateng Allah kedah dipun sarengi praktek nresnani sesami.
Piwulang makaten wau sampun dados katetepanipun Allah wiwit kina mila,ing kitab Kaimaman. Umat kadhawuhan nucekaken gesangipun kanthi cara memanusiakan manusia, ngurmati adegipun manungsa sanes jalaran sedaya manungsa punika titahipun Allah. Marambah-rambah Allah mretelakaken Pribadinipun ”Ingsun iki Yehuwah”. Maksudipun bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan kamanungsan (kabetahanpun manungsa) wonten gandheng-cenengipun klayan pangwasanipun Allah,bilih manungsa titah Allah lan kagunganipun Allah.
Kitab Kaimaman mratelakaken bilih sikep lan tumindak ngurmati sesami punika mbuktekaken tresnanipun. Sawetawis contonipun: tiyang ingkang sekeng kedah dipun rimati dening ingkang kacekapan, srana ngasag kekantuning panen ing pategalanipun. Mboten nyolong-jupuk jalaran punika hakipun tiyang sanes. Boten kepareng damel cilakaning tetiyang cacad. Kedah njejegaken kaadilan jalaran yen boten makaten mesthi damel cilakaning tiyang sanes. Sampun ngantos sami nindhes tiyang sanes lansampun ngantos sengit-sinengitan.
Ing gesang sadinten-dinten kita sesarengan tiyang sanes,ingkang maneka warni watak-wantunipun. Saben tiyang gadhah rancangan, pepinginan lan obsesinipun piyambak-piyambak. Kanthi dhawuh tresna pepadha, kita kedah purun “ngilo githoke dhewe”; yen kita boten remen dipun ganggu dening ngasanes inggih mangga boten nganggu tiyang sanes. Yen kula kepingin ngraosaken kabingahan, mbok inggiha boten nindakaken bab-bab ingkang njalari tiyang sanes kraos sedhih lan prihatos. Sumangga mbuktekaken tatanan tresna-tinresnan. |*BP
