II Samuel 1:4-27; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 11:27-30
BHAKTI SOSIAL
“Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe,bakal dikirimake marang para sedulur ing tanah Yudea. Bab iku iya kalakon lan banjur dikirimake marang para pinituwa lumantar Barnabas”.
(Para Rasul 11:28-29)
Sampun kulina saben-saben wonten bencana alam kadosta banjir, lindhu, gunung njeblug, lan sanesipun, lajeng wonten gerakan nglempakakan sumbangan kangge mbiyantu pada kadang ingkang ketaman. Kala jamanipun rasul Petrus, wonten lelampahan mrihatosaken sanget. Stefanus kaukum pati (dados martir) krana anggenipun kiyeng ngabaraen Injil. Prastawa wau ngakibataken tiyang-tiyang kristen Yerusalem sami buyar, sumebar ing kathah panggenan, kalebet ing laladan Antiokhia lan Yudea.
Satunggaling wekdal, nabi Agabus nampi wisiking Roh Suci bilih ing laladan Yudea ngrika badhe ngalami bencana inggih punika pailan ageng; punika bencana ! Agabus mratelakaken bab wau dhateng Antiokhia. Iba endahipun pasedherekan; para tiyang kristen ing ngrika saiyeg nglempakaken sumbangan. Sinareng sampun nglempak lajeng kakintunaken dhateng sadherek ing Yudea, lumantar para pimpinan pasamuwan (pinituwa) lan Barnabas. Tujuanipun boten namung dhateng para sedherek kristen ingkang mencar ing laladan Yudea,nanging katujokaken dhateng masyarakat ing laladan Yudea ngrika.
Pasedherekan tunggil tiyang pitados (ing Antiokhia lan ing laladan Yudea) kabukten ketingal sanget, karukunan temen-temen maujud. Saking tiyang-tiyang pitados ing Antiokhia kintun sumbangan kangge masyarakat ing laladan Yudea katitipaken dhateng Barnabas supados dipunsrahaken dhateng para pinisepuhing tiyang kristen ing Yudea. Akhiripun dipun dum-dumaken dhateng masyarakat. Kita rak inggih makaten ! Yen urunan sumangan kangge bhakti sosial boten namung kangge tiyang-tiyang kristen. Limrahipun yen punika sumbangan saking greja,kita pasrahaken masyarakat lantaran greja ingkang celak lokasi bencana.
Proses lan prosedur nuladhani ingkang kelampahan ing kitab Para Rasul sampun kita tindakaken. Salajengipun kita taksih kedah nuladha sikeping pribadi-pribadi kristen jaman semanten anggenipun saiyeg age-age gumregah cancut-taliwanda, secara spontan lan sukarila, tumut udhu, urunan kangge bhakti sosial, katujoaken dhateng sedaya ingkang merlokaken. |*BP
