+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 19 Mei 2025 Minggu Paskah V

I Samuel 20:1-23;35-42; Jabur 133; L. Para Rasul 15:19-26

BERKAHIPUN RUKUN PASEDHEREKAN

Saiba prayoga lan endahe, menawa para sedulur kang manggon saomah

padha rukun… Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone

ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase” (Jabur 133:1,3b) 

              Kidung Pasamuan Jawi (KPJ) angka 357 “Endahing Saduluran” mratelakaken  kayakinan  bilih karukunan pasedherekan saestu ndayani tuwuhipun kaayeman lan katentreman. Rukun mila agawe  santosa lan  awoh berkah Kosokwangsulipun, “crah agawe bubrah”, crah mesthi njalari karisakan. Ing tengahing berjuang kangge mbangun tata-titi-tentrem lan ayeming gesang bebrayan agung masyarakat,mila kedah linandhesan gesang tata rukun.

              Bangsa Israel ingkang sampun dangu pepisahan dados kalih krajan, kinersakaken dening Allah kangge manunggil, rukum malih. Kaendahaning  karukunan dipun gambaraken kadosdene lisah jebad lan ebun. bangsa  Lisah jebad (kangge njebadi tetepanipun imam lan ratu) mratandhani kasucen lan kabingahan. Inggih rukun mratandani kalih pihak sampun sinucekaken dening Allah lan kanthi makaten berkahipun Allah badhe luber kadosdene ebuning ing sisih ler dumugi kidul. Saestunipun mokal ebun saking pareden sisih ler ngantos saged nelesi pagunungan sisih kidul. Ananging pangwasanipun Allah tanpa winates, sedayanipun saged kemawon kalampahan! Makaten cara kamanungsan mokal kalih pihak saged rukun malih, nanging yen sedaya kaasta dening Allah, mila ingkang mokal mesthi saged kalampahan.

              Kasengsem bab endahing karukunan, mila Yonathan mbangun prasetya kaliyan Dawud  bab anggenipun badhe gesang rukun,boten badhe pepisahan (I Samuel 20). Makaten ugi ing lelampahanipun para rasul, nalika wonten  gesehing pamanggih pasamuwan Yerusalem kaliyan pasamuwan ing Antiokhia, lajeng wonten utusan ngawontenaken bedhamen, mbangun karukunan ing antawisipun pasamuwan-pasmuwan. Sadaya sami pitados bilih karukunan mesth badhe ndhatengaken berkah.

              Pangandikanipun Gusti wau saya nyantosakaken sikep kita bilih Gusti boten ngersakaken kita sami  sengit-sinengitan lan crah saha ngantos pepisahan ing antawis kita sabrayat,sapasamuwan lan ing masyarakat.  Gusti nyadhangaken berkahiPun tumrap tetiyang ingkang gesangipun sami mbangun karukunan. Sumangga dhemen gesang rukun lan ngrukunaken. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *