+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Mei 2025 Minggu Paskah V

L. Para Rasul 11:1-18; Jabur 148; Wahyu 21:1-6; Yokanan 13:31-35

SWASANA INGKANG ANYAR

“Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar,awit langit kang kapisan

 wus sirna… Wrunanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa lan panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe” (Wahyu 21:1,3)

              Kalamangsanipun bapak utawi ibu nginger utawi nggeser mebelair ing griya utawi mindhah-mindhah hiasan dhindhing ing ruang tamu. Utawi ingkang suwau warniipun cet tembok pethak memplak  dipun gantos werni crem. Pamurihipun supados swasanning bale griya beda kaliyan padatanipun, sinawang wonten swasana anyar. Tentu makaten wau boten kalampahan ujug-ujug,mesthi dipun rancang wontena swasana ingkang anyar!

              Bab swasana anyar wau ugi kelampahan ing panggalihipun Allah bab lelampahanipun jagad. Yokanan nampi tetingalan/ wahyu ingkang mratelakaken swasana anyaripun langit lan bumi. Swasana anyar wau   sinebut ” langit anyar lan bumi anyar”. Kacundhukaken sabda ing Para rasul 11:1-18 menggah baptisipun Kornelias, ugi  kacundhukaken kitab Jabur 148 bilih Allah mengku sagad-rat saha kacundhukaken isining Yokanan 13 bilih tresna-tinresan kedah dipun cakaken dhateng sedaya manungsa, mila langit lan bumi anyar tegesipun  Injiliing tentrem rahayu katujokaken dhateng sedaya bangsa, boten namung winates katujokaken dhateng setuggal bangsa kemawon.

              Tentrem rahayu boten namung katujokaken dhateng bangsa Yahudi nanging ugi dhateng bangsa sanesipun. Mila  Rasul Petrus  lajeng mbaptis Kornelius, tiyang non-Yahudi. Ing wiwitanipun Petrus mbaptis Kornelius punika ndhatengaken  dredah ing greja Yerusalem. Nanging sinareng dipun cethakaken dening Petrus bilih Allah ngersakaken makaten (lantaran tetingalanipun Petrus), mila sedayanipun saged nampi kanthi legawa lan bingah. Kados makaten swasana anyar kelampahan, kersanipun Allah tanpa winates. Lah makaten wau dipun gambaraken “tarube Allah ing ana ing tengahing manungsa”.

              Mila leres, bilih Allah kagungan watak inklusif; Allah tinarbuka kangge sintena kemawon, saking bangsa punapa kemawon. Sumangga manah kita ugi tinarbuka nresnani sintena kemawon tanpa pilih kasih.Swasana anyar makaten wau ingkang kedah kita bangun. Lan makaten langit anyar lan bumi anyar jaman kita! |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *