Daniel 7:27; Jabur 148; Wahyu 11: 16-19
KAMULYANIPUN TIYANG PITADOS
“Sawuse mangkono peprentahan, pangwasa lan kamulyan karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para suci, umat kagungane Kang Mahaluhur…” (Dhaniel 7:27)
Saben manungsa mesthi kepingin gesang mulya,kinurmatan. Saged kemawon pepinginan wau kadumugen menawi kasugih, inggih pangkat drajad kadonyan lan sanesipun. Kamulyan ingkang kadospundi ta ingkang kinersakaken dening Gusti? Ing renungan kala wingi, kita nampi pratelan yen Putrane Manungsa nampi pangwaos lan kaluhuran (Dhaniel 7:13-14; Wahyu 11:15), mila juru mazmur ngajak umat sami memuji Allah (Jabur 148:1). Kamulyan pranyata boten magepokan klayan bab kasugihan lan drajad-pangkat kadonyan.
Wontening tetingalanipun, Dhaniel anggadhahi kayakinan pradataning Pengadilanipun Allah mutus sedaya pangwasa ingkang nindakaken bab ingkang cengkah klayan kersanipun Allah badhe dipun sirnakaken (7:26). Salajengipun ingkang ngasta peprentahan inggih Allah ingkang Kang Mahaluhur. Allah Kang Mahaluhur masrahaken peprintahanipun dhateng sagunging para suci, inggih punika umat kagunganipun Allah. Inggih dhumateng peprintahanipun para suci wau sedaya pangwasa ing jagad raya punika badhe ngabdi lan mbangun turut.
Para suci saged nampi kamulyan boten krana pambudidayanipun piyambak. Kaluhuran lan pangwasa kaparingaken dening Gusti Allah, dhedhasar kalomaniPun inggih sih rahmatipun Allah. Sinten ingkang sinebat para suci ? Kitab Wahyu 11:16-19 nedahakan bilih punika para pinisepuhing pasamuwan-pasamuwan ingkang sami sumungkem sujud sumuyud dhateng Allah. Tegesipun para suci punika para kagunganipun Allah lan sami sedya taat ngajak sedaya umatipun. Inggih para suci kagunganipun Allah wau ingkang sami nampi lan ngraosaken kaluhuran lan pangwasa kaswargan sih rahmatipun Allah.
Kita sami para pitados estunipun sampun dados manungsa ingkang mulya,kebak kaluhuran krana sih rahmatipun Gusti. Kita sami sampun nampi peparing kaluhuran lan kamulyan saking Gusti piyambak. Yen makaten estunipun kita ugi kelilan ndherek ing peprintahanipun Gusti, malah kedah nedhaken lampah ingkang cundhuk klayan katemtuan-katemtuanipun Gusti, matemah sedaya sami mbangun turut Gusti. |*BP
