+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 16 Mei 2025 Minggu Paskah IV

Daniel 7: 13-14; Jabur 148; Wahyu 11:15

SUMANGGA MEMUJI GUSTI ALLAH

“Haleluya ! Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga ! Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur”. (Jabur 148:1)

              Tanpa dipun ajak utawi dipun dhesek-dhesek kita para kagunganipun Gusti mesthi tansah memuji Gusti, rak makaten! Lajeng punapa sebabipun juru mazmur ngajak “padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ?”. Malah boten namung manungsa ingkang dipun ajak memuji Gusti Allah, nanging sedaya jinising titahipun Allah dipun ajak memuji : srengenge, rembulan, lintang-lintang, sedaya jinising kewan, jinising tetuwuhan dipun ajak memuji Guti Allah.

              Pepujen ngluhuraken Allah wau mila leres kedah dipun aturaken dening sedaya titah. Pratelaning kitab Jabur punika,cunduk kaliyan isining kitab Dhaniel 7:13,4 bilih sang Putrane Manungsa rawuh sowan dhateng ngarsanipun “Ingkang sepuh” kangge nampi pangwasa lan kaluhuran ingkang mengku sajagad. Inggih sadaya titah sami sujud manembah lan memuji dhateng sagptrane Manungsa. Ugi cundhuk kaliyan tetingalanipun Yokanan ingkang kasebut ing kitab Wahyu 11:15 ingkang nyebataken wontenipun malaekat kapitu ingkang ngungelaken kalasangka,mbiwarakaken Sang Jebadanipun Allah jumeneng Ratu langgeng salami-laminipun. Putrane Allah  inggih sang Jebadanipun Allah ingkang jumeneng Ratu langgeng, boten sanes inggih Panjenenganipun sang Kristus. Inggih Gusti Yesus Kristus ingkang saderengipun sumengka dhateng swarga sampun mratelakaken anggenipun nampi pangwasa  ing swarga lan ing bumi (Mat.28:18). 

              Mila yen mripating kapitadosan kita ngemataken kanthi trewaca,kita saya saged mangertos wontenipun  dhasar ingkang gumathok bab anggen kita memuji Allah. Kita memuji Allah botan kok namung rubuh-rubuh gedhang,boten namung ela-elu,melu-melu, tiru-tiru, boten makaten! Kita memuji Allah krana kita mangertos lan pitados salugu bilih Panjenenganipun Gusti Allah nitahaken langit lan bumi dalah saisinipun. Kanthi salugu ugi pitados bilih Gusri Allah terus lan tetep  makarya ngimati titahipun tanpa wonten ingkang kelepyan. Malah Gusti ugi  milujengaken  kanthi pangwasanpun lan katresnanipun ingkang tanpa winates. Kanthi dhasar makaten punika sumangga tan kendhat memuji Gusti kanthi trusing manah lan temen-temen ing sadhengah kawontenaning gesang, bingah utawinipun sisah! Kadhasaran sikep kita memuji Gusti Allah, mila sedaya titah sanesipun (ing alam jembar punika: sato kewan, tetuwuhan, lan sanesipun) saged lumampah tata lan harmonis. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *