Yehezkiel 2:8-3:11; Jabur148; Wayhu 10:1-11
TETEP NGABARAKEN INJIL SANAJAN AWRAT
“Tampanana lan panganen; iku bakal marakake wetengmu pait,nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya mad. … Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu”. (Wahyu 10:9,11)
Kita sami mangertos bilih ngundhangaken Injil tentrem rahayu punika awrat; kathah pepalang ingkang mesthi dipun adhepi. Gusti pirsa bab wau! Ing swasana ngadhepi bangsa ingkang wangkot, boten manut kersanipun Gusti, Yokanan nampi tetingalan wonten kitab ingkang sampun kabuka. Kitab wau kadhawuhan ndhahar. Raosipun mila legi, manis kados madu, nanging badhe ndadosaken padharanipun pait. Maksudipun inggih punika bilih Yokanan kedah ngundhangaken pawarta Injil dhateng umat ingkang wangkot manahipun inggih punika yen Gusti Allah badhe ngluwari saking paukumanipun. Yokanan ngemban dhawuh wau ! Kitab tinarbuka isi sihrahmatipun Gusti bab apuraning dosa kedah dipun biwarakaken. Ing sasisih , temtu punika mbingahaken manah,ngresepaken kangge Yokanan. Nanging sisih sanesipun dhawuh wau ugi kasanepakaken saged karaosaken pait lan padharan dados sakit jalaran badhe wonten ingkang boten nampi pawarta becik wau, wonten ingkang nampik; boten sedaya tiyang purun nampi Injili kabingahan.
Pratelan wau ugi sampun nate kaweca dening nabi Yehizkiel (2:8-3:11); Yehizkiel kadhawuhan ndhahar gulunganing kitab (isi kabar kabingahan) lan kedah dipun biwarakaken dhateng umat kagunganipun Allah ingkang mbalela. Pamurihipun sami puruna mratobat. Pancen resikonipun awrat jalaran saged kelampahan sami sengit dhateng nabinipun Allah wau. Ewasemanten nabi kedah terus mbiwarakaken isining kitab wau dhateng umatipun.
Leres bilih ngemban dhawuh kangge nindakaken kasaenan lan nggelaraken Injiling tentrem rahayunipun Gusti pancen boten entheng. Boten kanung katampiking piwulang nanging ugi ngantos nampik kita sami ingkang memulang. Punika saged njalari kita ngraosaken paiting gesang, semplah. Ewasemanten Gusti tetep dhawuh supados terus-terusan ngabaraken kabar kabingahan. Engeta lan pitadosa bilih Gusti ingkang jumeneng Sang Imanuel mesthi nganthi kita. Sang Roh Suci, Rohing Panglipur lan Kayekten mesthi nglipur,ngiyataken lan memulang kita kangge kuwagang nindakakan ayahan pakabaran Injiling tentrem rahayu. |*BP
