Yeremia 50:17-20; Jabur 100; Yokanan 10: 31-42
SANES HOAKS!
“Sanadyan nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh
kang di- pangandikakake dening nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.
Lan sabanjure akeh wong ing kono kang padha manjing pracaya
marang Panjenengane”. (Yokanan10:41-42).
Hoaks, punika pawarta ingkang palsu, boten leres lan mesthi kemawon nasaraken tiyang. Mila para ingkang kawogan meling kanthi wanti-wanti supados masyarakat boten gampil nampi saben pawarta, kedah dipun tlesih, dipun saring rumiyin kangge ngyakinaken bilih pawarta wau sanes hoaks. Menawi pawarta mila leres mesthi ageng sanget paedahipun.
Kacariosaken kathah tiyang sami ndherekaken Gusti Yesus tindak dhateng sabranging Yarden, papan anggenipun Yokanan mulang lan mbaptisi tiyang. Sajakipun tetiyang wau sami enget dhateng Yokanan ingkang nate nyariosaken bab Gusti Yesus. Yokanan nate ngandika yen Gusti Yesus linangkung mulyanipun, inggil drajad lan kamulyanipun. Dene Yokanan punika namung kados swara ingkang alok-alok ing ara-ara, Yokanan boten pantes sanadyan ta namung nguculi tangsul sepatunipun Gusti. Tetiyang ingkang ndherekaken Gusti Yesus wau nekseni saestu bilih pangwasanipun Gusti Yesus temen-temen linangkung inggih kados ingkang nate dipun andharaken dening Yokanan. Gusti makarya kanthi piwulang adiluhung lan kathah nindakaken mujizat. Punapa ingkang dipun ngandikakaken dening Yokanan bab Gusti Yesus mila yekti, leres, sanes hoaks. Yokanan boten ngapusi anggenipun mbiwarakaken bab Pribadinipun Gusti Yesus pancen nyata leres.
Akibatipun punapa? Krana ingkang dipun biwarakaken dening Yokanan pancen leres lan kabukten ing pakaryanipun Gusti Yesus, mila tiyang-tiyang lajeng pitados (ay.42). Karana pribadinipun Gusti Yesus cundhuk klayan pawartanipun Yokanan, krana pawartanipun Yokanan leres wonten buktinipun inggih punika ndhatengaken paedah ageng ing ngriku, mila lajeng sami pitados dhateng Gusti Yesus. Kasinggihan, kita kedah wani micara ingkang leres, mratelakaken ing sakleresipun bab kasaenanipun Gusti. Malah inggih bab punapa kemawon kedah kita pratelakaken kanthi leres lan ing sakmesthinipun, supados tetiyang ngandel dhateng isining pawarta kita, tentu inggih ngurmati kita. Pawarta ingkang yekti, boten nasaraken tetiyang lan mesthi njalari kabingahanipun tetiyang! |*BP