+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 13 Mei 2025 Minggu Paskah IV

Yehezkiel 45:1-9; Jabur 100; Para Rasul 9: 32-35

PAWARTA BAB KASAENANIPUN ALLAH

“He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsane Yehuwah. Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,padha sowana ing ngarsane kambi surak-surak”. (Jabur 100:1,2)

              Salah satunggaling wajib kita para kagunganipun Gusti inggih punika wara-wara utawi mbiwarakaken kasaenan lan katresnanipun Allah (martosaken Injil). Tujuanipun supados sedaya tiyang sami ngraosaken kasaenan lan katresnanipun Allah wonten ing Sang Kristus.

              Juru mazmur mbiwarakaken dhateng sedaya manungsa supados sami ngakenana katresnan lan pangwasanipun Allah. Lan malih sageda sedaya manungsa  tumut ngraosaken berkah-berkahipun Allah ingkang sampun dipun tampi dening umat Israel.  Pariwara utawi uleman wau dipun udhangaken kanthi suka-bingahing manah. Mila saestunipun Jabur 100 punika mrarelakeken kabingahan ingkang kelangkung-langkung. Malah ugi ngajak sedayanipun sami ngabekti ing Allah.

              Wonten bab-bab wigati kenging punapa kedah ngakeni lan ngakekti ing Allah? 1). Krana Allah sampun nitahaken samudayanipun. Kaping kalihipun,krana Allah sampun milih,miji dados umat kagunganipun. 2). Krana Allah ngrimati pepilihanipun pindha Pangen  pepanthaning  mendanipun. Cobi kita manah-manah: Allah nitahaken sedayanipun, Allah milih dados umat kagunganipun, Allah ngrimati terus-terusan; punika rak inggih kanyatan ingkang temen mbingahaken! Makaten wau gegembaraning kasaenanipun Allah; inggih Allah setya tuhu lan penuh ing kasaenan.

              Temtu kemawon kita sami ingglh lajeng saya manteb ing pangandel bilih jagad saisinipun punika titahipun Allah,karimat dening Allah. Bilih kita pinilih dados umat tetebusan ingkang dipun wilujengken ugi krana kasaenanipun Allah anggenipun nresnani kita. Kita ugi karimat dening Allah sang Pangen Utami ingkang ugi njagi kita saking sawernining tetiyang ingkang memengsahi (engeta renungan kitab Jabur 23). Sumangga sedaya ingkang kita raosaken bab kasaenanipun Gusti,kita biwarakaken dhateng sedaya tiyang supados sami tepang dhateng Allah kita ingkang Mahatresna. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *