II Babad 5:2-14; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 26:19-29 PASEKSI KANTHI YAKIN Paring wangsulané Raja Agripa, “Mèh baé kowé ngyakinaké aku supaya dadi wong Kristen!” (Lelakone Para Rasul 26:28) Ing gesang kita minangka tiyang Kristen, temtu kita nate mireng tembung “Pekabaran Injil”. Martosaken Injil punika paseksi gesang kita, ingkang dados titikaning tiyang pitados. Kita gadhah cara gesang ingkang benten kaliyan jagad punika. Kita ngugemi bilih wonten margi ingkang nuntun dhateng gesang ingkang sampurna. Kanthi nindakaken cara-cara gesang kados punika, jagad saged nekseni bilih panci kita punika para putranipun Allah. Mila tiyang pitados kedah yakin, boten mangu-mangu, napamalih lingsem anggenipun nggelaraken paseksi supados tiyang sajagad sami nampi pawartos kawilujengan saking Gusti. Waosan Lelakone Para Rasul 26: 19-29 nyariyosaken prastawa nalika Rasul Paulus dipun adili ing sangajengipun Sang Ratu Agripa. Rasul Paulus kanthi yakin nelakaken pawartos pamratobating gesang wonten ing Sang Kristus. Sang Mesih pinasthi seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah supados nyata bilih pati sampun kawon. Sinaosa wonten panampik saking tiyang-tiyang sanes, Rasul Paulus boten keguh. Piyambakipun tetep nelakaken paseksinipun kanthi yakin. Malah ing wusananipun Sang Ratu Agripa nelakaken bilih piyambakipun meh mawon dados tiyang Kristen amargi mireng paseksi kalawau. Salajengipun Rasul Paulus ndedonga supados sedaya tiyang ingkang mirengaken paseksinipun saged ngugemi kayektenan ingkang sami. Prekawis ingkang asring kita panggihi nalika kedah martosaken Injil inggih punika panampik lan raos lingsem. Kamangka, panampik punika prekawis ingkang limrah kalampahan nalika kita martosaken Injil. Ananging, sampun ngantos kita malah dados lingsem nalika kedah nelakaken jatidhiri kita minangka tiyang Kristen. Paseksi punika kedah kanthi yakin! |*WAS
Setu, 31 Mei 2025 Minggu Paskah VI
Pangentasan 33:18-23; Jabur 97; Yokanan 1:14-18 GUSTI ALLAH MAWUJUD DADOS MANUNGSA “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makowon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektn” ( Yokanan 1:14) Injil Mateus lan Lukas kawiwitan carios bab wiyosipun Gusti Yesus. Dene Injil Yokanan kawiwitan wontenipun carios punapa ta jalaranipun dene wonten wujud sang Bayi Yesus, Putraning Allah. Estunipun Gusti Yesus punika Sang Sabda ingkang nunggil kaliyan Allah; mila inggih Allah piyambak. Elokipun Sang Sabda maujud ing blegering daging, inggih ing kadaginganipun manungsa. Manungsa punika titahipun Allah ingkang mulya. Nanging yen Injil Yokanan mratelakaken Sang Sabda wus dadi daging, maksudipun bilih Allah ingkang mulya karsa ngagem citraning kamanungsan ingkang ringkih, ingkang kersa ngrucat kamulyan, makuwon utawi “dedalem wonten ing salebeting“ gesangipun manungsa. Panjenenganipun saestu boten beda kaliyan kita manungsa. Panjenganipun ngrucat kamulyan, manunggil klayan manungsa. Punika boten kadosdene peksi ingkang mabur mandhap ing siti sekedhap lajeng mabur manginggil malih. Nanging temen-temen manunggil klayan kita manungsa, inggih ing karingkihan kita. Wewujudanipun Sang Sabda ingkang dados daging punika ingkang dipun cariosaken ing wiwitanipun Injil Mateus lan Lukas: carios bab wiyosipun Gusti Yesus. Dene Yokanan nyariosaken punapa sebabipun mekaten. Sang Sabda ingkang dados daging punika mulya, jumeneng Putraning Allah ingkang ontang-anting, ingkang kapenuhan sih-rahmat lan kayekten. Mila Panjenenganipun boten kok ringkih, Panjenenganipun makuwon ing daging supados sami kadosdene manungsa ngraosaken kaapesan lan kasangsaran. Sanadyan makaten Panjenenganipun tanpa dosa!( Ibr.4:15). Kanthi cara makaten, Panjenganipun ngersakaken dados mitra kita, nunggil kaliyan kita. Kanthi mangertos lan pitados dhateng Gusti Yesus ingkang minangka wewujudan kadaginganipun Allah, kita sangsaya yakin bilih Gusti Allah saestu nilaraken kalenggahaning ka-Allah-anipun, kangge manunggil kaliyan kita lan njalari kita manggih lan ngraosaken ayem-tentrem lan kawilunengan langgeng. Amin.|*BP
Jemuwah, 30 Mei 2025 Minggu Paskah VI
Pangentasan 33:12-17; Jabur 97; Wahyu 22:6-9 JATINING PEPRINTAHANIPUN ALLAH “Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak, pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena!”. (Jabur 97:1,2) Ingkang nama raja,mesthi kagungan pangwasa nemtokaken sadaya lelampahan ing peprentahanipun. Makaten ugi Pangeran Yehuwah, ingkang jumeneng Raja. Juru mazmur ngajak bumi saisinipun, pulo-pulo ugi kaajak samia sukarena, memuji Gusti Allah Sang Raja. Kalenggahanipun Gusti Allah jumeneng Raja pancen kinepung ing dayanipun pepeteng; kados nggambaraken iba anggenipun Allah punika kineker, kebak rahasia, misteri, tan saged jinajagan dening daya kekiyatanipun manungsa. Sinten kemawon boten wonten ingkang saged mangertosi Allah ing sasampurnanipun! Ewasemanten Juru mazmur mratelakaken sisih sanesipun bab Allah sang Raja wau! Pranyata Allah ingkang pancen misteri punika, jatidhirinipun mulya. Sadaya pakaryanipun linandhesan moralitas utawi sikep moral ingkang inggil drajadipun. Pakaryanipun inggih punika punapa kemawon ingkang dipun tindakaken Gusti Allah dhasaripun pranatan ingkang sampun katemtokaken inggih kaadilan lan angger-angger. Punapa kemawon ingkang dados pakaryanipun Allah,linandhesan sikap moral ingkang gumathok inggih punika murih lumampahing kaadilan lan cundhuk klayan pranatan-pranataniPun. Pramila mesthi boten badhe damel cilaka lan kapitunaning sedaya titahiPun. Gandheng sipatipun Allah makaten,mila Sion lan para putrining Yehuda (inggih punika sedaya umatipun Allah) sami kaajak memuji Allah,asurak-surak gumbira. Mekaten ugi sedaya jinising titah sanesipun ing alam jembar puniki. Gusti Allah sang Raja ngetrapaken lampahing peperintahanipun linandhesan kaadilan lan angger-angger, mila kita sami nampi piwulang adi, inggih punika kita kedah gesang kanthi ukuran moral ingkang inggil, inggih punika njejegaken kaadilan lan taat nindakaken katemtuanipun Gusti. Sedaya-sedayanipun kedah kita lampahi dhemi lumampahing kaadilan lan krana kita mbangunturut ing kersanipun Gusti. Dados, anggen kita lumampah makarya boten manut ing pikajeng kita piyambak. Kita boten kepareng tumindak kanthi dhasar kangge kapentinganing dhiri, tanpa perduli dhateng sesami; boten makaten. Tatanan moralitas ingkang ndhasari pakaryan kita temtu kemawon murih lumampahing kaadilan lan kabingahaning sesami lan harmonisipun alam jembar titahipun Gusti Allah. |*BP
Kemis, 29 Mei 2025 Dinten Sumengkanipun Gusti Yesus
Lelakone Para Rasul 1:1-11; Jabur 93; Efesus 1:15-23; Lukas 24:44-53 GUSTI YESUS MENGKU JAGAD RAT “Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuan minangka Sesirahing samubarang kang ana”. (Efesus 1:22) Dinten punika pahargyan pengetan Sumengkanipun Sang Kristus dhateng swarga. Bab carios mekradipun Gusti Yesus sampun cetha ! Ing satunggaling wekdal Gusti Yesus sesarengan para sekabatipun dumugi sacelakipun dhusun Betania. Ing ngriku Gusti mulung,ngangkat astanipun mberkahi lajeng sumengka manginggil dhateng swarga. Para sekabatipun sami cingak , gumun lan ndomblong. Nanging malaekat enggal ngengetaken “… he wong-wong Galilea, ya gene kowe padha tumenga marang langit ? Gusti Yesus kang sumengka marang ing swarga nilar kowe kabeh iki,bakal rawuh maneh…”. Salajengipun para sekabat bingah wangsul dhateng Yerusalem. Saderengipun lelampahan ing ngriku, Gusti sampun nate ngandika Saderengipun anggenipun “tindak mrika” nyawisaken papan kangge kita lan badhe rawuh malih methuk kagunganipun, dipun papanaken ing kamulyan langgeng sesarengan Panjenenganipun. Dhedhasar pangandel ing pangandika wau, rasul Paulus yakin bilih Sang Kristus ngasta pangwasa tumrap sedaya ingkang mobah-mosik ing jagad punika. Samudayanipun karegem ing asta Pangwasanipun Gusti. Caranipun Gusti mengku sajagad-rat kanthi anggenipun jumeneng Sesirahing sadayanipun ing jangad ngriki. Adegipun sang Kristus pinangka Sesirahing pasamuwan boten namung winates dados sesirahipun para tiyang pitados lan greja, nanging ugi sesirahipun samukawis ingkang wonten ing jagad ngriki. Tegesipun lumantar pasamuwanipun Gusti, samukawis ing jagad punika kaereh lan kapranata dening sang Kristus. Sang Kristus karenan ngagem pasamuwanipun lan paring daya supados sageda gadhah daya kangge mempengaruhi jagad punika. Lah ing adeging pasamuwanipun Gusti ingkang makaten wau,mila kita para kagunganipun Gusti nampi timbalan kangge kiyeng makarya murih maujudipun ayem tentrem ing jagad. Mila leres yen Gusti dhawuh dhateng para sekabatipun supados tetep wonten ing Yerusalem rumiyin kangge nengga rawuhipun Roh Suci ingkang nyarengi lan njangkepi para sekabat kangge kuwagang makarya ngabaraken Injiling katentreman lan karahayon. |*BP
Rebo, 28 Mei 2025 Minggu Paskah VI
II Babad 34:20-33; Jabur 93; Lukas 2:25-38 NGANTOS ADIYUSWA TETEP SEMANGAT “Lan maneh ana nabi wadon, jenenge Hana… lan saiki umure wolung puluh papat taun.Ora mengeng saka ing Padaleman Suci….nalika iku dheweke iya mrono ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta nyaritakake bab Sang Timur mau” (Lukas 2:36-38) Kita sami enget cariosipun Simeon lan Hana, ingkang ing yuswa sepuhipun – krana panuntunipun sang Roh Suci – pinanggih kaliyan Bayi Yesus nalika dipun aturaken ing padaleman Suci dening rama-ibunipun miturut pranataning Toret. Simeon dipun keparengaken mbopong Sang Bayi Yesus. Dene Hana ingkang ugi marek ing Padaleman Suci sanadyan boten kacariosaken mbopong, inggih lajeng atur panuwun dene kelilan pinanggih klayan Sang Mesih, Yesus Kristus. Ibu Hana sampun yuswa 84 taun, temen-temen ibu sepuh adiyuswa. Ibu Hana tiyang sepuh ingkang unggul, ingkang pinuji jalaran gesangipun mursid, ngabekti ing Allah, tansah ngantu-antu rawuhipun Sang Mesih, setya nglampahi ritual agami. Sinareng pinanggih sang Mesih, ibu sepuh wau lajeng atur panuwun dhateng Allah lan mrika-mriki kiyeng nyariosaken bab Gusti Yesus. Ibu Hana sanadyan sampun sepuh sanget, nanging tetep bakuh ing pangandel, sregep ngibadah lan malah tanpa gadhah raos wegah ngabaraken bab sang Kristus, sregep lan semangat ngabaraken Injiling tentrem rahayu. Semangatipun terus makantar-kantar mbiwarakaken katenteman dhateng tetiyang ingkang ngajeng-ajeng rawuhipun pangluwaran. Ing pundia kemawon wonten tetiyang ingkang ngantu-antu rawuhipun pangluwaran, ing ngriku ibu Hana mesthi ngaturi kabar. Gusti sampun ngganjar umur lan gesang dhateng kita. Gusti ugi sampun paring sadhengah berkah dhateng kita kangge lumampah ing gesang punika. Gusti ugi ingkang sampun milujengaken kita lan paring cekaping kawruh bab sang Kristus, bab katresnan lan pakaryaning sang Kristus ingkang milujengaken. Nuladhani ibu Hana, mila sumangga sami mbangun adeging manungsa ingkang adiyusw: ngraosaken sihrahmat kawilujengan peparingipun Allah wiwit anem ngantos ing kasepuhan kita. Kita ugi nuladha ibu Hana dados manungsa ingkang sregep nindakaken dhawuh ngabaraken Injiling tenrem rahayu. Umur lan gesang ing kasepuhan pancen kathah karingkihan,nanging boten ateges mlempem ing semangat iman, namung mendel kemawon. Sumangga sregep utawi kiyeng ing pakaryan Injil, murih luhuring asmanipun Gusti Allah. |*BP
Slasa, 27 Mei 2025 Minggu Paskah VI
II Babad 15:1-15; Jabur 93; Wahyu 21:15-22 WEWUJUDANIPUN YERUSALEM ANYAR “Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci,amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe”. (Wahyu 21:22) Nalika nggegilut Wahyu 21 ing dinten Minggu tanggal 18 kepengker, kita nampi piwulang bilih langit lan bumi anyar tegesipun bilih lelampahaning tiyang pitados punika asipat inklusif, narbuka manah kanggge sintena kemawon lan saking bangsa pundia kemawon. Punika krana rawuhipun sang Kristus mila kangge sedaya manungsa tanpa pilih kasih. Yen ing dinten sapunika kitab Wahyu 21 nerangaken bab Yerusalem anyar,maknanipun kadospundi? Yerusalem anyar punika sanes kitha kebak bangunan ingkang ageng,inggil lan mewah,wonten sekolah berkwalias, rumahsakit terbaik, hotel berbintang, bangunan greja ageng-ageng lan mewah,lampu-lampu mewah pating kerlip lan padhang njingglang, boten makaten! Wahyu 21 punika mratelakaken yen ing Yerusalem anyar, lha kok boten wonten Padaleman Sucinipun! Yerusalem anyar wau ugi boten perlu wonten soroting padhang kados ta lampu,srengene lan rembulan lan sanesipun. Padaleman Suci ing Yerusalem anyar pranyata inggih Pribadinipun Allah piyambak, inggih ing Sang Cempening Allah piyambak. Yerusalem anyar kalimput ing swasana pangwasanipun Allah, samudayanipun sampun sinucekaken dening sang Cempening Allah. Nalikanipun Yerusalem anyar dereng maujud sedaya kawontenaning greja, pangibadah, kegiatan lan sadhengah ritual agami, punika perlunipun kangge dados cara anggenipun para tiyang pitados kakiyataken pitadosipun. Ritual agami saged kangge ngiyataken pitados kita. Lah Yerusalem anyar sampun boten merlokaken sadhengah cara kangge ngiyataken pitados. Punika jalaran Kristus sang Cepnening Allah, inggih Allah piyambak ingkang sampun nucekaken kanthi sampurna. Ing swasana Yerusalem anyar punika Kristus piyambak ingkang nganthi, nyarengi gesangipun manungsa. Yerusalam anyar mila swasanaing jagad ingkang winengku,karengkuh lan dipun kwasani dening Gusti Allah wonten ingsang Kristus. Kita para pitados estunipun sampun begesang ing Yerusalem anyar krana sampun kinumbah dening Rahipun sang Cepmening Allah. Mila rahayu lan begja kula lan panjenengan dene sampun kelilan nikmati swasananing Yerusalem anyar. |*BP
Senen, 26 Mei 2025 Minggu Paskah VI
I Babad 12:16-22; Jabur 93; Wahyu 21: 1-14 PANGWASANIPUN ALLAG MILA LINANGKUNG “Dhun Yehuwah,lepen-lepen samu kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun. Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur,ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara”. (Jabur 93:3,4) Sinten kwmawon ingkang nekseni alam jembar titahipun Allah; wontenipun redi-redi,wontenipun ngare, wontenipun alas gung-liiwang-lirung, wontn segara jembar lan sanesipun mesthi kaeraman. Makaten endahing jagad titahipun Gusti Allah. Pancen Allah Makhakawasa! Makaten ugi sang juru mazmur anggenipun nyipati lepen-lepen dalah werni-werni jinising titah sanesipun. Kekidungan bab swara kumrasak lan jumleguripun toya lan lepen-lepen lepen-lepen nyanepakaken bab was-sumelangipun manungsa ngadhepi swasananing kahanan. manungsa sami sesambat iba awratipun momotaning gesang. Manungsa anamung titahipun Allah tanpa daya yen ngadhepi Allah sang Pencipta ingkang Mahakwasa lan tanpa daya ngadhepi awrating kahanan. Ewasemanten Pangwasanipun Allah kaibarataken “ngungkuli kumrasake banyu agung,ngungkuli pjumlegure alun ing segara”; ngungkuli daya kekiyataning alam jembar punika. Juru mazmur nggegambar bilih Allah boten wonten tandhinganipun, sintena kemawon boten badhe nandhingi Gusti Allah. Allah mila ebat sanget tanpa wonten tandhinganipun. Pramila juru mazmur (ing ayat 1) mratelakaken “Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing”. Pepujian punika cetha sanget nelakaken yen Gusti Allah Mahakwaos; pangwasanipun liangkung tanpa tandhing. Ing pangreksanipun, sedaya titah boten ewah-gingsir, tetep ing lampahipun miturut ing sakarsanipun Gusti Allah. Kitab Jabur punika ngajak kita para pitados samia nuladha Juru masmur, inggih punika mbangun pangandel bilih Allah punika Maha kuwaos lan inggih namung Panjenenganipun ingkang kedah sinembah,namung Allah ingkang kita gunggung. Sadaya jinising titah – kalebet kita manungsa – tetep kemawon winates ing ngarsanipun Gusti Allah. Pramila ingkang prayogi inggih punika sumangga sami memuji ngluhuraken Gusti Allah kanthi anggen kita tetep bakuh lan setya ing pitados, tetep gesang ing pambangun-turut nindakaken dhawuhipun Allah. |*BP
Ahad, 25 Mei 2025 Minggu Paskah VI
L. Para Rasul 16:9-15; jabur 67; Wahyu 21:10:10,22-22:5; Yokanan 14:23-39 INILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES “Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhonia ngadeg lan matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya” (Lelakone Para Rasul 16:9) Bab ngabaraken Injil nate wonten sesanti ”from …. to the other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking kitha tertemtu ngantos dumugi ing saindenging jagad. Pancen menggah rancangan kawilujenganipun saking Gusti Allah,mila ing saindenging jagad. Daya pangwasanipun sang Roh Suci mila ngebat-ebati, ngantos wonten pembereg kiyat sanget tumrap rasul Paulus kedah ngabaraken Injil dhateng negari-negari manca. Paulus sarombonganipun sampun wiwit nindakaken ngabaraken Injil ing sajawining Yerusalem. Tebaning laladan pakabaran Injil saya wiyar malih kadhasaran wontenipun wahyu tetingalan ingkang dipun alami rasul Paulus. Ing wahyunipun, Paulus ningali wonten tiyang Makedhonia ngawe-awe… mrenea, mrenea, tulungana aku kabeh ing kene…! Maknaning wahyu wau dados pratandha kedah kekesahan ngabaraken Injil dhateng wilayah ingkang langkung tebih ing sabranging segara kilen ngrika. Temen sarombonganipun rasul Paulus lajeng ngemban misi mangilen numpak kapal nyabrang mrika. Ngabaraken Injil ngg laladan pulo Samotrake,wilayahipun peprentahan Rum. Pranyata ing taun-taun candhakipun, saya kathah tiyang manjing pitados dhateng Gusti, berkembang, tuwuh wontenipun greja-greja. Nekseni carios pakabaran Injil kala semanten wau, saestu ngresepaken manah kita. Pakaryanipun Allah lan daya pamberegipun sang Roh Suci ndadosaken para rasul kebak ing kekendelan, ingkang tundhonipun tuwuh wontenipun kathah greja. Saestu ndadosaken kita mongkog ! Carios wau inggih lajeng mbereg kula lan panjenengan sumangga narbuka manah purun kautus ngabaraken Injil ing pundia kemawon. Lan ugi mbereg kita sampun ngantos kendho ngabaraken Injiling tentrem rahayu dalah inggih saya mempeng anggen kita pados cara supados Injiling tentrem rahayu karaosaken dening kathah tiyang. Ing dinten punika 25 Mei, dinten Oikoumene Indonesia, dinten pengetan madegipun Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI). Manunggaling greja-greja mila ugi perlu lan punika dados kekiayatan kangge ngabaraken Injil. |*BP
Setu, 24 Mei 2025 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 2:9-15; Jabur 67; Lukas19:1-10 ALLAH MIGATOSAKEN SADAYA BANGSA “Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Pajenengane muga kersaa nyunari kita kalawan wedanane, supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya” (Jabur 67:2,3) Padatanipun umat Israel ngrepekaken Jabur 67 ing riyaya Tancebing Tarub (Pondok Daun) kangge nggunggung memuji Allah ingkang kwasa milujengaken, ingkang paring sih rahmat dhateng umatipun lan dhateng bangsa-bangsa sanes. Pepujian wau kangge nelakaken kapitadosanipun umat bilih Allah migatosaken boten namung dhateng umat kekasihipun inggih punika Israel kemawon,ananging ugi kangge sedaya bangsa. Bangsa Israel inggih umatipun Allah kadosdene cara benggala kangge ningali bangsa-bangsa sajagad. Katresnan lan kawigatosanipun Allah dhateng Israel mbuktekaken ugi anggenipun Allah migatosaken bangsa sajagad. Krana makaten,mila ing pandonganipun juru mazmur matur “Gusti Allah muga paring sihrahmat lan berkah marang kita … supados margi Paduka kasemerepan wonten ing bumi… wonten ing satengahing bangsa sadaya”. Ing pepujian lan pandonga wau, juru mazmur boten rila yen bangsa-bangsa sanes sajagad punika ngantos boten nampi pangertosan lan berkahipun Allah. Umatipun Allah nampi berkah, mila bangsa-bangsa sanes ugi nampi berkah, jalaran Allah pancen ugi migatosaken bangsa-bangsa sanes. Salajengipun pepujian lan pandonga punika ugi ngemot semangat misioner,semangatipun umat boten namung “urip kanggo awake dhewe”, ananging ugi kangge tiyang-tiyang sanes. Lantaran kekidunganing mazmur punika,umat kawulang supados boten egoistis; umat kawulang supados inklusif,narbuka manahipun kangge migatosaken tetiyang sanes. Andharaning juru mazmur punika ndhodhog manah kita sami sampun ngantos namung nengenaken kapentinganing dhiri kemawon,ananging ugi puruna migatosaken kapentinganing liyan. Ing Lukas 19:1-10 Gusti Yesus ugi sampun memulang lantaran anggnipun nimbali lan memulang Zakeus supados boten namung mbujeng kapentinganing dhiri, boten meres lan ngakali tiyang sanes pados kangge ngukup bebathen. Gesang punika kedah migatosaken kabetahaning ngasanes murih ayem tentremipun tiyang sanes. |*BP
Jemuwah, 23 Mei 2025 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 2:6-8; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 16:1-18 JALARANIPUN DADOS TIYANG PITADOS “Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening rasul Paulus”. (L. Para Rasul 19:14b) Kathah paseksi kados pundi tetiyang kok ngantos dados tiyang kristen, pitados dhateng Gusti Yesus Kristus sang Juruwilujengipun. Wanci punika kita nampi paseksi ingkang dipun cariosaken dening Lukas bab wontenipun tiyang estri nama Lidhia, bakul kain wungu ing kitha Tiatira. Tiyang wau cetha tiyang Yahudi (agama Yahudi) ingkang nembe nglempak sesarengan ibu-ibu sanesipun ing Sinagoge (papan pangibadah Yahudi). Ibu Lidhia punika bekti ing Allah (mursid), tegesipun gesang miturut angger-anggering Toret. Nalika rasul Paulus memulang (khotbah), lha ibu wau kok purun mirengaken! Ibu Lidhia ngugemi agami Yahudi, taat dhateng isining kitab Toret. Nanging kok purun mirengaken khotbahipun rasul Paulus bab Gusti Yesus ! Ing tembenipun Lidhia kabaptis, tegesipun dados tiyang pitados dhateng Gusti Yesus, dados tiyang kristen, tiyang ingkang nilar agaminipun Yahudi. Punapa Lidhia pancen tertarik dhateng kekristenan? Punapa Lidhia kasengesem dhateng piwulang utawi khotbahipun Paulus? Pranyata boten makaten! Lukas paring paseksi anggenipun Lidhia purun mirengaken piwulangipun Paulus pranyata “atine wis binuka dening Gusti”. Inggih Gusti Mahakwasa lanMaha asih, ingkang narbuka pikiran lan manahipun Lidhia,nganrtos purun mirengaken Injiling sang Kristus ingkang kawulangaken dening Paulus. Inggih krana manahipun binuka dening Gusti, lajeng kabaptis dalah sa-brayatipun. Krana Allah narbuka Lidhia, mila ibu wau dados tiyang pitados! Salajengipun angge mbuktekaken pitadosipun, Lidhia ngaturi lan rombonganipun Paulus rawuh ing griyanipun; sajakipun syukuran! Iba begjanipun tiyang ingkang tinarbuka manahipun dening Gusti Yesus , ngantos purun mirengaken sabdaniPun lan akhiripun pitados. Estunipun tiyang ingkang temen-temen purun mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, punika pratanda yen tiyang wau manahipun sampun kabuka dening Gusti. Mirengaken tegesipun migatosaken,manah-manah,merenungkan bilih pangandikanipun Gusti mila leres lan kebak pangwasa,lajeng nindakaken ing padintenanipun. Sabda ingkang dipun pirengaken lan dipun pigatosaken punika saya nambah kandeling pitados, iman boten badhe miyar-miyur ngadhepi sedaya jinising godhan. Mugi Gusti piyambak ingkang nyempuluraken pitados kita! |*BP
