Wulang Bebasan 4:1-9; Jabur 8; Lukas 2:41-52 KINASIHAN DENING ALLAH LAN MANUNGSA “Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané, apadéné saya kinasihan déning Allah lan manungsa” (Lukas 2:52) Punapa ingkang kita raosaken nalika mangertosi menawi anak kita punika lare ingkang berprestasi wonten ing sekolah, aktif ing organisasi OSIS lan pramuka, ugi sregep peladosan ing gereja minangka pemain musik lan guru sekolah Minggu? Temtu minangka tiyang sepuh saestu bombong. Ningali lare sekolah ingkang canthas lan sregep kemawon sampun ngremenaken, ditambah malih anggenipun leladi ing greja ugi boten kendhat. Satimbang antawisipun sekolah (akademis) lan peladosan (spiritual) punika kalebet langka, boten kathah ingkang saged kados makaten. Kathah-kathahipun, namung saged unggul ing satunggal sisih kemawon. Lukas 2: 41-52 ngemutaken kita dhateng lelampahan nalika Gusti Yesus ndherek tiyang sepuhipun nindakaken pangibadah Paskah ing Yerusalem. Ananging nalika tiyang sepuhipun kondur, Gusti Yesus ingkang wekdal punika taksih kendel ing Yerusalem, malah wawan rembag kaliyan para alim-ulama. Tiyang kathah sami kaeraman kaliyan kapinteranipun Gusti Yesus anggenipun mangertosi babagan Kitab Suci. Kaserataken ugi bilih Gusti Yesus sangsaya mindhak ageng kinanthenan kawicaksanan ingkang ndadosaken kinasihan dening Allah lan manungsa. Mbok menawi kita sampun nate mireng pamanggih kados makaten “boten napa-napa disengit kaliyan manungsa sauger kinasihan dening Allah”. Prekawis punika saged kemawon kalampahan, ananging menawi saged kita ngudi supados saged kinasihan dening kekalihipun. Awit menawi namung kinasihan dening Allah tanpa kinasihan dening sesami, gesang kita dados awrat sanget. Mekaten ugi menawi namung kinasihan dening manungsa tanpa kinasihan dening Allah, gesang kita boten badhe lestari wonten ing kalanggengan. |*WAS
Jemuwah, 13 Juni 2025 Minggu Pentakosata
Wulang Bebasan 3:19-26; Jabur 8; Efesus 4:1-6 SABAR “Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar. Padha lairna katresnanmu sarana tulung-tinulung” (Efesus 4:2) Kawontenaning jaman punika sangsaya dangu sangsaya maju lan lampahing kemajengan punika rikat sanget. Mila lajeng wonten istilah “ketinggalan jaman” nalika satunggaling tiyang boten saged nututi punapa ingkang dados kemajenganing jaman. Jaman ingkang rikat, ingkang sarwa cepet, punika boten ngeman tiyang-tiyang ingkang lampahipun rindhik. Manungsa modern kedah saged cekat-ceket, saha kedah langkung efektif. Perangan punika ingkang ndadosaken manungsa modern rumaos awrat menawi kedah sinau sabar, kedah ngadhepi samudayanipun kanthi sareh lan andhap asor. Sabar sapunika sanes perangan ingkang gampil katindakaken, langkung malih nalika kedah ngadhepi kawontenaning jagad ingkang sarwa rikat lan sarwa kepengin praktis. Ananging kadospundi timbalan kita minangka para pendherekipun Gusti? Sabar punika tetep minangka timbalan tumrap gesang kita. Waosan Efesus 4:2 ngemutaken kita supados tetep tumindak andhap asor, sareh, lan sabar. Gesangipun tiyang pitados punika kedah kinanthenan sikep tresna lan sagah mitulungi liyan. Bab punika temtu awrat, ananging boten ateges kita boten saged nindakaken. Rasul Paulus mucal dumateng kita bilih gesangipun tiyang pitados punika gesang ing salebeting patunggilan: tunggal badan, tunggal Roh, tunggal Gusti, tunggal kapitadosan, lan tunggal baptisan. Patrap gesang ingkang sabar punika minangka wujuding pangrimat kita dhateng gesang masamuwan. Patrap gesang ingkang sareh, sabar boten namung katandukaken wonten ing gesang masamuwan, ananging ugi ing gesang padintenan kita. Nalika kathah tiyang sami krabyakan, kita tetep saged nindakaken patrap sabar, sareh supados boten namung saderma rikat, ananging ugi menggalih kanthi lebet lan wening kawontenaning gesang. Sikep sabar, sareh ugi saged dados pirantining gesang nalika kita nembe ngadhepi sawernining prekawis. Sumangga para tiyang pitados, kita sinau sabar lan dados tuladha gesang minangka para pendherekipun Gusti. |*WAS
Kemis, 12 Juni 2025 Minggu Pentakosta
Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 8; Efesus 1:17-19 INVESTASI “Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang oleh kapinteran, awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka lan pikolehe ngungkuli emas” (Wulang Bebasan 3:13-14) Kita temtu wanuh kaliyan tembung “investasi”. Investasi punika nalika kita nyimpen utawi nyelengi kangge ngawekani kabetahaning gesang ing wekdal-wekdal ingkang badhe kelampahan, kadosdene nalika gerah lan mbetahaken dana ingkang boten sekedhik, utawi nalika kita sampun sepuh lan boten kuwagang makarya ananging tetep wonten ingkang saged kita dadosaken sarana kangge nyekapi kabetahaning gesang. Wonten ing jaman samangke kathah sanget wujuding investasi lan ikhtiyar ingkang dipun lampahi salebeting ngupakara bandha supados tetep saged gesang ing mangsa-mangsa awrat. Emanipun manungsa asring kesupen, namung ngudi kangge numpuk bandha sarana ikhtiyar maneka warni ananging boten sinau babagan ngecakaken bandha kanthi prayogi. Wulang Bebasan 3:13-14 ngemutaken kita sedaya bilih tiyang-tiyang ingkang nampi kawicaksanan lan kapinteran punika tiyang ingkang rahayu. Kenging punapa kados makaten? Awit bandha kathah lan emas ingkang numpuk punika boten wonten ginanipun menawi boten dipun ginakaken kanthi leres. Tanpa kawicaksanan, investasi kados punapa kemawon inggih tanpa gina, boten badhe lestari. Mila, leres menawi manungsa kajawi nggadhahi pangajeng-ajeng kedah ngupaya kawicaksanan lan kapinteran, supados gesangipun tetep lestari. Wekdal samangke, awit kemajenganing teknologi, saben tiyang saged sinau lan sumbering pasinaon ugi kathah. Emanipun kathah tiyang ingkang kepenginipun cepet lan mboten rekaos, pramila lajeng kesed kangge sinau. Kamangka sinau punika ugi wujuding investasi, inggih punika investasi kapinteran. Awit maneka warni ikhtiyar kangge nyelengi bandha tanpa kawicaksanan lan kapiteran punika sami kemawon kaliyan nandur ing satengahing watu, awrat lan dereng temtu lestari. | WAS
Rebo, 11 Juni 2025 Minggu Pentakosta
Wilangan 24:1-14; Jabur 48; Lukas 1:26-38 ABDINIPUN GUSTI ”Maria banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran; tumrap kawula kalampaha kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken.” (Lukas 1:38) Ingkang naminipun abdi punika kedah ngestokaken punapa ingkang dados dhawuhipun bendara. Abdi ingkang setya inggih punika ingkang nindakaken ayahanipun kanthi kebak ing raos tanggel jawab lan boten badhe wantun kaliyan bendaranipun. Abdi punika sanes bendara, sinaosa wonten ingkang keladuk wantun dumateng bendaranipun. Makaten ugi ingkang kalampahan tumrap tiyang pitados ingkang mastani dhirinipun minangka abdinipun Gusti, ananging anggenipun ndedonga kadosdene nyereg supados sedaya pepenginanipun kasembadan. Kita saged sinau saking Maria nalika pinanggih kaliyan malaekat lan kaparingan pawartos anggenipun badhe ngandhut bayi suci ingkang ing tembe madeg minangka juru wilujeng. Punika saestu tanggel jawab ingkang ageng sanget lan saestu awrat tumraping Maria awit Maria dereng nenikahan. Ananging punapa wangsulanipun Maria? “…kawula punika abdinipun Pangeran, tumrap kawula kalampahana kadosdene ingkang Paduka ngendikakaken…” (ay.38). Maria saestu ngugemi adegipun minangka abdi, lan sumadya ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Sacara kamanungsan, temtu wonten raos ajrih lan sumelang, ananging punika boten ndadosaken Maria mundur minangka abdinipun Gusti. Wusananipun, kita sedaya enget lelampahanipun Ibu Maria ingkang mbabar bayi Yesus lan tansah nresnani Putranipun lan para sakabatipun dumugi ing kayu salib. Dados abdinipun Gusti punika boten namung petangan padintenan, ananging salamining gesang kita. Abdi ingkang setya punika badhe ketingal saking anggenipun mituhu dhateng sang bendara lan sumadya ninddakaken pakaryan ingkang dipun dawuhaken kanthi bingahing manah. Menawi kita mastani dhiri kita minangka abdinipun Gusti, kita kedah wantun mituhu kadosdene Ibu Maria, kanthi munjuk “kalampahana kadosdene ingkang Paduka karsakaken…” | WAS
Slasa, 10 Juni 2025 Minggu Pentakosta
Yehezkiel 11:14-25; Jabur 48; I Korinta 2:12-16 ROH INGKANG SAKING ALLAH ”Kita ora nampani rohé jagat, nanging Roh kang asalé saka Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparingé Allah marang kita” (I Korinta 2:12) Punapa ingkang wonten ing batos kita nalika mireng tembung “pesugihan”? Mbok menawi kita lajeng mbayangaken tiyang-tiyang ingkang kepengin nggayuh kasugihan lan numpuk bandha kanthi lampah tinamtu lan ngginakaken pambiyantuning rohing pepeteng. Sinaosa wekdal samangke kita sampun gesang ing jaman modern, ananging kasunyatanipun taksih kathah praktek-praktek klenik kados ta pesugihan, penglarisan supados sadeanipun tansah laris, utawi pengasihan supados tiyang sanes saged kesengsem lan saged kapilut. Tiyang-tiyang ingkang mboten purun rekaos lan kepengen enggal nggayuh pepenginanipun gampil kapilut dening praktek-praktek klenik ingkang kados makaten. Kenging punapa manungsa modern taksih wonten ingkang kapincut dening klenik kados makaten? Awit boten tumemen anggenipun ngugemi kapitadosanipun, pramila lajeng kesupen menawi namung Gusti Allah ingkang saged maringi samubarang lan mundhut samubarang malih. Waosan I Korinta 2:12 ngemutaken kita bilih tiyang pitados punika sampun nampi Roh ingkang saking Allah piyambak. Mila, tiyang pitados boten badhe kapincut kaliyan rohing jagad ingkang nuju dhateng kadurakan. Roh ingkang saking Allah piyambak punika Roh ingkang nuntun, ngiyataken, lan paring kawicaksanan anggenipun ngayahi tanggel jawab ing jagad punika. Semanten ugi, tiyang-tiyang ingkang pinaringan Roh saking Allah saged mbentenaken, pundi ingkang peparingipun Gusti, lan pundi ingkang sanes. Roh Allah ugi ingkang badhe nuntun tiyang pitados nalika ngadhepi sakathahing panggodhaning kadonyan. Awit saking punika sumangga migatosaken prekawis punika: kita sampun kadunungan Roh saking Allah ingkang ngiyataken lan nuntun gesang kita. Punapa kita taksih badhe mitadosaken gesang kita dhateng roh-roh jagad punika ingkang boten gadhah daya kangge paring daya gesang ing kalanggengan? | WAS
Senen, 9 Juni 2025 Minggu Pentakosta
Yoel 2:18-29; Jabur 48; I Korinta 2:1-11 KAKIYATANING ALLAH VS KAWICAKSAN MANUNGSA ”Supaya pracayamu aja gumantung marang kawicaksananing manungsa, nanging kakiyataning Allah” (I Korinta 2:5) Wekdal samangke, kathah para pandhita utawi pamulang gereja ingkang damel konten ing sosial media. Punika prayogi kemawon, supados pakaryan nggelaraken Injil saged sumrambah sadonya kanthi cara ingkang kekinian. Ananging, asring para pandhita ingkang damel konten punika lajeng nindakaken cara-cara ingkang boten prayogi supados moncer, kesupen menawi wonten Injil ingkang kedah dipun wartosaken. Mila, lajeng asring kelampahan wonten gereja-gereja ingkang crah awit pamulangipun sami jor-joran supados moncer, kanthi ndhawahaken sesaming pamulang, utawi pasamuwan ingkang pindhah greja awit rumaos boten sreg kaliyan kawontenan pamulangipun ingkang kados makaten. Rasul Paulus ing I Korinta 2 memucal dhumateng kita sami supados namung gumantung dhumateng kakiyataning Allah, sanes kawicaksananing manungsa. Rasul Paulus mapanaken dhiri minangka abdinipun Allah ingkang nggadahi kekirangan ing samudayanipun, namung ngandelaken kakiyataning Allah nalika nggelaraken Injil. Rasul Paulus boten ngginakaken tetembungan ingkang muluk-muluk utawi endah, awit ingkang dados kawigatosanipun inggih punika namung pakaryanipun Allah. Saking Rasul Paulus kita saged sinau sesarengan, menawi manungsa ingkang namung ngendelaken kawicaksananipun piyambak boten badhe lestantun, awit Gusti Allah ingkang makarya nglangkungi kawicaksanan kamanungsan kita. Sauger kita namung ngudi lan ngginakaken kawicaksanan kita piyambak, kita boten badhe manggihaken gesang ingkang ayem, awit kawicaksananing manungsa punika winates. Para pandhita utawi para pamulang ing greja kedah migatosaken sanget bab punika. Ingkang ndadosaken kita saged makarya kanthi sae punika sanes amargi kawaskithan lan kawasisan kita. Tanpa kakiyataning Allah, kita punika boten saged lestari. Sampun ngantos pepenginan supados saged moncerndadosaken kita namung ngendelaken kawicaksanan kamanungsan kita! |*WAS
Setu, 7 Juni 2025 Minggu Paskah VII
II Pr.Raja 2:1-15a; Jabur 104:24-34, 35b; Lukas 1:5-17 REGENERASI “Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.” (II Para Raja 2:9) Nalika satunggaling pamengku kalenggahan badhe purna utawi pensiun, temtu sampun wonten ingkang badhe nggentosi kalenggahan punika. Tiyang kathah ugi lajeng wiwit mbandhing-mbandhingaken antawisipun ingkang sampun purna lan ingkang badhe miwiti pakaryanipun ing kalenggahan punika. Ingkang sampun purna temtu nggadahi pangajeng-ajeng supados sedaya ingkang dados pakaryanipun saged dipun lajengaken kanthi sae dening ingkang nggantos. Dene ingkang badhe wiwit makarya punika kedahipun inggih saged mapanaken dhiri kanthi saestu lan makarya kanthi kualitas ingkang paling mboten sami kaliyan ingkang sampun purna kalawau. Makaten ugi ingkang kalampahan nalika Elisa mangertos bilih Elia sampun badhe kapundhut sowan ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah. Nalika Elia maringi pilihan dhateng Elisa badhe nyuwun punapa minangka kado perpisahan, Elisa kanthi yakin nyuwun kalih bagean saking rohipun Elia. Kenging punapa Elisa nyuwun kados makaten? Awit Elisa mangertos bilih piyambakipun ingkang badhe nggentosi Elia minangka nabi ing satengahing Israel. Elisa ngersakaken supados dhirinipun minangka ingkang badhe nggentosi kalenggahanipun Elia, paling boten kedah nggadhahi kawicaksanan kadosdene Elia. Mila ing pungkasaning wekdal, Elisa boten nyuwun perangan sanes kajawi kalih bagen rohipun Elia supados saged nampi kawicaksanan lan kawasisan sami kaliyan Elia. Ing gesang kita, asring kelampahan regenerasi (lumintiring kalenggahan) ingkang malah nuwuhaken crah nalika antawisipun ingkang purna kaliyan ingkang nggentosi benten sanget kawontenanipun. Mila kita sesarengan sinau, bilih regenerasi punika boten namung babagan lumintiring kalenggahan, ananging ugi babagan lumintiring kawicaksanan lan kawasisan saking ingkang sampun purna. Sampun ngantos wonten pasulayan ing satengahing kita namung amargi boten purun sinau babagan kawicaksanan lan kawasisan. | WAS
Jemuwah, 6 Juni 2025 Minggu Paskah VII
Yesaya 44:1-4; Jabur 104:24-34, 35b; Galati 6:7-10 DITANDUR LAN DIENENI ”Aja padha kesasar! Allah ora kena digawé geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dienèni” (Galati 6:7) “Tak tandur pari jebul thukule malah suket teki….” Punika cakepaning tembang “Suket Teki” ingkang katembangaken dening penyanyi Nella Kharisma. Tembang punika nyariyosaken raos kuciwa ingkang karaosaken awit kasunyatan ingkang wonten benten kaliyang ingkang dipun ajeng-ajeng. Paribasanipun, sampun katandur pari, ananging ingkang thukul punika malah suket teki. Ananging punapa saestu saged winih pari nukulaken suket? Temtu boten. Mesthi wonten winih suket ingkang tumut katandur. Awit punapa ingkang dipun tandur, punika mangke ingkang badhe tuwuh lan dieneni. Nalika nandur pari, saged kemawon wonten suket ingkang ndherek thukul. Ananging nalika nandur suket, boten badhe wonten pari ingkang thukul. Galati 6:7 ingkang dados nats dinten punika mucal dumateng kita sedaya babagan lampahing gesang ingkang boten kita penggalih kanthi lebet temahan nuwuhaken prekawis ingkang kirang prayogi. Manungsa asring boten menggalih kanthi lebet nalika nindakaken bab ingkang kaanggep limrah ing gesangipun, lan boten preduli ing tembe wingkingipun. Tuladha kemawon, gegojekan lan bullying (tetembungan utawi tumindak ngremehaken, ngina lan ngincim tiyang sanes) ing sawatawis panggenan punika karaos limrah tumrap ingkang kekancan raket. Ananging sinten ingkang mangertos menawi gegojekan utawi bullying punika badhe ndadosaken tiyang sanes rumaos minder lan ketonto? Sinten ingkang badhe tanggel jawab nalika tiyang ingkang kita bully punika lajeng rumaos nglokro amargi kawontenaning gesangipun kita dadosaken bahan gojekan? Mila, Rasul Paulus ngemutaken kita supados boten kesasar anggenipun tumindak. Punapa ingkang kita tandur, punika ingkang badhe kita eneni, sinaosa wekdalipun boten langsung. Ingkang kita tandur, saged kita utawi tedhak turun kita ingkang ngeneni. Menawi ngersakaken gesang kita lestari, sumangga kita nandur perangan-perangan ingkang leres lan prayogi, ingkang badhe nuwuhaken tentrem rahayu. Ingkang nandur suket, boten prelu pengajeng-ajeng ngeneni pari. | WAS
Kemis, 5 Juni 2025 Minggu Paskah VII
Yesaya 32:11-17; Jabur 104:24-34, 35b; Galati 5:16-25 KABENERAN NUWUHAKEN KATENTREMAN ”Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, mangka wahananing kabeneran iku kaayeman lan katentreman kanggo ing salawas-lawase” (Yesaya 32:17) Ing jagad punika wonten ingkang kawastanan lembaga penegak hukum, inggih punika satunggaling kalenggahan ingkang ngudi adeging hukum ing satunggaling nagari. Kenging punapa kedah wonten polisi, jaksa, hakim, lan sanes-sanesipun? Awit sadangungipun manungsa gesang, kadurakan lan piawon punika mesthi kita panggihi. Gesangipun manungsa ingkang nerak ing pranataning nagari kedah dipun adili dening lembaga penegak hukum. Kadospundi kawontenanipun satunggaling nagari menawi penegak hukum, utawi lembaga penegak hukum boten nyambut damel kanthi saestu? Temtu kemawon, kawontenaning nagari lajeng kisruh awit tiyang sami tumindak miturut pikajengipun piyambak lan boten preduli menawi tumindakipun punika natoni tiyang sanes. Mila leres menawi ing pundi wonten kabeneran, ing mriku badhe tuwuh katentreman. Yesaya ngandharaken kawontenaning bangsa Israel ingkang pungkasanipun dados kitha mati tanpa daya nalika tumindak nebih saking Pangeran Yehuwah lan nerak pranatan ingkang sampun katetepaken. Israel badhe ngraosaken bilih pranatan punika prelu sanget kangge ndhatengaken gesang ing salebeting katentreman. Awit saking punika, Israel kedah nglampahi pangawulan supados saged nglenggana dumateng kalepatanipun lan sinau supados saged nata gesang kanthi langkung sae malih. Prekawis ingkang kedahipun sami kita ugemi nalika kita nglampahi gesang ing satengahing pasrawungan. Kabeneran mesthi badhe nuwuhaken kawontenan ingkang ayem lan tentrem. Cobi kita bayangaken, menawi kita gesang ing satengahing pasrawungan ingkang lamis, ingkang nyatru, lan tanpa urmat-ingurmatan. Mila, punika dados timbalan kita minangka tiyang pitados supados gesang ing salebeting kabeneran, supados gesang kita tansah ayem lan tentrem. |*WAS
Rebo, 4 Juni 2025 Minggu Paskah VII
Yehezkiel 3:12-21; Jabur 29; Lukas 9:18-27 SAPA ARAN-KU? Yésus nuli ndangu marang para sakabat, “Lah yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulané Pétrus, “Mésias ingkang saking Allah.” (Lukas 9:20) Paraban ingkang kita tampi nelakkaken raketing sesambetan kita kaliyan tiyang sanes. Tuladhanipun, paraban “dik/mbak” punika nelakaken wontenipun sesambetan pasedherekan utawi ngajeni ingkang dipun ajak wawan rembag. Paraban “sayang” punika nelakaken sesambetan ingkang langkung raket malih, kadosdene tiyang sesemahan utawi pepacangan. Karaos nyeleneh menawi tiyang ingkang dereng wanuh utawi nembe tepang, paring paraban “sayang” dateng kita. Mekaten ugi, paraban ingkang awon inggih nggambaraken wontenipun sesambetan ingkang awon ing antawising tiyang punika. Nalika Gusti Yesus ndangu para sakabat bab pamanggihipun tiyang kathah ngengingi sinten panjenengani-Pun, para sekabat matur menawi wonten ingkang mastani Gusti Yesus minangka Yokanan Pambaptis, Elia, utawi salah setunggaling nabi ingkang wungu malih. Tiyang-tiyang punika nggadahi pamanggih kados mekaten awit boten nggadahi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti Yesus. Ananging Petrus, salah satunggaling sakabat ingkang raket kaliyan Gusti Yesus, kanthi teges nelakaken “Mesias ingkang saking Allah” (ay.20). Petrus saged matur kados makaten awit wanuh pramila saestu mangertos sinten Gusti Yesus punika. Ananging pranyata wanuh lan raket kaliyan Gusti kemawon dereng cekap. Para sekabat, kalebet kita sedaya, ingkang ndherek Gusti kedahipun inggih sagah nglampahi patrap gesang ingkang sinandhang dening Gusti Yesus: sangsara, katampik, lsp. Bukti bilih kita saestu wanuh kaliyan Gusti punika nalika kita sagah ndherek Gusti lan ugi nuladha gesangipun Gusti Yesus. Mila, sumangga kita pitaken dhateng dhiri kita: sinten ta Gusti Yesus tumrap kita? Sami kaliyan para nabi, utawi Sang Juru Wilujeng ingkang kita pitadosi sawetahing gesang? Kasumanggakaken anggenipun atur wangsulan. |*WAS
