+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 11 Juni 2025 Minggu Pentakosta

Wilangan 24:1-14; Jabur 48; Lukas 1:26-38

ABDINIPUN GUSTI

”Maria banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran; tumrap kawula kalampaha kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken.”

(Lukas 1:38)

Ingkang naminipun abdi punika kedah ngestokaken punapa ingkang dados dhawuhipun bendara. Abdi ingkang setya inggih punika ingkang nindakaken ayahanipun kanthi kebak ing raos tanggel jawab lan boten badhe wantun kaliyan bendaranipun. Abdi punika sanes bendara, sinaosa wonten ingkang keladuk wantun dumateng bendaranipun. Makaten ugi ingkang kalampahan tumrap tiyang pitados ingkang mastani dhirinipun minangka abdinipun Gusti, ananging anggenipun ndedonga kadosdene nyereg supados sedaya pepenginanipun kasembadan.

Kita saged sinau saking Maria nalika pinanggih kaliyan malaekat lan kaparingan pawartos anggenipun badhe ngandhut bayi suci ingkang ing tembe madeg minangka juru wilujeng. Punika saestu tanggel jawab ingkang ageng sanget lan saestu awrat tumraping Maria awit Maria dereng nenikahan. Ananging punapa wangsulanipun Maria? “…kawula punika abdinipun Pangeran, tumrap kawula kalampahana kadosdene ingkang Paduka ngendikakaken…” (ay.38). Maria saestu ngugemi adegipun minangka abdi, lan sumadya ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah. Sacara kamanungsan, temtu wonten raos ajrih lan sumelang, ananging punika boten ndadosaken Maria mundur minangka abdinipun Gusti. Wusananipun, kita sedaya enget lelampahanipun Ibu Maria ingkang mbabar bayi Yesus lan tansah nresnani Putranipun lan para sakabatipun dumugi ing kayu salib.

Dados abdinipun Gusti punika boten namung petangan padintenan, ananging salamining gesang kita. Abdi ingkang setya punika badhe ketingal saking anggenipun mituhu dhateng sang bendara lan sumadya ninddakaken pakaryan ingkang dipun dawuhaken kanthi bingahing manah. Menawi kita mastani dhiri kita minangka abdinipun Gusti, kita kedah wantun mituhu kadosdene Ibu Maria, kanthi munjuk “kalampahana kadosdene ingkang Paduka karsakaken…” | WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *