Yehezkiel 11:14-25; Jabur 48; I Korinta 2:12-16
ROH INGKANG SAKING ALLAH
”Kita ora nampani rohé jagat, nanging Roh kang asalé saka Allah,
supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi
sih-peparingé Allah marang kita”
(I Korinta 2:12)
Punapa ingkang wonten ing batos kita nalika mireng tembung “pesugihan”? Mbok menawi kita lajeng mbayangaken tiyang-tiyang ingkang kepengin nggayuh kasugihan lan numpuk bandha kanthi lampah tinamtu lan ngginakaken pambiyantuning rohing pepeteng. Sinaosa wekdal samangke kita sampun gesang ing jaman modern, ananging kasunyatanipun taksih kathah praktek-praktek klenik kados ta pesugihan, penglarisan supados sadeanipun tansah laris, utawi pengasihan supados tiyang sanes saged kesengsem lan saged kapilut. Tiyang-tiyang ingkang mboten purun rekaos lan kepengen enggal nggayuh pepenginanipun gampil kapilut dening praktek-praktek klenik ingkang kados makaten. Kenging punapa manungsa modern taksih wonten ingkang kapincut dening klenik kados makaten? Awit boten tumemen anggenipun ngugemi kapitadosanipun, pramila lajeng kesupen menawi namung Gusti Allah ingkang saged maringi samubarang lan mundhut samubarang malih.
Waosan I Korinta 2:12 ngemutaken kita bilih tiyang pitados punika sampun nampi Roh ingkang saking Allah piyambak. Mila, tiyang pitados boten badhe kapincut kaliyan rohing jagad ingkang nuju dhateng kadurakan. Roh ingkang saking Allah piyambak punika Roh ingkang nuntun, ngiyataken, lan paring kawicaksanan anggenipun ngayahi tanggel jawab ing jagad punika. Semanten ugi, tiyang-tiyang ingkang pinaringan Roh saking Allah saged mbentenaken, pundi ingkang peparingipun Gusti, lan pundi ingkang sanes. Roh Allah ugi ingkang badhe nuntun tiyang pitados nalika ngadhepi sakathahing panggodhaning kadonyan.
Awit saking punika sumangga migatosaken prekawis punika: kita sampun kadunungan Roh saking Allah ingkang ngiyataken lan nuntun gesang kita. Punapa kita taksih badhe mitadosaken gesang kita dhateng roh-roh jagad punika ingkang boten gadhah daya kangge paring daya gesang ing kalanggengan? | WAS