Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 8; Efesus 1:17-19
INVESTASI
“Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang oleh kapinteran,
awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane
salaka lan pikolehe ngungkuli emas”
(Wulang Bebasan 3:13-14)
Kita temtu wanuh kaliyan tembung “investasi”. Investasi punika nalika kita nyimpen utawi nyelengi kangge ngawekani kabetahaning gesang ing wekdal-wekdal ingkang badhe kelampahan, kadosdene nalika gerah lan mbetahaken dana ingkang boten sekedhik, utawi nalika kita sampun sepuh lan boten kuwagang makarya ananging tetep wonten ingkang saged kita dadosaken sarana kangge nyekapi kabetahaning gesang. Wonten ing jaman samangke kathah sanget wujuding investasi lan ikhtiyar ingkang dipun lampahi salebeting ngupakara bandha supados tetep saged gesang ing mangsa-mangsa awrat. Emanipun manungsa asring kesupen, namung ngudi kangge numpuk bandha sarana ikhtiyar maneka warni ananging boten sinau babagan ngecakaken bandha kanthi prayogi.
Wulang Bebasan 3:13-14 ngemutaken kita sedaya bilih tiyang-tiyang ingkang nampi kawicaksanan lan kapinteran punika tiyang ingkang rahayu. Kenging punapa kados makaten? Awit bandha kathah lan emas ingkang numpuk punika boten wonten ginanipun menawi boten dipun ginakaken kanthi leres. Tanpa kawicaksanan, investasi kados punapa kemawon inggih tanpa gina, boten badhe lestari. Mila, leres menawi manungsa kajawi nggadhahi pangajeng-ajeng kedah ngupaya kawicaksanan lan kapinteran, supados gesangipun tetep lestari.
Wekdal samangke, awit kemajenganing teknologi, saben tiyang saged sinau lan sumbering pasinaon ugi kathah. Emanipun kathah tiyang ingkang kepenginipun cepet lan mboten rekaos, pramila lajeng kesed kangge sinau. Kamangka sinau punika ugi wujuding investasi, inggih punika investasi kapinteran. Awit maneka warni ikhtiyar kangge nyelengi bandha tanpa kawicaksanan lan kapiteran punika sami kemawon kaliyan nandur ing satengahing watu, awrat lan dereng temtu lestari. | WAS