Wulang Bebasan 3:19-26; Jabur 8; Efesus 4:1-6
SABAR
“Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar.
Padha lairna katresnanmu sarana tulung-tinulung”
(Efesus 4:2)
Kawontenaning jaman punika sangsaya dangu sangsaya maju lan lampahing kemajengan punika rikat sanget. Mila lajeng wonten istilah “ketinggalan jaman” nalika satunggaling tiyang boten saged nututi punapa ingkang dados kemajenganing jaman. Jaman ingkang rikat, ingkang sarwa cepet, punika boten ngeman tiyang-tiyang ingkang lampahipun rindhik. Manungsa modern kedah saged cekat-ceket, saha kedah langkung efektif. Perangan punika ingkang ndadosaken manungsa modern rumaos awrat menawi kedah sinau sabar, kedah ngadhepi samudayanipun kanthi sareh lan andhap asor. Sabar sapunika sanes perangan ingkang gampil katindakaken, langkung malih nalika kedah ngadhepi kawontenaning jagad ingkang sarwa rikat lan sarwa kepengin praktis.
Ananging kadospundi timbalan kita minangka para pendherekipun Gusti? Sabar punika tetep minangka timbalan tumrap gesang kita. Waosan Efesus 4:2 ngemutaken kita supados tetep tumindak andhap asor, sareh, lan sabar. Gesangipun tiyang pitados punika kedah kinanthenan sikep tresna lan sagah mitulungi liyan. Bab punika temtu awrat, ananging boten ateges kita boten saged nindakaken. Rasul Paulus mucal dumateng kita bilih gesangipun tiyang pitados punika gesang ing salebeting patunggilan: tunggal badan, tunggal Roh, tunggal Gusti, tunggal kapitadosan, lan tunggal baptisan. Patrap gesang ingkang sabar punika minangka wujuding pangrimat kita dhateng gesang masamuwan.
Patrap gesang ingkang sareh, sabar boten namung katandukaken wonten ing gesang masamuwan, ananging ugi ing gesang padintenan kita. Nalika kathah tiyang sami krabyakan, kita tetep saged nindakaken patrap sabar, sareh supados boten namung saderma rikat, ananging ugi menggalih kanthi lebet lan wening kawontenaning gesang. Sikep sabar, sareh ugi saged dados pirantining gesang nalika kita nembe ngadhepi sawernining prekawis. Sumangga para tiyang pitados, kita sinau sabar lan dados tuladha gesang minangka para pendherekipun Gusti. |*WAS