Wulang Bebasan 4:1-9; Jabur 8; Lukas 2:41-52
KINASIHAN DENING ALLAH LAN MANUNGSA
“Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané,
apadéné saya kinasihan déning Allah lan manungsa”
(Lukas 2:52)
Punapa ingkang kita raosaken nalika mangertosi menawi anak kita punika lare ingkang berprestasi wonten ing sekolah, aktif ing organisasi OSIS lan pramuka, ugi sregep peladosan ing gereja minangka pemain musik lan guru sekolah Minggu? Temtu minangka tiyang sepuh saestu bombong. Ningali lare sekolah ingkang canthas lan sregep kemawon sampun ngremenaken, ditambah malih anggenipun leladi ing greja ugi boten kendhat. Satimbang antawisipun sekolah (akademis) lan peladosan (spiritual) punika kalebet langka, boten kathah ingkang saged kados makaten. Kathah-kathahipun, namung saged unggul ing satunggal sisih kemawon.
Lukas 2: 41-52 ngemutaken kita dhateng lelampahan nalika Gusti Yesus ndherek tiyang sepuhipun nindakaken pangibadah Paskah ing Yerusalem. Ananging nalika tiyang sepuhipun kondur, Gusti Yesus ingkang wekdal punika taksih kendel ing Yerusalem, malah wawan rembag kaliyan para alim-ulama. Tiyang kathah sami kaeraman kaliyan kapinteranipun Gusti Yesus anggenipun mangertosi babagan Kitab Suci. Kaserataken ugi bilih Gusti Yesus sangsaya mindhak ageng kinanthenan kawicaksanan ingkang ndadosaken kinasihan dening Allah lan manungsa.
Mbok menawi kita sampun nate mireng pamanggih kados makaten “boten napa-napa disengit kaliyan manungsa sauger kinasihan dening Allah”. Prekawis punika saged kemawon kalampahan, ananging menawi saged kita ngudi supados saged kinasihan dening kekalihipun. Awit menawi namung kinasihan dening Allah tanpa kinasihan dening sesami, gesang kita dados awrat sanget. Mekaten ugi menawi namung kinasihan dening manungsa tanpa kinasihan dening Allah, gesang kita boten badhe lestari wonten ing kalanggengan. |*WAS