Wulang Bebasan 8:1-4, 22-31; Jabur 8; Rum 5:1-5; Yokanan 16:12-15
MINGGU TRINITAS
“Apa sakagungané Sang Rama, iku iya duwèkku; mulané Aku pitutur, mangkéné: Juru Pitulung bakal martakaké marang kowé apa kang wis katampi saka Aku.”
(Yokanan 16:15)
Minggu punika dipun riyayakaken minangka Minggu Trinitas. Kita kaparingan wekdal kangge ngraos-raosaken kadospundi pakaryanipun Allah ing jagad punika, wiwit saking jagad katitahaken ngantos dumugi wekdal samangke. Pengetan Minggu Trinitas ugi ndadosaken kita ngraos-ngraosaken pakaryanipun Allah ingkang asring boten saged kagayuh dening nalar saha pangertosan kita. Panci leres, Gusti Allah lan sedaya pakaryanipun punika minangka misteri, prekawis ingkang adi lan saestu ngeram-eramakaen tumraping manungsa.
Ing waosan Yokanan 16: 12-15, kita sinau menawi Gusti Yesus, Sang Rama, saha Sang Juru Pitulung punika pinangkanipun satunggal. Pakaryanipun Allah punika wonten ing sedaya perangan gesangipun manungsa. Kadospundi kita saged mangertosi menawi Gusti Allah makarya ing gesang kita? Kanthi migatosaken punapa ingkang Sang Juru Pitulung wucalaken dhateng kita. Sang Juru Pitulung punika ingkang mangke badhe mucal kita lan nuntun kita salebeting mbabar paseksi dhateng jagad punika.
Kadospundi kita saged mangertos piwucalipun Sang Juru Pitulung punika? Kanthi migatosaken lan ngraosaken kanthi lebet kawontenaning batos kita. Sang Juru Pitulung memulang srana nuntun kita nemtokaken pilihan-pilihaning gesang ingkang ngener dhateng kasaenan. Nalika kita nemahi panggodha, Sang Juru Pitulung ingkang badhe nuntun kita satemah wantun ngadepi panggoda punika ing margi ingkang leres. Gusti Allah, lantaran Sang Juru Pitulung, boten badhe negakaken kita. Sumangga ing pengetan Minggu Trinitas punika kita sinau malih migatosaken punapa ingkang dados piwucalipun Sang Juru Pitulung, awit punika pinangkanipun saking Rama lan Sang Putra piyambak. |*WAS