Wulang Bebasan 7:1-4; Jabur 124; Efesus 4:7-16
PEPARINGE SANG KRISTUS
”Nanging saben gegelitaning panunggalan kita wus kaparingan sih-rahmat
undha-usuk manut ukuran peparing kang saka Kristus”
(Efesus 4:7)
Jaman rumiyin, satunggaling lare badhe kawastanan pinter inggih punika menawi unggul ing pasinaonipun, mirungganipun ing pelajaran matematika. Lare ingkang boten saged matematika, ananging unggul ing pamucalan sejarah, boten kawastanan pinter. Dumugi wekdal samangke taksih wonten tiyang sepuh ingkang rumaos menawi putranipun boten pinter amargi boten unggul ing matematika. Kamangka, kapinteran punika boten namung babagan etang-etangan, ananging wonten ugi pinter ing babagan sosial, pasrawungan, wicaksana ing gesang kapitadosan, lsp.
Serat Efesus 4:7 ngemutaken kita bab kadospundi saben gegelitaning Sang Kristus kaparingan sih rahmat selaras kaliyan ukuran peparing saking Gusti. Sinaosa kawontenan greja-greja dalah pasamuwan Kristen maneka warni, ananging punika sampun ngantos dados jalaran ing antawisipun pasamuwan sami maido lan ndhawahaken. Greja ingkang ageng sampun ngantos gumunggung, lan pasamuwan ingkang alit sampun ngantos malah kamisekengen. Boten wonten manungsa ingkang sampurna, mila peparing saking Sang Kristus kedah kita ginakaken kagem njangkepi kabetahan peladosan ing jagad punika. Ingkang kaparingan kanugrahan kekiyatan, kedah mitulungi ingkang ringkih. Ingkang kaparingan kanugrahan kawaskithan, kedah ngginakaken kawaskithan punika kagem mbangun gesang sesarengan kanthi prayogi.
Wonten ing gesang kita, temtu boten wonten ingkang sampurna. Sadaya manungsa kagungan perangan ingkang unggul lan ingkang kirang. Sedaya kaunggulan kita punika mujudaken peparing saking Sang Kristus supados saged mbangun gesang sesarengan. Boten wonten peparing ingkang paling unggul, lan boten wonten peparing ingkang muspra/nglaha. Sedaya peparing saking Sang Kristus punika sae. |*WAS