+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 17 Juni 2025 Minggu Trinitas

Wulang Bebasan 8:4-21; Jabur 124; Efesus 5:15-20

NGGEMENI WEKDAL

”Lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala”

(Efesus 5:16)

Salah satunggaling tantangan manungsa modern punika nggemeni wekdal. Teknologi ingkang mindhak majeng lan pirantosipun ndadosaken wekdal ingkang wonten karaos cupet. Lampahing wekdal karaos cepet lan namung sakedheping netra kemawon sampun kathah ewah-ewahan. Wonten ing setunggal sisih, perkawis punika temtu sae supados manungsa saged makarya kanthi efektif lan efisien (saged ngirit wekdal kangge nggayuh asil ingkang sakathah-kathahipun). Ananging wonten ing sisih sanes, manungsa lajeng saged kesupen mijekaken wekdal kangge nitipriksa dhiri, lan nyantosakaken gesang karohanenipun.

Rasul Paulus ngemutaken pasamuwan Efesus bilih jaman punika awon, mila pasamuwan kedah tansah ngginakaken wekdal ingkang taksih wonten (ay.16). Kenging punapa kawastanan jaman ingkang awon? Amargi sangsaya dangu, panggodhaning jaman punika inggih sangsaya mindhak. Manungsa ingkang namung mburu kadonyan, ingkang namung ngupadi kabetahanipun piyambak, gampil sanget dhawah ing lena. Sami-sami ngginakaken wekdal peparingipun Gusti, ananging namung ingkang nggemeni wekdal kanthi mijekaken wekdal kangge nitipriksa dhiri, lan nyantosakaken gesang karohanenipun ingkang saged ngraosaken bilih kathah sanget pakaryanipun Allah ing gesang kita. Dene ingkang lena lan boten migatosaken saestu, pungkasanipun namung saged getun awit wekdal punika boten saged dipun ambali malih.

Punapa ingkang saged kita tindakaken supados kita boten lena ing panggodhaning jaman? Kita kedah enget bilih kawontenan kita punika sarwa winates. Umur punika winates, kakiyatan kita ugi winates, lan wekdal kita punika boten wonten ingkang mangertos kapan titiwancinipun. Ingkang langgeng punika namung Gusti Allah. Sumangga kita ginakaken wekdal peparingipun Gusti punika kanthi saestu, supados kita boten getun ing tembe wingkingipun awit lirwa boten nindakaken punapa ingkang dados tanggel jawab kita. Tiyang pitados kedah nggemeni wekdal mumpung taksih kaparingan wewengan. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *