Dhaniel 1:1-21; Jabur 124; Lukas 1:46b-55
PAKARYAN KANG PINUNJUL
”Jalaran Kang Mahakwasa wus nindakaké pakaryan-pakaryan
kang pinunjul marang aku sarta suci asmané”
(Lukas 1:49)
Ing satunggaling wekdal, wonten cariyos mekaten: satunggaling siswa kasuwun nyebataken bab-bab ingkang endah lan aji ingkang kalampahan ing gesangipun dening sang guru. Siswa punika matur pitaken “Bab ingkang endah lan aji punika ingkang kadospundi guru?” Sang guru mangsuli “Kayadene kang koksawang endah, kayadene mas-masan, omah kang gedhe, lan sapiturute”. Murid punika mendel sauntawis, lajeng paring wangsulan makaten “Guru, kula babarblas boten rumaos bilih mas-masan, griya ingkang ageng punika minangka perangan ingkang endah. Sedaya punika namung kita raosaken sekedhap nalika kita gesang. Ing gesang kula, ingkang endah lan aji punika nalika kula ngraosaken tresna ing salebeting brayat kula, nalika saben enjang kula saged tangi lan ambegan, nalika saben dinten kula pinaringan wewengan kangge mitulungi rencang ingkang nembe nandhang, lan sakpiturutipun”.
Ibu Maria memuji dhateng Allah awit Kang Mahakwasa sampun nindakaken pakaryan-pakaryan kang pinunjul tumrap gesangipun. Bab punika kalampahan nalika Ibu Maria pinanggih kaliyan Ibu Elisabet ingkang ugi ngandhut ing yuswanipun ingkang sampun sepuh. Ibu Maria memuji Allah boten namung amargi pakaryan ingkang katampi dening dhirinipun, ananging ugi ingkang katampi dening tiyang sanes. Kita ugi prelu ningali pakaryanipun Allah ing gesangipun tiyang sanes, supados kita saged ngraosaken bilih Gusti Allah saestu nresnani sedaya tiyang lan boten namung para pendherekipun kemawon.
Nalika kita namung ngeneraken kawigatosan kita dhateng bab-bab ingkang pinunjul lan agung kemawon, kita boten badhe ningali pakaryanipun Allah ing bab-bab ingkang prasaja. Kamangka, sedaya pakaryaning Allah punika pinunjul ing papan lan wekdal ingkang trep. Sampun ngantos kita ngemungaken bab-bab ingkang prasaja nalika kita manggihi pakaryaning Allah ingkang kawawas langkung pinunjul. |*WAS