+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 19 Juni 2025 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 24: 1-21; Jabur 42; Rum 2: 17-29

KANGEN DHATENG PANGERAN

”Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen,

inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah”

(Jabur 42:2)

Punapa kita nate ngraosaken kangen sanget dhateng kadang kinasihan kita? Kadospundi raos kangen punika maujud? Waljinah, salah satunggaling waranggana, nate nembangaken makaten “Laraning lara, ora kaya wong kang nandhang wuyung, mangan ra doyan, ra jenak tenan…” Tembang punika nggambaraken sepinten agenging raos kangen tumraping tiyang ingkang nembe kasmaran. Panci raos kangen punika tambanipun namung pinanggih kaliyan ingkang dipun kangeni.

Sang Juru Masmur ing Jabur 42 punika nelakaken sepinten agenging raos kangenipun manungsa dhateng Pangeran Yehuwah. Raos kangen punika kagambaraken kadosdene sangsam ingkang ngorong dhateng toya ing lepen. Nalika Sang Juru Masmur nggambaraken dhirinipun ing salebeting panandhang, ingkang dados margining pangluwaran inggih namung Pangeran Yehuwah kemawon. Mila nalika Sang Juru Masmur ngraosaken gesangipun wiwit nebih saking Gusti, raos kangen punika lajeng tuwuh. Raos kangen punika ugi ingkang njalari Sang Juru Masmur enggal-enggal wangsul malih dhateng ngarsanipun Allah lan nilaraken gesang ingkang mblasar kalawau.

Kadospundi kaliyan gesang kita piyambak? Tuladhanipun, nalika wonten ing dinten Minggu kita boten saged tindak dhateng greja, wonten raos kangen utawi boten? Nalika kita boten saged nderek nalika kawontenaken pakempalan pandonga, wonten raos kecalan boten ing salebeting manah kita? Bilih wonten raos kangen, ateges kita sampun nunggil kaliyan gesang masamuwan. Raos kangen punika sampun ngantos namung kandeg wonten ing raos kangen dhateng anggen kita saged kempal kaliyan rencang kemawon, ananging ugi raos kangen amargi boten saged memuji Gusti sesarengan kaliyan sedherek-sedherek tunggal pasamuwan. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *