+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 20 Juni 2025 Minggu Trinitas

Ayub 6:14-30; Jabur 42,43; Galati 3:15-22

AYEM ING SATENGAHING PRAHARA

”Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling

 ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane

dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!”

(Jabur 43:5)

Wonten satunggaling tembang ingkang irah-irahanipun You Raise Me up. Tembang punika dipun lebetaken ing KPJ 117, lan dipun jarwakaken mekaten “Kula tansah kaangkat maring arga, kula kwawi anempuh prahara, wah kiyat wit sinanggi swiwinya, anglangkungi budidaya kula”. Tembang punika asring kakidungaken nalika nemba ngadhepi prekawis ing gesang, kangge ngengetaken para pitados, menawi Gusti boten badhe nilaraken umatipun piyambakan ing satengahing prahara. Mila, sejatosipun kirang trep menawi tiyang pitados ngantos keladuk anggenipun ngraosaken ajrih lan kuwatos ing gesang punika. Awit wonten Gusti Allah ingkang ngamping-ampingi kita, sinten ingkang badhe ndhawahaken kita?

Sang Juru Masmur ingkang nyerat Jabur 43 kadosipun saestu ngugemi bilih Gusti tansah mitulungi ing satengahing karupekan. Piyambakipun ngrumaosi wonten osiking manah ingkang nelakaken raos ajrih, kuwatos, ngantos karaosaken nyawanipun ngolang-ngaling. Ananging kanthi kesadharanipun, Sang Juru Masmur lajeng paring pemut tumrap dhirinipun piyambak supados tansah nggadhahi pangajeng-ajeng dumateng Gusti Allah kemawon. Kanthi mantebing manah, Sang Juru Masmur nelakaken paseksi bilih “Panjenengane kang dadi pitulunganku lan Allahku!” (ay.5) supados boten dhawah ing raos mangu-mangu lan kuwatos awit panandhangipun.

Kita wangsulaken malih dhateng kawontenan dhiri kita piyambak-piyambak. Nalika kita ngadhepi panandhang utawi momotaning gesang, punapa ingkang kita tindakaken? Kita tetep ayem awit wonten Gusti ingkang tansah ngamping-ampingi lan dados pitulungan kita, utawi kita malah ngraosaken ajrih lan kuwatos lajeng wiwit rumaos tanpa daya? Minangka tiyang pitados, kita mangertos pundi ingkang leres lan kedah kita pilih. Kedahipun manah kita tetep ayem, awit badhe ageng kados punapa kemawon prahara ingkang wonten, Gusti Allah boten badhe nguciwani kita. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *