Wulang Bebasan 11: 3-13; Jabur 42,43; Mateus 9: 27-34
MBATIN INGKANG SAE
”Panjenengané banjur ndhumuki mripaté wong-wong mau sarta ngandika,
“Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”
(Mateus 9:29)
Kathah piwelingipun tiyang sepuh jaman rumiyin dhateng putranipun, salah satunggalipun inggih punika “Aja seneng mbatin ala, mundhak kelakon tenan”. Tetembungan punika nggadhahi teges supados sampun ngantos kita mbatin utawi ngrantam prekawis awon ing manah kita, awit isining manah punika kadosdene pandonga. Nalika isining manah kita kebak pangrantam awon, ateges kita inggih nelakaken pandonga ingkang awon tumrap dhiri kita lan tiyang sanes. Langkung becik nalika batos punika kaisi dening perangan-perangan ingkang sae, pandonga ingkang ngarah dhateng karahayon, lan tebih saking nyengit dhateng liyan.
Prastawa Gusti Yesus nyarasaken tiyang wuta punika dados kawigatosan kita ing waosan Mateus 9: 27-34. Nalika wonten tiyang wuta kalih sowan dhateng Gusti Yesus lan nyuwun supados kasarasaken, Gusti Yesus karsa nyarasaken tiyang kalih punika kanthi pangandika “katekana kaya kang dadi pangandelmu” (ay.29). Tiyang wuta kalih punika sampun nggadhahi kayektenan bilih Gusti Yesus punika saestu tedhakipun Sang Prabu Dawud ingkang jumeneng minangka Sang Mesih. Kayektenan punika benten kaliyan para Farisi ingkang maido pakaryan punika kanthi nelakaken bilih Gusti Yesus ngginakaken pangwasaning dhemit kangge nundhungi dhemit. Mila para Farisi boten badhe saged ngraosaken endahipun pakaryaning Allah, awit ing salebeting manahipun kebak raos sengit lan pangrantam awon tumrap Gusti Yesus.
Kadospundi kaliyan isining batin kita? Langkung kathah menggalih ingkang sae, utawi malah kebak pangrantam awon? Bilih kathah pangrantam awon, kaaturan enggal mratobat. Punapa ingkang dados isining manah kita, punika kadosdene pengajeng-ajeng tumrap gesang kita. Nalika saking isining manah kemawon dereng saged sae, kadospundi kita saged nelakaken kasaenan minangka paseksi gesang kita dhateng jagad punika? |*WAS