Yesaya 65:1-9; Jabur 22:19-28; Galati 3:23-29; Lukas 8:26-39
PATUNGGILANIPUN PARA SUCI
“Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur utawa
wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowé kabèh
padha dadi siji ana ing Kristus Yésus”
(Galati 3: 28)
Gereja ing jagad punika kathah sanget denominasi-ipun. Wonten ing Indonesia kemawon, miturut data Kementrian Agama tahun 2021, wonten 72.233 Gereja Kristen. Punika temtu ngeram-eramaken lan ndadosaken bingah awit pranyata cacahipun tiyang pitados ing Indonesia kalebet kathah. Wonten ing satunggal sisih, kathahipun greja punika dados pratandha bilih pakaryan nggelaraken Injil saestu katindakaken dening para muridipun Gusti. Ananging ing sisih sanes, greja ingkang maneka warni kawontenanipun punika inggih nyimpen prekawis ingkang kathah ugi. Kabudayan lan pakulinan ingkang benten-benten kalamangsanipun dados prekawis ingkang kedah dipun penggalih saestu. Ananging ing atasipun sedaya punika, sampun ngantos sesami tiyang Kristen malah sami ndhawahaken namung amargi benten kabudayan lan pakulinan kalawau.
Rasul Paulus mirsani kawontenan ingkang maneka warni ing satengahing pasamuwan Galati, lajeng ngemutaken pasamuwan bilih ing ngarsanipun Gusti boten wonten malih ingkang mbenten-bentenaken, kalebet sampun boten wonten malih pamisahan antawisipun Yahudi utawi Yunani, batur utawi mardika, jaler punapa estri, awit sedaya sampun nunggil ing patunggilanipun para suci ing jagad punika. Baptisan ingkang katampi dening tiyang pitados punika ingkang badhe nunggilaken tiyang-tiyang punika ing gegelitaning Sang Kristus.
Nalika kita mangertos bilih sedaya greja punika minangka patunggilanipun Sang Kristus lan para suci ing jagad, mila kita boten badhe dhawah ing nglepataken utawi nampik greja ingkang kagungan kabudayan ingkang benten kaliyan greja kita. Ingkang benten punika namung kabudayan, cara anggenipun manembah, ananging sedaya punika tetep sami, patunggilaning para suci ing satengahing jagad. |*WAS
