+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 23 Juni 2025 Minggu Limrah

Ayub 18:1-21; Jabur 64; I Korinta 1:18-31

DUKA INGKANG TINATA

“Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu,

apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang

mingsed saka ing panggonane?”

(Ayub 18:4)

Saben tiyang temtu sampun nate ngraosaken nepsu. Raos nepsu punika tuwuh nalika penggalih kita rumaos boten cocok kaliyan satunggaling prekawis lan kita boten saged ngendhaleni raos-pangraos kita. Tiyang ingkang nesu punika mawarni-warni wujudipun. Wonten ingkang lajeng ngedalaken tetembungan-tetembungan ingkang kasar, wonten ingkang lajeng mendel kemawon awit sampun boten saged mikir badhe nindakaken punapa malih, lsp. Tiyang ingkang nembe duka punika awrat nampi pamrayogi saking tiyang sanes lan langkung remen nindakaken perkawis-perkawis ingkang ngrisak dhirinipun.

Rencang-rencangipun Ayub ngraosaken bab punika nalika wawan rembag kaliyan Ayub ingkang rumaos panandhangipun ingkang paling awrat sajagad. Rencangipun Ayub ingkang asma Bildad nelakaken, menawi Ayub punika lepat, awit nepsu karana pemanggihipun piyambak, ananging sedaya kados-kados kedah ndherek ngraosaken raos nepsu punika. Bildad ngemutaken Ayub supados ngrampungi panandhang ing salebeting batosipun rumiyin kanthi mekaten saged mandeng jagad punika kanthi manah ingkang meneb lan wening. Jagad punika isinipun sanes Ayub kemawon, mila boten prayogi nalika jagad kedah ndherek ngraosaken punapa ingkang Ayub raosaken.

Sinten ing antawisipun kita ingkang kadosdene Ayub, nalika nembe mrina lajeng rumaos bilih jagad saisinipun kedah ngraosaken punapa ingkang kita raosaken? Punika sanes pamanggih ingkang leres. Raos duka, sedhih, getir, punika panandhang pribadi kita ingkang kalampahan ing salebeting batos. Ingkang saged ngrampungi bab punika inggih namung kita piyambak, lan kedah tinata kanthi saestu supados boten mindhak dados hawa nepsu ingkang ngrisak. Kita nggadhahi wewengan tumrap punapa ingkang kita raosaken. Mila, sampun ngantos panandhang ing batos kita malah nglarani tiyang sanes ingkang boten wonten gandheng-cenengipun kaliyan kita. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *