+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 24 Juni 2025 Minggu Limrah

Ayub 19:1-22; Jabur 64; Efesus 2:11-22

INGKANG TEBIH DADOS CEDHAK

“Nanging saiki kowé ana ing Kristus Yésus, kowé kang nalika samana “adoh”,

saiki wus dadi “cedhak” marga saka rahé Kristus”

(Efesus 2:13)

Tiyang ingkang nindakaken kalepatan utawi dosa, limrahipun lajeng ngraosaken lingsem nalika kedah srawung kaliyan tiyang kathah. Tuladha kemawon, satunggaling tiyang ingkang nembe kadenangan nileb arta arisan RT mesthi rumaos ajrih nalika badhe srawung malih ing pakempalan RT. Wusananipun, tiyang-tiyang ingkang kados makaten milih nutup pasrawungan, langkung kathah kendel ing griya kemawon, lan ugi asring nebih saking patunggilanipun Gusti. Kathah tuladhanipun, nalika tiyang pitados nindakaken dosa, ananging malah lajeng nebih saking pasamuwan amargi rumaos lingsem. Kamangka, sejatosipun pamratobat punika tinarbuka kagem sedaya tiyang, greja boten badhe nampik tiyang dosa ingkang kepengin mratobat lan sumadya ngowahi gesangipun.

Rasul Paulus mucal dhateng pasamuwan Efesus bab kadospundi Sang Kristus ingkang nunggilaken para pitados ing patunggilan ingkang endah. Sangsara, seda lan wungunipun Sang Kristus ngasta bedhamen antawisipun manungsa lan Gusti Allah, saha manungsa kaliyan sesaminipun. Kanthi makaten, sejatosipun saben tiyang tinampi kanthi rahayu ing ngarsanipun Allah, sauger tiyang punika purun mratobat lan ngrasuk gesang anyar. Semanten ugi pasamuwan kabereg supados mboten mbenten-bentenaken kawontenaning sesaminipun, awit sedaya tiyang ingkang pitados sampun nampi bageyan ingkang sami ing salebeting Kratoning Allah.

Efesus 2:13 dados timbalan tumrap kita sedaya, supados boten lajeng nebih saking pasamuwan utawi pasrawungan kita nalika kita nindakaken kalepatan. Gusti Allah punika mahaasih lan mahawelas, Rahipun sampun mbirat dosa-dosa kita. Mila, pamratobat punika sanes momotan, ananging timbalan kamardhikan saking bebenduning dosa. Saben kita tinimbalan nilaraken gesang lami lan ngewahi gesang tumuju dhateng kalanggengan. Pamratobat punika ndadosaken ingkang tebih dados cedhak, sanes ingkang cedhak dados tebih! |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *