Yehezkiel 32:1-10; Jabur 64; Lukas 9:37-43a
GESANG MURSID
”Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah,
sarta ngayom marang Panjenengane; sakehing wong kang jujur
bakal padha ngalembana”
(Jabur 64:10)
Tiyang ingkang gesangipun mursid punika mesthi nemahi kathah pepalang ing gesangipun. Nindakaken kamursidan ing satengahing jagad ingkang risak punika saestu prekawis ingkang awrat. Kamursidan boten saged nunggil kaliyan kadurakan, dene saben dinten malah saben wekdal tiyang mursid tansah sesandhingan kaliyan kadurakan ing jagad punika. Tiyang pitados ingkang boten kiyat ing kayektenanipun temtu gampil keli ing kahanan, gampil kapilut dening panggodha lan pacoban. Ing jaman samangke perkawis ingkang kedahipun wadi lan kasimpen rapet malah diumbar, ingkang sejatosipun dados tuntunan malah dados tontonan kemawon, dene ingkang lepat sauger viral(kanthi cepet sumebar lan narik kawigatosanipun tiyang kathah) malah kathah ingkang niru.
Juru Masmur srana waosan Jabur 64 mangertos saestu kawontenaning jagad ingkang kados makaten. Piyambakipun rumaos kakepung dening tiyang-tiyang duraka ingkang ngener dhateng dosa. Ananging, Juru Masmur pitados bilih Pangeran Yehuwah boten badhe nilaraken piyambakipun, malah badhe mbelani para kagunganipun. Pangeran piyambak ingkang badhe mitulungi para kagunganipun ingkang kakepung dening mengsah. Kanthi makaten, Juru Masmur badhe ngandharaken bilih tiyang pitados sampun ajrih ngrasuk patrap gesang mursid, awit Pangeran Yehuwah ingkang badhe mitulungi lan ngamping-ampingi.
Ing jaman samangke kathah tiyang pitados ingkang ajrih nindakaken patrap gesang mursid amargi ajrih dipun tebihi lan katampik dening sesaminipun. Sinaosa kedah ngadhepi panampik, kedahipun bab punika boten ndadosaken kita ajrih tumindak mursid. Bilih kamursidan kita gumantung kaliyan panampinipun tiyang kathah, kita boten badhe saged mituhu saestu dhateng Gusti. Nalika saestu ngayom dhateng Gusti, tiyang mursid badhe tansah bungah lan tiyang ingkang jujur badhe sami ngalembana. |*WAS