+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 26 Juni 2025 Minggu Limrah

Kaimaman 9:22-10:11; Jabur 16; II Korinta 13:5-10

KACA PANGILON

“Awakmu dhéwé ujinen, apa padha isih teguh ing pracaya.

Titinen awakmu! Apa padha ora yakin ora tahan uji,

menawa Kristus Yésus dumunung ana ing kowé?”

(II Korinta 13:5)

Saben kita mesthi kagungan kaca pangilon ing griya. Kaca pangilon punika ginanipun kangge nyawang dhiri pribadi, punapa ingkang kirang, punapa ingkang kedah dipun ewahi supados pasuryan kita ketingal sae lan sandhangan kita ugi patut. Kaca pangilon punika kadosdene kita wicantenan kaliyan dhiri kita piyambak anggenipun matut dhiri kanthi prayogi. Kadospundi bilih kita namung ngendelaken paningal kita tanpa mirsani kaca pangilon? Mesthi kirang jangkep wusananipun, lan anggenipun kita nyandhang inggih karaosaken dereng pas.

Pasamuwan ing kitha Korinta srana pangandikanipun Rasul Paulus kadhawuhan supados nitipriksa dhirinipun. Pasamuwan kasuwun nitipriksa bab kapitadosanipun, punapa taksih kiyat punapa boten. Menawi taksih kiyat, temtu sami yakin bilih tahan uji. Menawi saestu tahan uji, temtu boten badhe gampil kapilut dening panggodhaning jaman. Tiyang pitados ingkang saestu kiyat ing kapitadosan gampil nitipriksa dhirinipun piyambak, awit pancen boten wonten ingkang dipun sidhem ing ngarsanipun Gusti. Pasamuwan kadhawuhan kadosdene ngginakaken kaca pengilon, supados saged nitipriksa kawontenan dhirinipun. Kanthi nindakaken ingkang kados makaten, pasamuwan saged mangertos saestu pundi ingkang kedah dipun ewahi ing gesang kapitadosanipun.

Ananging ing sisih sanes, wonten ugi tiyang ingkang boten wantun ngginakaken kaca pangilon awit ajrih bilih kakirangan saha kalepatanipun lajeng ketingal. Tiyang ingkang kados makaten malah ajrih nalika manggihi perangan ingkang awon wonten ing gesangipun. Mila, tiyang pitados kedah wantun nitipriksa dhiri, lan bilih sampun pinanggih perangan ingkang kirang pener, supados enggal dipun ewahi. Bilih sanes kita ingkang ngewahi perangan ingkang kirang pener ing gesang kita, sinten malih ingkang badhe ngewahi? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *