II Para raja 1:1-16; Jabur 16; Galati 4:8-20
CARA GESANGIPUN TIYANG KRISTEN
”Biyèn, nalika kowé durung wanuh marang Allah,
kowé ngawula marang kang kokanggep Allah,
nanging sajatiné dudu Allah” (Galati 4:8)
Tumrap sawatawis tiyang ingkang dereng pitados, cara gesangipun tiyang Kristen punika kadosdene tiyang ingkang bodho. Kawastanan bodho, awit ing kapitadosan Kristen kita kagulawentah bab-bab kados makaten: nresnani mengsah, ndedonga kagem ingkang nyatru, mitulungi mengsah, lsp. Miturut petangan kamanungsan, punika perangan ingkang ndadosaken tuna, boten wonten ginanipun. Ananging kita ingkang sampun pitados temtu mangertos bilih cara gesang ingkang kados makaten punika ingkang nuntun dhateng gesang sejati. Cara gesangipun tiyang Kristen namung badhe maedahi tumrap ingkang saestu wanuh bab katresnanipun Gusti lan pangurbananipun Gusti Yesus ing kayu salib.
Waosan Galati 4:8 ngemutaken kita, bilih pranyata cara gesang lami, inggih nalika manungsa dereng wanuh kaliyan Gusti, panci namung ngawula dhateng sesembahan sanesipun Gusti Allah. Tiyang kados makaten nyembah dhateng perangan-peranganing jagad, kadosdene wit-witan ageng, sela ingkang kawawas keramat, pusaka ingkang kawawas sekti, lsp. Sesembahan ingkang kados makaten punika boten nggadhahi panguwaos, namung ndadosaken manungsa kapilut lan gesang ing salebeting kadurakan. Mila, sasampunipun wanuh kaliyan Gusti, tiyang pitados sampun boten nyembah dhateng perangan-perangan kalawau. Cara gesang tiyang Kristen punika manembah dhateng Gusti, sanes dhateng peranganing jagad.
Lajeng kadospundi menawi wonten tiyang ingkang ngaku Kristen ananging tetep nyembah dhateng barang kadonyan kadosdene arta, pangkat, lan barang-barang ingkang kawawas sekti? Sumangga tiyang punika kaaturan enggal mratobat, awit cara gesang tiyang pitados boten kados makaten. Tiyang Kristen ngestokaken piwulangipun Gusti srana Kitab Suci, sanes sesembahan kadonyan ingkang sipatipun sauntawis. Cara gesang tiyang Kristen punika nuntun dhateng gesang sejati, boten malah mblasaraken tiyang amargi nuruti pepengingan pribadi. |*WAS