+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 28 Juni 2025 Minggu Limrah

II Para raja 1:13-18, 2:3-5; Jabur 16; Lukas 9:21-27

PUNAPA GINANIPUN?

”Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh,

nanging njalari tiwas lan kapitunané awaké dhéwé?”

(Lukas 9: 25)

Ing babagan Politik, wonten tetembungan makaten “Boten wonten kanca ingkang lestari lan mengsah ingkang lestari. Ingkang wonten punika kapentingan ingkang lestari”. Tetembungan punika badhe nggambaraken bilih ing jagad politik punika tiyang saged ngginakaken cara napa kemawon kangge nggayuh pepenginanipun, kalebet ngurbanaken rencangipun piyambak lan kepara kekancan kaliyan mengsah. Cara-cara ingkang boten prayogi sampun limrah katindakaken supados kapentinganipun saged unggul lan wusananipun saged nggayuh punapa ingkang dipun kajengaken. Menawi sampun kalampahan makaten, gesang punika isinipun namung ngudi kangge nggayuh pepenginan, lan kapentingan pribadi.

Ananging sejatosipun menawi dipun penggalih kanthi lebet, punapa ginanipun saged nggegem jagad, ananging njalari tiwas lan pituna dhiri pribadi saha tiyang sanes? Punapa ginanipun kita saged nggayuh kaunggulan ing jagad ananging kanthi ngurbanaken brayat lan gesang pribadi kita? Waosan Lukas 9:25 ngemutaken kita sedaya, bilih sedaya punika boten wonten ginanipun. Wonten ing ayat 23 malah kacethakaken bilih sok sintena ingkang badhe ndherek Gusti kedah nyingkur kawontenan dhirinipun, manggul salib, lan kecalan nyawanipun amargi saking asmanipun Gusti. Prinsip ingkang kados makaten benten sanget kaliyan ingkang jagad punika estokaken. Menawi saged ngurbanaken tiyang sanes, kenging punapa kedah manggul salib lan kecalan nyawa?

Sapunika pilihan gesang kita namung badhe ndherek Gusti ing kalanggengan, utawi badhe nampi pepejah ingkang langgeng? Nalika kepengin ndherek Gusti, ateges kita kedah ngestokaken bab katresnan, kalebet nresnani mengsah lan mbangun turut gesang ing satengahing pasamuwan. Ndherek Gusti boten saged kanthi ngurbanaken tiyang sanes. Kita boten saged mlebet swarga kanthi nguja sedaya pepenginan kadonyan tanpa kinanthenan katresnan. Punapa ginanipun panjenengan sugih, pangkat inggil, ananging tanpa kagungan rencang, brayat, lan sedherek ingkang nresnani? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *