+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 29 Juni 2025, Minggu Biasa

I Para raja 19:15-16, 19-21; Jabur 16; Galati 5:1, 13-25; Lukas 9:51-62

NOLEH WINGKING

“Nanging Yésus ngandika, “Saben wong kang wus nyekel waluku,

mangka banjur nolèh marang kang ana ing buri,

iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”

(Lukas 9:62)

Punapa ta ginanipun kaca spion? Inggih punika supados kita saged ningali kawontenan ing wingkingipun puspaka/tunggangan kita, awit menawi wongsal-wangsul noleh wingking saged mbebayani tumrap tiyang  ingkang nembe ngemudhi. Mila kaca spion punika sinaosa alit wujudipun, nanging ageng sanget ginanipun inggih punika kangge mbiyantu supados tiyang ingkang nembe ngemudhi saged migatosaken kawontenan ing sangajengipun.

Gusti Yesus ngemutaken tiyang kathah ingkang sami kepengin dherek panjenenganipun. Saben tiyang ingkang kepengin dherek Gusti boten pareng noleh wingking, kadosdene patrap tiyang ingkang sampun nyepeng waluku boten pareng noleh wingking. Punapa maknanipun? Tiyang ingkang kepengin dherek Gusti kedah nilar gesang laminipun. Tiyang ingkang nilar gesang lami ateges sampun boten malih mburu hawa nepsu kadonyan lan namung ngarahaken dhiri dhateng Gusti, boten badhe kapilut malih dhateng gesang laminipun. Gusti ngersakaken para pendherekipun boten ngeman dhateng gesangipun, amargi wonten gesang ing kalanggengan swargi ingkang badhe dipun upadi.

Panggodhaning gesang lami punika panci kathah. Pangkat, drajad, kasugihan, saged ndadosaken manungsa noleh wingkin kedangon lan wusananipun dhawah malih dhateng gesang lami. Noleh wingking punika saged kemawon kangge pasinaon kita, bilih kita boten badhe ngambali malih gesang mblasar saderengipun ndherek Gusti. Nalika sampun mutusaken dherek Gusti, ateges sampun sumadya nilaraken ingkang wonten ing wingking lan ngupadi punapa ingkang wonten ing ngajeng. Boten saged kita ngupadi Kratoning Allah sinarengan ngeman nyawa kita, boten saged kita ngupadi gesang langgeng kanthi mburu barang kadonyan. Noleh wingking panci dipun keparengaken, ananing boten pareng menawi salaminipun noleh wingking punapa malih malah mlampah mundur. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *