Yoel 2:18-29; Jabur 48; I Korinta 2:1-11
KAKIYATANING ALLAH VS KAWICAKSAN MANUNGSA
”Supaya pracayamu aja gumantung marang kawicaksananing manungsa,
nanging kakiyataning Allah”
(I Korinta 2:5)
Wekdal samangke, kathah para pandhita utawi pamulang gereja ingkang damel konten ing sosial media. Punika prayogi kemawon, supados pakaryan nggelaraken Injil saged sumrambah sadonya kanthi cara ingkang kekinian. Ananging, asring para pandhita ingkang damel konten punika lajeng nindakaken cara-cara ingkang boten prayogi supados moncer, kesupen menawi wonten Injil ingkang kedah dipun wartosaken. Mila, lajeng asring kelampahan wonten gereja-gereja ingkang crah awit pamulangipun sami jor-joran supados moncer, kanthi ndhawahaken sesaming pamulang, utawi pasamuwan ingkang pindhah greja awit rumaos boten sreg kaliyan kawontenan pamulangipun ingkang kados makaten.
Rasul Paulus ing I Korinta 2 memucal dhumateng kita sami supados namung gumantung dhumateng kakiyataning Allah, sanes kawicaksananing manungsa. Rasul Paulus mapanaken dhiri minangka abdinipun Allah ingkang nggadahi kekirangan ing samudayanipun, namung ngandelaken kakiyataning Allah nalika nggelaraken Injil. Rasul Paulus boten ngginakaken tetembungan ingkang muluk-muluk utawi endah, awit ingkang dados kawigatosanipun inggih punika namung pakaryanipun Allah. Saking Rasul Paulus kita saged sinau sesarengan, menawi manungsa ingkang namung ngendelaken kawicaksananipun piyambak boten badhe lestantun, awit Gusti Allah ingkang makarya nglangkungi kawicaksanan kamanungsan kita. Sauger kita namung ngudi lan ngginakaken kawicaksanan kita piyambak, kita boten badhe manggihaken gesang ingkang ayem, awit kawicaksananing manungsa punika winates.
Para pandhita utawi para pamulang ing greja kedah migatosaken sanget bab punika. Ingkang ndadosaken kita saged makarya kanthi sae punika sanes amargi kawaskithan lan kawasisan kita. Tanpa kakiyataning Allah, kita punika boten saged lestari. Sampun ngantos pepenginan supados saged moncerndadosaken kita namung ngendelaken kawicaksanan kamanungsan kita! |*WAS
