+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 7 Juni 2025 Minggu Paskah VII

II Pr.Raja 2:1-15a; Jabur 104:24-34, 35b; Lukas 1:5-17

REGENERASI

“Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”

(II Para Raja 2:9)

Nalika satunggaling pamengku kalenggahan badhe purna utawi pensiun, temtu sampun wonten ingkang badhe nggentosi kalenggahan punika. Tiyang kathah ugi lajeng wiwit mbandhing-mbandhingaken antawisipun ingkang sampun purna lan ingkang badhe miwiti pakaryanipun ing kalenggahan punika. Ingkang sampun purna temtu nggadahi pangajeng-ajeng supados sedaya ingkang dados pakaryanipun saged dipun lajengaken kanthi sae dening ingkang nggantos. Dene ingkang badhe wiwit makarya punika kedahipun inggih saged mapanaken dhiri kanthi saestu lan makarya kanthi kualitas ingkang paling mboten sami kaliyan ingkang sampun purna kalawau.

Makaten ugi ingkang kalampahan nalika Elisa mangertos bilih Elia sampun badhe kapundhut sowan ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah. Nalika Elia maringi pilihan dhateng Elisa badhe nyuwun punapa minangka kado perpisahan, Elisa kanthi yakin nyuwun kalih bagean saking rohipun Elia. Kenging punapa Elisa nyuwun kados makaten? Awit Elisa mangertos bilih piyambakipun ingkang badhe nggentosi Elia minangka nabi ing satengahing Israel. Elisa ngersakaken supados dhirinipun minangka ingkang badhe nggentosi kalenggahanipun Elia, paling boten kedah nggadhahi kawicaksanan kadosdene Elia. Mila ing pungkasaning wekdal, Elisa boten nyuwun perangan sanes kajawi kalih bagen rohipun Elia supados saged nampi kawicaksanan lan kawasisan sami kaliyan Elia.

Ing gesang kita, asring kelampahan regenerasi (lumintiring kalenggahan) ingkang malah nuwuhaken crah nalika antawisipun ingkang purna kaliyan ingkang nggentosi benten sanget kawontenanipun. Mila kita sesarengan sinau, bilih regenerasi punika boten namung babagan lumintiring kalenggahan, ananging ugi babagan lumintiring kawicaksanan lan kawasisan saking ingkang sampun purna. Sampun ngantos wonten pasulayan ing satengahing kita namung amargi boten purun sinau babagan kawicaksanan lan kawasisan. | WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *