Yesaya 44:1-4; Jabur 104:24-34, 35b; Galati 6:7-10
DITANDUR LAN DIENENI
”Aja padha kesasar! Allah ora kena digawé geguyon.
Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dienèni”
(Galati 6:7)
“Tak tandur pari jebul thukule malah suket teki….” Punika cakepaning tembang “Suket Teki” ingkang katembangaken dening penyanyi Nella Kharisma. Tembang punika nyariyosaken raos kuciwa ingkang karaosaken awit kasunyatan ingkang wonten benten kaliyang ingkang dipun ajeng-ajeng. Paribasanipun, sampun katandur pari, ananging ingkang thukul punika malah suket teki. Ananging punapa saestu saged winih pari nukulaken suket? Temtu boten. Mesthi wonten winih suket ingkang tumut katandur. Awit punapa ingkang dipun tandur, punika mangke ingkang badhe tuwuh lan dieneni. Nalika nandur pari, saged kemawon wonten suket ingkang ndherek thukul. Ananging nalika nandur suket, boten badhe wonten pari ingkang thukul.
Galati 6:7 ingkang dados nats dinten punika mucal dumateng kita sedaya babagan lampahing gesang ingkang boten kita penggalih kanthi lebet temahan nuwuhaken prekawis ingkang kirang prayogi. Manungsa asring boten menggalih kanthi lebet nalika nindakaken bab ingkang kaanggep limrah ing gesangipun, lan boten preduli ing tembe wingkingipun. Tuladha kemawon, gegojekan lan bullying (tetembungan utawi tumindak ngremehaken, ngina lan ngincim tiyang sanes) ing sawatawis panggenan punika karaos limrah tumrap ingkang kekancan raket. Ananging sinten ingkang mangertos menawi gegojekan utawi bullying punika badhe ndadosaken tiyang sanes rumaos minder lan ketonto? Sinten ingkang badhe tanggel jawab nalika tiyang ingkang kita bully punika lajeng rumaos nglokro amargi kawontenaning gesangipun kita dadosaken bahan gojekan?
Mila, Rasul Paulus ngemutaken kita supados boten kesasar anggenipun tumindak. Punapa ingkang kita tandur, punika ingkang badhe kita eneni, sinaosa wekdalipun boten langsung. Ingkang kita tandur, saged kita utawi tedhak turun kita ingkang ngeneni. Menawi ngersakaken gesang kita lestari, sumangga kita nandur perangan-perangan ingkang leres lan prayogi, ingkang badhe nuwuhaken tentrem rahayu. Ingkang nandur suket, boten prelu pengajeng-ajeng ngeneni pari. | WAS
