Ayub 19:1-22; Jabur 64; Efesus 2:11-22 INGKANG TEBIH DADOS CEDHAK “Nanging saiki kowé ana ing Kristus Yésus, kowé kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rahé Kristus” (Efesus 2:13) Tiyang ingkang nindakaken kalepatan utawi dosa, limrahipun lajeng ngraosaken lingsem nalika kedah srawung kaliyan tiyang kathah. Tuladha kemawon, satunggaling tiyang ingkang nembe kadenangan nileb arta arisan RT mesthi rumaos ajrih nalika badhe srawung malih ing pakempalan RT. Wusananipun, tiyang-tiyang ingkang kados makaten milih nutup pasrawungan, langkung kathah kendel ing griya kemawon, lan ugi asring nebih saking patunggilanipun Gusti. Kathah tuladhanipun, nalika tiyang pitados nindakaken dosa, ananging malah lajeng nebih saking pasamuwan amargi rumaos lingsem. Kamangka, sejatosipun pamratobat punika tinarbuka kagem sedaya tiyang, greja boten badhe nampik tiyang dosa ingkang kepengin mratobat lan sumadya ngowahi gesangipun. Rasul Paulus mucal dhateng pasamuwan Efesus bab kadospundi Sang Kristus ingkang nunggilaken para pitados ing patunggilan ingkang endah. Sangsara, seda lan wungunipun Sang Kristus ngasta bedhamen antawisipun manungsa lan Gusti Allah, saha manungsa kaliyan sesaminipun. Kanthi makaten, sejatosipun saben tiyang tinampi kanthi rahayu ing ngarsanipun Allah, sauger tiyang punika purun mratobat lan ngrasuk gesang anyar. Semanten ugi pasamuwan kabereg supados mboten mbenten-bentenaken kawontenaning sesaminipun, awit sedaya tiyang ingkang pitados sampun nampi bageyan ingkang sami ing salebeting Kratoning Allah. Efesus 2:13 dados timbalan tumrap kita sedaya, supados boten lajeng nebih saking pasamuwan utawi pasrawungan kita nalika kita nindakaken kalepatan. Gusti Allah punika mahaasih lan mahawelas, Rahipun sampun mbirat dosa-dosa kita. Mila, pamratobat punika sanes momotan, ananging timbalan kamardhikan saking bebenduning dosa. Saben kita tinimbalan nilaraken gesang lami lan ngewahi gesang tumuju dhateng kalanggengan. Pamratobat punika ndadosaken ingkang tebih dados cedhak, sanes ingkang cedhak dados tebih! |*WAS
Senen, 23 Juni 2025 Minggu Limrah
Ayub 18:1-21; Jabur 64; I Korinta 1:18-31 DUKA INGKANG TINATA “Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?” (Ayub 18:4) Saben tiyang temtu sampun nate ngraosaken nepsu. Raos nepsu punika tuwuh nalika penggalih kita rumaos boten cocok kaliyan satunggaling prekawis lan kita boten saged ngendhaleni raos-pangraos kita. Tiyang ingkang nesu punika mawarni-warni wujudipun. Wonten ingkang lajeng ngedalaken tetembungan-tetembungan ingkang kasar, wonten ingkang lajeng mendel kemawon awit sampun boten saged mikir badhe nindakaken punapa malih, lsp. Tiyang ingkang nembe duka punika awrat nampi pamrayogi saking tiyang sanes lan langkung remen nindakaken perkawis-perkawis ingkang ngrisak dhirinipun. Rencang-rencangipun Ayub ngraosaken bab punika nalika wawan rembag kaliyan Ayub ingkang rumaos panandhangipun ingkang paling awrat sajagad. Rencangipun Ayub ingkang asma Bildad nelakaken, menawi Ayub punika lepat, awit nepsu karana pemanggihipun piyambak, ananging sedaya kados-kados kedah ndherek ngraosaken raos nepsu punika. Bildad ngemutaken Ayub supados ngrampungi panandhang ing salebeting batosipun rumiyin kanthi mekaten saged mandeng jagad punika kanthi manah ingkang meneb lan wening. Jagad punika isinipun sanes Ayub kemawon, mila boten prayogi nalika jagad kedah ndherek ngraosaken punapa ingkang Ayub raosaken. Sinten ing antawisipun kita ingkang kadosdene Ayub, nalika nembe mrina lajeng rumaos bilih jagad saisinipun kedah ngraosaken punapa ingkang kita raosaken? Punika sanes pamanggih ingkang leres. Raos duka, sedhih, getir, punika panandhang pribadi kita ingkang kalampahan ing salebeting batos. Ingkang saged ngrampungi bab punika inggih namung kita piyambak, lan kedah tinata kanthi saestu supados boten mindhak dados hawa nepsu ingkang ngrisak. Kita nggadhahi wewengan tumrap punapa ingkang kita raosaken. Mila, sampun ngantos panandhang ing batos kita malah nglarani tiyang sanes ingkang boten wonten gandheng-cenengipun kaliyan kita. |*WAS
Ahad, 22 Juni 2025, Minggu Limrah
Yesaya 65:1-9; Jabur 22:19-28; Galati 3:23-29; Lukas 8:26-39 PATUNGGILANIPUN PARA SUCI “Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowé kabèh padha dadi siji ana ing Kristus Yésus” (Galati 3: 28) Gereja ing jagad punika kathah sanget denominasi-ipun. Wonten ing Indonesia kemawon, miturut data Kementrian Agama tahun 2021, wonten 72.233 Gereja Kristen. Punika temtu ngeram-eramaken lan ndadosaken bingah awit pranyata cacahipun tiyang pitados ing Indonesia kalebet kathah. Wonten ing satunggal sisih, kathahipun greja punika dados pratandha bilih pakaryan nggelaraken Injil saestu katindakaken dening para muridipun Gusti. Ananging ing sisih sanes, greja ingkang maneka warni kawontenanipun punika inggih nyimpen prekawis ingkang kathah ugi. Kabudayan lan pakulinan ingkang benten-benten kalamangsanipun dados prekawis ingkang kedah dipun penggalih saestu. Ananging ing atasipun sedaya punika, sampun ngantos sesami tiyang Kristen malah sami ndhawahaken namung amargi benten kabudayan lan pakulinan kalawau. Rasul Paulus mirsani kawontenan ingkang maneka warni ing satengahing pasamuwan Galati, lajeng ngemutaken pasamuwan bilih ing ngarsanipun Gusti boten wonten malih ingkang mbenten-bentenaken, kalebet sampun boten wonten malih pamisahan antawisipun Yahudi utawi Yunani, batur utawi mardika, jaler punapa estri, awit sedaya sampun nunggil ing patunggilanipun para suci ing jagad punika. Baptisan ingkang katampi dening tiyang pitados punika ingkang badhe nunggilaken tiyang-tiyang punika ing gegelitaning Sang Kristus. Nalika kita mangertos bilih sedaya greja punika minangka patunggilanipun Sang Kristus lan para suci ing jagad, mila kita boten badhe dhawah ing nglepataken utawi nampik greja ingkang kagungan kabudayan ingkang benten kaliyan greja kita. Ingkang benten punika namung kabudayan, cara anggenipun manembah, ananging sedaya punika tetep sami, patunggilaning para suci ing satengahing jagad. |*WAS
Setu, 21 Juni 2025 Minggu Trinitas
Wulang Bebasan 11: 3-13; Jabur 42,43; Mateus 9: 27-34 MBATIN INGKANG SAE ”Panjenengané banjur ndhumuki mripaté wong-wong mau sarta ngandika, “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (Mateus 9:29) Kathah piwelingipun tiyang sepuh jaman rumiyin dhateng putranipun, salah satunggalipun inggih punika “Aja seneng mbatin ala, mundhak kelakon tenan”. Tetembungan punika nggadhahi teges supados sampun ngantos kita mbatin utawi ngrantam prekawis awon ing manah kita, awit isining manah punika kadosdene pandonga. Nalika isining manah kita kebak pangrantam awon, ateges kita inggih nelakaken pandonga ingkang awon tumrap dhiri kita lan tiyang sanes. Langkung becik nalika batos punika kaisi dening perangan-perangan ingkang sae, pandonga ingkang ngarah dhateng karahayon, lan tebih saking nyengit dhateng liyan. Prastawa Gusti Yesus nyarasaken tiyang wuta punika dados kawigatosan kita ing waosan Mateus 9: 27-34. Nalika wonten tiyang wuta kalih sowan dhateng Gusti Yesus lan nyuwun supados kasarasaken, Gusti Yesus karsa nyarasaken tiyang kalih punika kanthi pangandika “katekana kaya kang dadi pangandelmu” (ay.29). Tiyang wuta kalih punika sampun nggadhahi kayektenan bilih Gusti Yesus punika saestu tedhakipun Sang Prabu Dawud ingkang jumeneng minangka Sang Mesih. Kayektenan punika benten kaliyan para Farisi ingkang maido pakaryan punika kanthi nelakaken bilih Gusti Yesus ngginakaken pangwasaning dhemit kangge nundhungi dhemit. Mila para Farisi boten badhe saged ngraosaken endahipun pakaryaning Allah, awit ing salebeting manahipun kebak raos sengit lan pangrantam awon tumrap Gusti Yesus. Kadospundi kaliyan isining batin kita? Langkung kathah menggalih ingkang sae, utawi malah kebak pangrantam awon? Bilih kathah pangrantam awon, kaaturan enggal mratobat. Punapa ingkang dados isining manah kita, punika kadosdene pengajeng-ajeng tumrap gesang kita. Nalika saking isining manah kemawon dereng saged sae, kadospundi kita saged nelakaken kasaenan minangka paseksi gesang kita dhateng jagad punika? |*WAS
Jemuwah, 20 Juni 2025 Minggu Trinitas
Ayub 6:14-30; Jabur 42,43; Galati 3:15-22 AYEM ING SATENGAHING PRAHARA ”Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!” (Jabur 43:5) Wonten satunggaling tembang ingkang irah-irahanipun You Raise Me up. Tembang punika dipun lebetaken ing KPJ 117, lan dipun jarwakaken mekaten “Kula tansah kaangkat maring arga, kula kwawi anempuh prahara, wah kiyat wit sinanggi swiwinya, anglangkungi budidaya kula”. Tembang punika asring kakidungaken nalika nemba ngadhepi prekawis ing gesang, kangge ngengetaken para pitados, menawi Gusti boten badhe nilaraken umatipun piyambakan ing satengahing prahara. Mila, sejatosipun kirang trep menawi tiyang pitados ngantos keladuk anggenipun ngraosaken ajrih lan kuwatos ing gesang punika. Awit wonten Gusti Allah ingkang ngamping-ampingi kita, sinten ingkang badhe ndhawahaken kita? Sang Juru Masmur ingkang nyerat Jabur 43 kadosipun saestu ngugemi bilih Gusti tansah mitulungi ing satengahing karupekan. Piyambakipun ngrumaosi wonten osiking manah ingkang nelakaken raos ajrih, kuwatos, ngantos karaosaken nyawanipun ngolang-ngaling. Ananging kanthi kesadharanipun, Sang Juru Masmur lajeng paring pemut tumrap dhirinipun piyambak supados tansah nggadhahi pangajeng-ajeng dumateng Gusti Allah kemawon. Kanthi mantebing manah, Sang Juru Masmur nelakaken paseksi bilih “Panjenengane kang dadi pitulunganku lan Allahku!” (ay.5) supados boten dhawah ing raos mangu-mangu lan kuwatos awit panandhangipun. Kita wangsulaken malih dhateng kawontenan dhiri kita piyambak-piyambak. Nalika kita ngadhepi panandhang utawi momotaning gesang, punapa ingkang kita tindakaken? Kita tetep ayem awit wonten Gusti ingkang tansah ngamping-ampingi lan dados pitulungan kita, utawi kita malah ngraosaken ajrih lan kuwatos lajeng wiwit rumaos tanpa daya? Minangka tiyang pitados, kita mangertos pundi ingkang leres lan kedah kita pilih. Kedahipun manah kita tetep ayem, awit badhe ageng kados punapa kemawon prahara ingkang wonten, Gusti Allah boten badhe nguciwani kita. |*WAS
Kemis, 19 Juni 2025 Minggu Trinitas
Purwaning Dumadi 24: 1-21; Jabur 42; Rum 2: 17-29 KANGEN DHATENG PANGERAN ”Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen, inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah” (Jabur 42:2) Punapa kita nate ngraosaken kangen sanget dhateng kadang kinasihan kita? Kadospundi raos kangen punika maujud? Waljinah, salah satunggaling waranggana, nate nembangaken makaten “Laraning lara, ora kaya wong kang nandhang wuyung, mangan ra doyan, ra jenak tenan…” Tembang punika nggambaraken sepinten agenging raos kangen tumraping tiyang ingkang nembe kasmaran. Panci raos kangen punika tambanipun namung pinanggih kaliyan ingkang dipun kangeni. Sang Juru Masmur ing Jabur 42 punika nelakaken sepinten agenging raos kangenipun manungsa dhateng Pangeran Yehuwah. Raos kangen punika kagambaraken kadosdene sangsam ingkang ngorong dhateng toya ing lepen. Nalika Sang Juru Masmur nggambaraken dhirinipun ing salebeting panandhang, ingkang dados margining pangluwaran inggih namung Pangeran Yehuwah kemawon. Mila nalika Sang Juru Masmur ngraosaken gesangipun wiwit nebih saking Gusti, raos kangen punika lajeng tuwuh. Raos kangen punika ugi ingkang njalari Sang Juru Masmur enggal-enggal wangsul malih dhateng ngarsanipun Allah lan nilaraken gesang ingkang mblasar kalawau. Kadospundi kaliyan gesang kita piyambak? Tuladhanipun, nalika wonten ing dinten Minggu kita boten saged tindak dhateng greja, wonten raos kangen utawi boten? Nalika kita boten saged nderek nalika kawontenaken pakempalan pandonga, wonten raos kecalan boten ing salebeting manah kita? Bilih wonten raos kangen, ateges kita sampun nunggil kaliyan gesang masamuwan. Raos kangen punika sampun ngantos namung kandeg wonten ing raos kangen dhateng anggen kita saged kempal kaliyan rencang kemawon, ananging ugi raos kangen amargi boten saged memuji Gusti sesarengan kaliyan sedherek-sedherek tunggal pasamuwan. |*WAS
Rebo, 18 Juni 2025 Minggu Trinitas
Dhaniel 1:1-21; Jabur 124; Lukas 1:46b-55 PAKARYAN KANG PINUNJUL ”Jalaran Kang Mahakwasa wus nindakaké pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmané” (Lukas 1:49) Ing satunggaling wekdal, wonten cariyos mekaten: satunggaling siswa kasuwun nyebataken bab-bab ingkang endah lan aji ingkang kalampahan ing gesangipun dening sang guru. Siswa punika matur pitaken “Bab ingkang endah lan aji punika ingkang kadospundi guru?” Sang guru mangsuli “Kayadene kang koksawang endah, kayadene mas-masan, omah kang gedhe, lan sapiturute”. Murid punika mendel sauntawis, lajeng paring wangsulan makaten “Guru, kula babarblas boten rumaos bilih mas-masan, griya ingkang ageng punika minangka perangan ingkang endah. Sedaya punika namung kita raosaken sekedhap nalika kita gesang. Ing gesang kula, ingkang endah lan aji punika nalika kula ngraosaken tresna ing salebeting brayat kula, nalika saben enjang kula saged tangi lan ambegan, nalika saben dinten kula pinaringan wewengan kangge mitulungi rencang ingkang nembe nandhang, lan sakpiturutipun”. Ibu Maria memuji dhateng Allah awit Kang Mahakwasa sampun nindakaken pakaryan-pakaryan kang pinunjul tumrap gesangipun. Bab punika kalampahan nalika Ibu Maria pinanggih kaliyan Ibu Elisabet ingkang ugi ngandhut ing yuswanipun ingkang sampun sepuh. Ibu Maria memuji Allah boten namung amargi pakaryan ingkang katampi dening dhirinipun, ananging ugi ingkang katampi dening tiyang sanes. Kita ugi prelu ningali pakaryanipun Allah ing gesangipun tiyang sanes, supados kita saged ngraosaken bilih Gusti Allah saestu nresnani sedaya tiyang lan boten namung para pendherekipun kemawon. Nalika kita namung ngeneraken kawigatosan kita dhateng bab-bab ingkang pinunjul lan agung kemawon, kita boten badhe ningali pakaryanipun Allah ing bab-bab ingkang prasaja. Kamangka, sedaya pakaryaning Allah punika pinunjul ing papan lan wekdal ingkang trep. Sampun ngantos kita ngemungaken bab-bab ingkang prasaja nalika kita manggihi pakaryaning Allah ingkang kawawas langkung pinunjul. |*WAS
Slasa, 17 Juni 2025 Minggu Trinitas
Wulang Bebasan 8:4-21; Jabur 124; Efesus 5:15-20 NGGEMENI WEKDAL ”Lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala” (Efesus 5:16) Salah satunggaling tantangan manungsa modern punika nggemeni wekdal. Teknologi ingkang mindhak majeng lan pirantosipun ndadosaken wekdal ingkang wonten karaos cupet. Lampahing wekdal karaos cepet lan namung sakedheping netra kemawon sampun kathah ewah-ewahan. Wonten ing setunggal sisih, perkawis punika temtu sae supados manungsa saged makarya kanthi efektif lan efisien (saged ngirit wekdal kangge nggayuh asil ingkang sakathah-kathahipun). Ananging wonten ing sisih sanes, manungsa lajeng saged kesupen mijekaken wekdal kangge nitipriksa dhiri, lan nyantosakaken gesang karohanenipun. Rasul Paulus ngemutaken pasamuwan Efesus bilih jaman punika awon, mila pasamuwan kedah tansah ngginakaken wekdal ingkang taksih wonten (ay.16). Kenging punapa kawastanan jaman ingkang awon? Amargi sangsaya dangu, panggodhaning jaman punika inggih sangsaya mindhak. Manungsa ingkang namung mburu kadonyan, ingkang namung ngupadi kabetahanipun piyambak, gampil sanget dhawah ing lena. Sami-sami ngginakaken wekdal peparingipun Gusti, ananging namung ingkang nggemeni wekdal kanthi mijekaken wekdal kangge nitipriksa dhiri, lan nyantosakaken gesang karohanenipun ingkang saged ngraosaken bilih kathah sanget pakaryanipun Allah ing gesang kita. Dene ingkang lena lan boten migatosaken saestu, pungkasanipun namung saged getun awit wekdal punika boten saged dipun ambali malih. Punapa ingkang saged kita tindakaken supados kita boten lena ing panggodhaning jaman? Kita kedah enget bilih kawontenan kita punika sarwa winates. Umur punika winates, kakiyatan kita ugi winates, lan wekdal kita punika boten wonten ingkang mangertos kapan titiwancinipun. Ingkang langgeng punika namung Gusti Allah. Sumangga kita ginakaken wekdal peparingipun Gusti punika kanthi saestu, supados kita boten getun ing tembe wingkingipun awit lirwa boten nindakaken punapa ingkang dados tanggel jawab kita. Tiyang pitados kedah nggemeni wekdal mumpung taksih kaparingan wewengan. |*WAS
Senen, 16 Juni 2025 Minggu Trinitas
Wulang Bebasan 7:1-4; Jabur 124; Efesus 4:7-16 PEPARINGE SANG KRISTUS ”Nanging saben gegelitaning panunggalan kita wus kaparingan sih-rahmat undha-usuk manut ukuran peparing kang saka Kristus” (Efesus 4:7) Jaman rumiyin, satunggaling lare badhe kawastanan pinter inggih punika menawi unggul ing pasinaonipun, mirungganipun ing pelajaran matematika. Lare ingkang boten saged matematika, ananging unggul ing pamucalan sejarah, boten kawastanan pinter. Dumugi wekdal samangke taksih wonten tiyang sepuh ingkang rumaos menawi putranipun boten pinter amargi boten unggul ing matematika. Kamangka, kapinteran punika boten namung babagan etang-etangan, ananging wonten ugi pinter ing babagan sosial, pasrawungan, wicaksana ing gesang kapitadosan, lsp. Serat Efesus 4:7 ngemutaken kita bab kadospundi saben gegelitaning Sang Kristus kaparingan sih rahmat selaras kaliyan ukuran peparing saking Gusti. Sinaosa kawontenan greja-greja dalah pasamuwan Kristen maneka warni, ananging punika sampun ngantos dados jalaran ing antawisipun pasamuwan sami maido lan ndhawahaken. Greja ingkang ageng sampun ngantos gumunggung, lan pasamuwan ingkang alit sampun ngantos malah kamisekengen. Boten wonten manungsa ingkang sampurna, mila peparing saking Sang Kristus kedah kita ginakaken kagem njangkepi kabetahan peladosan ing jagad punika. Ingkang kaparingan kanugrahan kekiyatan, kedah mitulungi ingkang ringkih. Ingkang kaparingan kanugrahan kawaskithan, kedah ngginakaken kawaskithan punika kagem mbangun gesang sesarengan kanthi prayogi. Wonten ing gesang kita, temtu boten wonten ingkang sampurna. Sadaya manungsa kagungan perangan ingkang unggul lan ingkang kirang. Sedaya kaunggulan kita punika mujudaken peparing saking Sang Kristus supados saged mbangun gesang sesarengan. Boten wonten peparing ingkang paling unggul, lan boten wonten peparing ingkang muspra/nglaha. Sedaya peparing saking Sang Kristus punika sae. |*WAS
Ahad, 15 Juni 2025, Minggu Trinitas
Wulang Bebasan 8:1-4, 22-31; Jabur 8; Rum 5:1-5; Yokanan 16:12-15 MINGGU TRINITAS “Apa sakagungané Sang Rama, iku iya duwèkku; mulané Aku pitutur, mangkéné: Juru Pitulung bakal martakaké marang kowé apa kang wis katampi saka Aku.” (Yokanan 16:15) Minggu punika dipun riyayakaken minangka Minggu Trinitas. Kita kaparingan wekdal kangge ngraos-raosaken kadospundi pakaryanipun Allah ing jagad punika, wiwit saking jagad katitahaken ngantos dumugi wekdal samangke. Pengetan Minggu Trinitas ugi ndadosaken kita ngraos-ngraosaken pakaryanipun Allah ingkang asring boten saged kagayuh dening nalar saha pangertosan kita. Panci leres, Gusti Allah lan sedaya pakaryanipun punika minangka misteri, prekawis ingkang adi lan saestu ngeram-eramakaen tumraping manungsa. Ing waosan Yokanan 16: 12-15, kita sinau menawi Gusti Yesus, Sang Rama, saha Sang Juru Pitulung punika pinangkanipun satunggal. Pakaryanipun Allah punika wonten ing sedaya perangan gesangipun manungsa. Kadospundi kita saged mangertosi menawi Gusti Allah makarya ing gesang kita? Kanthi migatosaken punapa ingkang Sang Juru Pitulung wucalaken dhateng kita. Sang Juru Pitulung punika ingkang mangke badhe mucal kita lan nuntun kita salebeting mbabar paseksi dhateng jagad punika. Kadospundi kita saged mangertos piwucalipun Sang Juru Pitulung punika? Kanthi migatosaken lan ngraosaken kanthi lebet kawontenaning batos kita. Sang Juru Pitulung memulang srana nuntun kita nemtokaken pilihan-pilihaning gesang ingkang ngener dhateng kasaenan. Nalika kita nemahi panggodha, Sang Juru Pitulung ingkang badhe nuntun kita satemah wantun ngadepi panggoda punika ing margi ingkang leres. Gusti Allah, lantaran Sang Juru Pitulung, boten badhe negakaken kita. Sumangga ing pengetan Minggu Trinitas punika kita sinau malih migatosaken punapa ingkang dados piwucalipun Sang Juru Pitulung, awit punika pinangkanipun saking Rama lan Sang Putra piyambak. |*WAS
