Yeremia 51:47-5; Jabur 66:1-9; II Korinta 8:1-7 ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “MAHAKAWASA” “… amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, … dhumateng Paduka.” (Jabur 66: 3) Gusti Allah punika ugi kasebat Mahakawasa. Jangkepipun, Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa. Wonten ing Kitab Suci, cetha sanget bilih Mahakawasanipun Gusti Allah sanes satunggaling piwulang ingkang namun awujud tetembungan, sanes pangawasa ingkang sawenang-wenang, abab Mahakawasanipun Gusti Allah kabuktekaken wonten ing gesangipun para kagunganipun. Juru Masmur nelakaken ukara ingkang ngiyataken kula lan panjenengan sedaya. Dipun serat, “… amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ….” Punika temtu nelakaken kadospundi kuwaosipun Gusti Allah punika ageng sanget, ananing mboten namun ageng, panguwaosipun Gusti Allah ugi agung satemah para mengsahipun sami teluk mboten anggadahi daya. Panguwaosipun Gusti Allah punik agung awit pancen namung awit saking panguwaosipun Gusti Allah sedaya mengsah-mengsahipun sami ajrih, sami teluk. Tiyang ingkang wedi-asih dhumateng Gusti Allah punika temtu prayoginipun lajeng ngrubah panggesanganipun. Sikep punika pancen nedahaken ajrih, ajrih supados Gusti Allah sampun ngantos duka. Ananing wedi-asih dhumateng Gusti Allah punika kedah dipun wujudaken kanthi sikep kurmat dhumateng Gusti Allah ingkang Mahakuwaos. Temtu benten sikep ajrih kaliyan wedi-asih dhumateng Gusti Allah. Bilih namung ajrih mesti sesambetanipun mboten sae, ananing bilih wedi-asih mirungganipun dhumateng Gusti Allah mesthi sesambetanipun lajeng langkung caket lan langkung pitados bilih Gusti Allah punika ingkang Mahakawasa ingkang saged nindakaken samudayanipun, ugi saged maringi kawilujengan lan kasaenan wonten ing panggesangan kula lan panjenengan. Lajeng wonten ing panggesangan padintenan punapa taksih dipun kuwaosi raos ajrih? Sumangga, kanthi raos manteb sangsaya pitados dhumateng Gusti Allah ingkang saged maringi samudayanipun wonten ing gesang kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Kemis, 3 Juli 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 21:1-15; Jabur 66:1-9; Rum 7:14-25 PAKARYANIPUN GUSTI ALLAH “Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ….” (Jabur 66:5) Gusti Allah punika jumeneng Ramanipun para tiyang pitados karana Gusti Allah nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang sae lan tumuju dhateng kawilujenganipun para tiyang pitados. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang nunggil, ngiyataken lan nyagedaken para tiyang pitados cetha kaserat wonten ing Kitab Suci. Gusti Allah nunggil nalika bangsa Israil lumampah wonten ing ara-ara samun, Gusti Allah ngiyataken ngantos bangsa Israil mboten lebur, mboten sirna. Awit nyatanipun kathah sanget mengsahipun Israeil: Mesir, Amalek, Edom, Moab, bangsa-bangsa ing tanah Kenangan lan sanes-sanesipun. Gusti Allah ingkang nyagedaken nalika aben ajeng kaliyan perkawis-perkawis ingkang nggegirisi. “Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ….” Punika ukara ingkang ngajak sedaya pasamuwan sami mirsani pakaryanipun Gusti Allah ingkang ageng sanget. Wonten ing ayat 6 dipun serat “Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan, …” ingkang nelakaken pakaryanipun Gusti Allah. Pakaryan punika ingkang nelakaken bilih Gusti Allah punika Sang Rama ingkang nresnani lan ngreksa para umat kagunganipun. Punapa ingkang dipun serat dening Juru Mazmur temtu mboten namun ngajak mirsai pakaryanipun Gusti Allah, nanging ugi ngraosaken kadospundi pakaryanipun Gusti Allah punika nyata kedadosan wonten ing panggesanganipun para umat. Perlu sangsaya kula lan panjenengan gatosaken, Gusti Allah ngreksa para tiyang pitados punika wonten ing Asmanipun Gusti Allah sanes ngreksa atas Asmanipun Gusti Allah. Pakaryanipun Gusti Allah punika wujud Gusti Allah tansah ngreksa kula lan panjenengan. Pakaryanipun Gusti Allah tansah mbuntel kula lan panjenengan, lan kula lan penjenengan tansah kabuntel wonten ing Asmanipun Gusti Allah ingkang pakaryanipun tansah ngreksa lan ngrimati kula lan panjenengan. Gusti Allah mboten saged kapisahaken kaliyan pakaryanipun wonten panggesangan kula lan penjenengan. Pakaryanipun Gusti Allah punika ingkang mbabaraken mahakawasanipun. Umpaminipun, Gusti Allah kasebat Mahakawasa kababaraken wonten ing pakaryanipun. Sumangga sami mbika mripat kula lan panjenengan supados saged sangsaya nglenggana bilih pakaryanipun Gusti Allah tansah nyata wonten ing gesang kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK
Rebo, 2 Juli 2025 Minggu Limrah
Yeremia 23:16-22; Jabur 14; Mateus 10:16-25 ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “RAMA” “Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang ngandika lumantar kowe.” (Mateus 10:20) “Rama”, mekaten tiyang pitados nyebat Gusti Allah. Ramanipun sinten? Ramanipun Adam, Abraham, utawi Ishak lan Yakub? Punapa tegesipun Gusti Allah kasebat Rama? Wonten ing Kitab Suci, menawi Gusti Allah Kasebat Sang Rama dening bangsa Israil, tembung Rama wau mboten sami tegesipun kaliyan tembung bapa tumraping para manungsa. “… Rohe Ramamu …”, mekaten dipun serat wonten ing nas waosan dinten punika. Saestunipun nalika kula lan panjenengan ngraos-raosaken ngengingi bab Roh, punika temtu wonten gandhengipun kaliyan Roh Suci ingkang badhe nunggil, dayani lan nyagedaken para tiyang pitados nglampahi panggesanganipun. Bilih dipun gatosaken Mateus 10:16-33, Gusti Yesus Kristus ngendikakaken bab-bab ingkang nggegirisi sanget dhateng para sakabatipun ngengingi kasisahan-kasisahan ingkang badhe dipun lampahi para sakabatipun minangka dados para muridipun. Ananing wonten satunggaling panglipur bilih “Rohe Ramamu” bakal maringi kasagedan. Saking ayat punika cetha bilih Gusti Allah jumeneng Ramanipun sedaya tiyang pitados jalaran Panjenenganipun ingkang nunggil, ngiyataken lan nyagedaken para tiyang pitados. Gusti Allah jumeneng Ramanipun para tiyang pitados inggih karana Gusti Allah ingkang nindakaken perkawis-perkawis ingkang tumuju dhateng kawilujenganipun para tiyang pitados. Asma “Rama” ingkang katujokaken dhateng Gusti Allah punika satunggaling Asma ingkang kebak tindakan, kebak pandamel, Asma ingkang kebuktekaken wonten ing sedaya pakaryanipun. Pakaryanipun Gusti Allah Ramanipun sedaya tiyang pitados inggih punika tansah nunggil gesang kula lan panjenengan sedaya saben dinten. Kados pundi samangke kula lan panjengenan tansah pasrah dhumateng Sang Rama punika? Punapa taksih ngandelaken kakiyatanipun piyambak? Sumangga pasrah dhumateng Gusti Allah Sang Rama ingkang tansah makarya wonten ing panggesangan kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Slasa, 1 Juli 2025 Minggu Limrah
Yeremia 3:15-18; Jabur 140; Efesus 5:6-20 ASMANIPUN GUSTI ALLAH “…, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.” (Yeremia 3:17) Wonten ing panggesangan minangka tiyang Kristen, kathah asma ingkang kangge nyebut Gusti Allah, mirungganipun wonten ing perangan sepisan saking Pengaken Pitados Rasuli, dipun sebat tigang Asma inggih punika “… Allah Sang Rama, Allah Mahakawasa, Allah Sang Khalik ….” Punapa tegesipun? Ingkang wigatos inggih punika kula lan panjenengan sami ngakeni bilih Asmanipun Gusti Allah punika Asma ingkang ngedab-edabi. Nas waosan kitab suci dinten punika, nelakaken bilih awit saking Asmanipun Sang Yehuwah, sedaya tiyang “ing Yerusalem bakal ora tumindak manut atine kang ala.” Asma punika temtu benten kaliyan ingkang wonten ing donya punika. Kanggenipun para manungsa, nama namun dados tetenger kangge ambedakaken tiyang satunggal kaliyan satunggalipun. Asmanipun Gusti Allah benten awit asma punika kagungan kuwaos ingkang ageng sanget. Asma punika ingkang nelakaken kadospundi Gusti Allah ngreksa lan ngrimati lajeng kasebut Rama, nelakaken Gusti Allah ingkang Mahakuwaos lan Sang Khalik ingkang kagungan kuwaos nitahaken samudayanipun. Awit saking kuwaos ingkang ageng sanget, mila Asma punika ingkang saged ngrubah tiyang supados mboten tumindak miturut pikajengipun piyambak, inggih punika tumindak ingkang awon. Asma Sang Yehuwah wonten ing ayat punika ugi sanes namung badhe nelakaken nengingi sipat-sipatipun ananing ugi badhe nandhesaken ngengingi sinten lan kadospundi Pribadinipun. Ingkang kasebat Sang Yehuwah punika ugi wonten sesambetanipun kaliya logos ingkang kaserat wonten ing Injil Yokanan ingkang nelakaken kuwaosipun nitahaken sedayanipun. “Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.” Satunggaling pengaken pitados rasuli ingkang nelakaken Asmanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos punika saged mbudidaya lan ngeneraken gesangipun manungsa miturut karsanipun. Sumangga sami ngakeni Gusti Allah punika Allah ingkang Maha Kuwaos kanthi gesang ingkang tebih saking tumindak awon. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Senen, 30 Juni 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 24:34-41, 50-67; Jabur 140; I Yokanan 2:7-11 SAMPUN NGANTOS SENGIT DHATENG SEDHEREK “Sing sapa ngucap yèn dumunung ana ing pepadhang, nanging sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku isih dumunung ana ing pepeteng nganti sapréné” (I Yokanan 2:9) Wonten ing pendadaran saderengipun bujana suci, satunggaling tiyang pitados nelakaken makaten “Kula boten badhe ndherek bujana bilih kedah pinanggih kaliyan tanggi kula ingkang nami Pak X punika. Awit tiyang punika sampun natoni manah kula lan brayat kula”. Bab punika temtu lepat, amargi kita boten pareng sengit kaliyan sesami ngantos nglirwakaken kuwajiban kita ngrimat kapitadosan. Ananging asring amargi raos duka ingkang sampun kedlarung-dlarung lajeng nuwuhaken sikep semengit lan nebih saking pasamuwan. Menawi kita dereng saged ngicali raos sengit ing salebeting manah kita, cekap kita nyuwun supados kaparingan kekiyatan dening Gusti, boten malah nglepataken tiyang sanes lan milih nebih saking Gusti. Seratan ing I Yokanan 2:9 punika ngemutaken kita bilih parapan “tiyang pitados” ingkang kita sandhang punika ngemu tanggel jawab ingkang ageng. Salah satunggaling tanggel jawab kita inggih punika njagi gesang pasedherekan kita kaliyan sedaya tiyang, langkung-langkung kaliyan sedherek tunggal pasamuwan. Kenging punapa kita boten kepareng sengit kaliyan sedherek tunggal pasamuwan? Awit kita mbangun gesang punika boten namung gesang pribadi, ananging ugi gesang sesarengan ing patunggilan. Patunggilan punika ingkang badhe ngiyataken lan mitulungi kita. Pantunggilan punika ingkang badhe dados bukti bilih gesangipun tiyang pitados punika kebak katresnan. Gusti sampun nresnani kita, semanten ugi kita kedah nresnani sesami kita. Wonten ing sisih sanes, kita ugi katimbalan supados boten dados sandhungan tumrap sesami kita. Menawi kita boten pareng sengit dhateng sedherek sapasamuwan, kita ugi kedah ngudi supados sampun ngantos tumindak boten prayogi lan ndadosaken tiyang sanes sengit dhateng kita. Menawi kita ngaken sampun gesang ing salebeting pepadhang, sampun ngantos wonten raos sengit ingkang tuwuh ing gesang kita. |*WAS
Ahad, 29 Juni 2025, Minggu Biasa
I Para raja 19:15-16, 19-21; Jabur 16; Galati 5:1, 13-25; Lukas 9:51-62 NOLEH WINGKING “Nanging Yésus ngandika, “Saben wong kang wus nyekel waluku, mangka banjur nolèh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.” (Lukas 9:62) Punapa ta ginanipun kaca spion? Inggih punika supados kita saged ningali kawontenan ing wingkingipun puspaka/tunggangan kita, awit menawi wongsal-wangsul noleh wingking saged mbebayani tumrap tiyang ingkang nembe ngemudhi. Mila kaca spion punika sinaosa alit wujudipun, nanging ageng sanget ginanipun inggih punika kangge mbiyantu supados tiyang ingkang nembe ngemudhi saged migatosaken kawontenan ing sangajengipun. Gusti Yesus ngemutaken tiyang kathah ingkang sami kepengin dherek panjenenganipun. Saben tiyang ingkang kepengin dherek Gusti boten pareng noleh wingking, kadosdene patrap tiyang ingkang sampun nyepeng waluku boten pareng noleh wingking. Punapa maknanipun? Tiyang ingkang kepengin dherek Gusti kedah nilar gesang laminipun. Tiyang ingkang nilar gesang lami ateges sampun boten malih mburu hawa nepsu kadonyan lan namung ngarahaken dhiri dhateng Gusti, boten badhe kapilut malih dhateng gesang laminipun. Gusti ngersakaken para pendherekipun boten ngeman dhateng gesangipun, amargi wonten gesang ing kalanggengan swargi ingkang badhe dipun upadi. Panggodhaning gesang lami punika panci kathah. Pangkat, drajad, kasugihan, saged ndadosaken manungsa noleh wingkin kedangon lan wusananipun dhawah malih dhateng gesang lami. Noleh wingking punika saged kemawon kangge pasinaon kita, bilih kita boten badhe ngambali malih gesang mblasar saderengipun ndherek Gusti. Nalika sampun mutusaken dherek Gusti, ateges sampun sumadya nilaraken ingkang wonten ing wingking lan ngupadi punapa ingkang wonten ing ngajeng. Boten saged kita ngupadi Kratoning Allah sinarengan ngeman nyawa kita, boten saged kita ngupadi gesang langgeng kanthi mburu barang kadonyan. Noleh wingking panci dipun keparengaken, ananing boten pareng menawi salaminipun noleh wingking punapa malih malah mlampah mundur. |*WAS
Setu, 28 Juni 2025 Minggu Limrah
II Para raja 1:13-18, 2:3-5; Jabur 16; Lukas 9:21-27 PUNAPA GINANIPUN? ”Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh, nanging njalari tiwas lan kapitunané awaké dhéwé?” (Lukas 9: 25) Ing babagan Politik, wonten tetembungan makaten “Boten wonten kanca ingkang lestari lan mengsah ingkang lestari. Ingkang wonten punika kapentingan ingkang lestari”. Tetembungan punika badhe nggambaraken bilih ing jagad politik punika tiyang saged ngginakaken cara napa kemawon kangge nggayuh pepenginanipun, kalebet ngurbanaken rencangipun piyambak lan kepara kekancan kaliyan mengsah. Cara-cara ingkang boten prayogi sampun limrah katindakaken supados kapentinganipun saged unggul lan wusananipun saged nggayuh punapa ingkang dipun kajengaken. Menawi sampun kalampahan makaten, gesang punika isinipun namung ngudi kangge nggayuh pepenginan, lan kapentingan pribadi. Ananging sejatosipun menawi dipun penggalih kanthi lebet, punapa ginanipun saged nggegem jagad, ananging njalari tiwas lan pituna dhiri pribadi saha tiyang sanes? Punapa ginanipun kita saged nggayuh kaunggulan ing jagad ananging kanthi ngurbanaken brayat lan gesang pribadi kita? Waosan Lukas 9:25 ngemutaken kita sedaya, bilih sedaya punika boten wonten ginanipun. Wonten ing ayat 23 malah kacethakaken bilih sok sintena ingkang badhe ndherek Gusti kedah nyingkur kawontenan dhirinipun, manggul salib, lan kecalan nyawanipun amargi saking asmanipun Gusti. Prinsip ingkang kados makaten benten sanget kaliyan ingkang jagad punika estokaken. Menawi saged ngurbanaken tiyang sanes, kenging punapa kedah manggul salib lan kecalan nyawa? Sapunika pilihan gesang kita namung badhe ndherek Gusti ing kalanggengan, utawi badhe nampi pepejah ingkang langgeng? Nalika kepengin ndherek Gusti, ateges kita kedah ngestokaken bab katresnan, kalebet nresnani mengsah lan mbangun turut gesang ing satengahing pasamuwan. Ndherek Gusti boten saged kanthi ngurbanaken tiyang sanes. Kita boten saged mlebet swarga kanthi nguja sedaya pepenginan kadonyan tanpa kinanthenan katresnan. Punapa ginanipun panjenengan sugih, pangkat inggil, ananging tanpa kagungan rencang, brayat, lan sedherek ingkang nresnani? |*WAS
Jemuwah, 27 Juni 2025 Minggu Limrah
II Para raja 1:1-16; Jabur 16; Galati 4:8-20 CARA GESANGIPUN TIYANG KRISTEN ”Biyèn, nalika kowé durung wanuh marang Allah, kowé ngawula marang kang kokanggep Allah, nanging sajatiné dudu Allah” (Galati 4:8) Tumrap sawatawis tiyang ingkang dereng pitados, cara gesangipun tiyang Kristen punika kadosdene tiyang ingkang bodho. Kawastanan bodho, awit ing kapitadosan Kristen kita kagulawentah bab-bab kados makaten: nresnani mengsah, ndedonga kagem ingkang nyatru, mitulungi mengsah, lsp. Miturut petangan kamanungsan, punika perangan ingkang ndadosaken tuna, boten wonten ginanipun. Ananging kita ingkang sampun pitados temtu mangertos bilih cara gesang ingkang kados makaten punika ingkang nuntun dhateng gesang sejati. Cara gesangipun tiyang Kristen namung badhe maedahi tumrap ingkang saestu wanuh bab katresnanipun Gusti lan pangurbananipun Gusti Yesus ing kayu salib. Waosan Galati 4:8 ngemutaken kita, bilih pranyata cara gesang lami, inggih nalika manungsa dereng wanuh kaliyan Gusti, panci namung ngawula dhateng sesembahan sanesipun Gusti Allah. Tiyang kados makaten nyembah dhateng perangan-peranganing jagad, kadosdene wit-witan ageng, sela ingkang kawawas keramat, pusaka ingkang kawawas sekti, lsp. Sesembahan ingkang kados makaten punika boten nggadhahi panguwaos, namung ndadosaken manungsa kapilut lan gesang ing salebeting kadurakan. Mila, sasampunipun wanuh kaliyan Gusti, tiyang pitados sampun boten nyembah dhateng perangan-perangan kalawau. Cara gesang tiyang Kristen punika manembah dhateng Gusti, sanes dhateng peranganing jagad. Lajeng kadospundi menawi wonten tiyang ingkang ngaku Kristen ananging tetep nyembah dhateng barang kadonyan kadosdene arta, pangkat, lan barang-barang ingkang kawawas sekti? Sumangga tiyang punika kaaturan enggal mratobat, awit cara gesang tiyang pitados boten kados makaten. Tiyang Kristen ngestokaken piwulangipun Gusti srana Kitab Suci, sanes sesembahan kadonyan ingkang sipatipun sauntawis. Cara gesang tiyang Kristen punika nuntun dhateng gesang sejati, boten malah mblasaraken tiyang amargi nuruti pepengingan pribadi. |*WAS
Kemis, 26 Juni 2025 Minggu Limrah
Kaimaman 9:22-10:11; Jabur 16; II Korinta 13:5-10 KACA PANGILON “Awakmu dhéwé ujinen, apa padha isih teguh ing pracaya. Titinen awakmu! Apa padha ora yakin ora tahan uji, menawa Kristus Yésus dumunung ana ing kowé?” (II Korinta 13:5) Saben kita mesthi kagungan kaca pangilon ing griya. Kaca pangilon punika ginanipun kangge nyawang dhiri pribadi, punapa ingkang kirang, punapa ingkang kedah dipun ewahi supados pasuryan kita ketingal sae lan sandhangan kita ugi patut. Kaca pangilon punika kadosdene kita wicantenan kaliyan dhiri kita piyambak anggenipun matut dhiri kanthi prayogi. Kadospundi bilih kita namung ngendelaken paningal kita tanpa mirsani kaca pangilon? Mesthi kirang jangkep wusananipun, lan anggenipun kita nyandhang inggih karaosaken dereng pas. Pasamuwan ing kitha Korinta srana pangandikanipun Rasul Paulus kadhawuhan supados nitipriksa dhirinipun. Pasamuwan kasuwun nitipriksa bab kapitadosanipun, punapa taksih kiyat punapa boten. Menawi taksih kiyat, temtu sami yakin bilih tahan uji. Menawi saestu tahan uji, temtu boten badhe gampil kapilut dening panggodhaning jaman. Tiyang pitados ingkang saestu kiyat ing kapitadosan gampil nitipriksa dhirinipun piyambak, awit pancen boten wonten ingkang dipun sidhem ing ngarsanipun Gusti. Pasamuwan kadhawuhan kadosdene ngginakaken kaca pengilon, supados saged nitipriksa kawontenan dhirinipun. Kanthi nindakaken ingkang kados makaten, pasamuwan saged mangertos saestu pundi ingkang kedah dipun ewahi ing gesang kapitadosanipun. Ananging ing sisih sanes, wonten ugi tiyang ingkang boten wantun ngginakaken kaca pangilon awit ajrih bilih kakirangan saha kalepatanipun lajeng ketingal. Tiyang ingkang kados makaten malah ajrih nalika manggihi perangan ingkang awon wonten ing gesangipun. Mila, tiyang pitados kedah wantun nitipriksa dhiri, lan bilih sampun pinanggih perangan ingkang kirang pener, supados enggal dipun ewahi. Bilih sanes kita ingkang ngewahi perangan ingkang kirang pener ing gesang kita, sinten malih ingkang badhe ngewahi? |*WAS
Rebo, 25 Juni 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 32:1-10; Jabur 64; Lukas 9:37-43a GESANG MURSID ”Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah, sarta ngayom marang Panjenengane; sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana” (Jabur 64:10) Tiyang ingkang gesangipun mursid punika mesthi nemahi kathah pepalang ing gesangipun. Nindakaken kamursidan ing satengahing jagad ingkang risak punika saestu prekawis ingkang awrat. Kamursidan boten saged nunggil kaliyan kadurakan, dene saben dinten malah saben wekdal tiyang mursid tansah sesandhingan kaliyan kadurakan ing jagad punika. Tiyang pitados ingkang boten kiyat ing kayektenanipun temtu gampil keli ing kahanan, gampil kapilut dening panggodha lan pacoban. Ing jaman samangke perkawis ingkang kedahipun wadi lan kasimpen rapet malah diumbar, ingkang sejatosipun dados tuntunan malah dados tontonan kemawon, dene ingkang lepat sauger viral(kanthi cepet sumebar lan narik kawigatosanipun tiyang kathah) malah kathah ingkang niru. Juru Masmur srana waosan Jabur 64 mangertos saestu kawontenaning jagad ingkang kados makaten. Piyambakipun rumaos kakepung dening tiyang-tiyang duraka ingkang ngener dhateng dosa. Ananging, Juru Masmur pitados bilih Pangeran Yehuwah boten badhe nilaraken piyambakipun, malah badhe mbelani para kagunganipun. Pangeran piyambak ingkang badhe mitulungi para kagunganipun ingkang kakepung dening mengsah. Kanthi makaten, Juru Masmur badhe ngandharaken bilih tiyang pitados sampun ajrih ngrasuk patrap gesang mursid, awit Pangeran Yehuwah ingkang badhe mitulungi lan ngamping-ampingi. Ing jaman samangke kathah tiyang pitados ingkang ajrih nindakaken patrap gesang mursid amargi ajrih dipun tebihi lan katampik dening sesaminipun. Sinaosa kedah ngadhepi panampik, kedahipun bab punika boten ndadosaken kita ajrih tumindak mursid. Bilih kamursidan kita gumantung kaliyan panampinipun tiyang kathah, kita boten badhe saged mituhu saestu dhateng Gusti. Nalika saestu ngayom dhateng Gusti, tiyang mursid badhe tansah bungah lan tiyang ingkang jujur badhe sami ngalembana. |*WAS
