II Para Raja 21:1-15; Jabur 66:1-9; Rum 7:14-25
PAKARYANIPUN GUSTI ALLAH
“Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ….” (Jabur 66:5)
Gusti Allah punika jumeneng Ramanipun para tiyang pitados karana Gusti Allah nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang sae lan tumuju dhateng kawilujenganipun para tiyang pitados. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang nunggil, ngiyataken lan nyagedaken para tiyang pitados cetha kaserat wonten ing Kitab Suci. Gusti Allah nunggil nalika bangsa Israil lumampah wonten ing ara-ara samun, Gusti Allah ngiyataken ngantos bangsa Israil mboten lebur, mboten sirna. Awit nyatanipun kathah sanget mengsahipun Israeil: Mesir, Amalek, Edom, Moab, bangsa-bangsa ing tanah Kenangan lan sanes-sanesipun. Gusti Allah ingkang nyagedaken nalika aben ajeng kaliyan perkawis-perkawis ingkang nggegirisi.
“Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ….” Punika ukara ingkang ngajak sedaya pasamuwan sami mirsani pakaryanipun Gusti Allah ingkang ageng sanget. Wonten ing ayat 6 dipun serat “Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan, …” ingkang nelakaken pakaryanipun Gusti Allah. Pakaryan punika ingkang nelakaken bilih Gusti Allah punika Sang Rama ingkang nresnani lan ngreksa para umat kagunganipun. Punapa ingkang dipun serat dening Juru Mazmur temtu mboten namun ngajak mirsai pakaryanipun Gusti Allah, nanging ugi ngraosaken kadospundi pakaryanipun Gusti Allah punika nyata kedadosan wonten ing panggesanganipun para umat. Perlu sangsaya kula lan panjenengan gatosaken, Gusti Allah ngreksa para tiyang pitados punika wonten ing Asmanipun Gusti Allah sanes ngreksa atas Asmanipun Gusti Allah. Pakaryanipun Gusti Allah punika wujud Gusti Allah tansah ngreksa kula lan panjenengan. Pakaryanipun Gusti Allah tansah mbuntel kula lan panjenengan, lan kula lan penjenengan tansah kabuntel wonten ing Asmanipun Gusti Allah ingkang pakaryanipun tansah ngreksa lan ngrimati kula lan panjenengan.
Gusti Allah mboten saged kapisahaken kaliyan pakaryanipun wonten panggesangan kula lan penjenengan. Pakaryanipun Gusti Allah punika ingkang mbabaraken mahakawasanipun. Umpaminipun, Gusti Allah kasebat Mahakawasa kababaraken wonten ing pakaryanipun. Sumangga sami mbika mripat kula lan panjenengan supados saged sangsaya nglenggana bilih pakaryanipun Gusti Allah tansah nyata wonten ing gesang kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin.|*AK