+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 2 Juli 2025 Minggu Limrah

Yeremia 23:16-22; Jabur 14; Mateus 10:16-25

ASMANIPUN GUSTI ALLAH: “RAMA”

“Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu

kang ngandika lumantar kowe.

(Mateus 10:20)

“Rama”, mekaten tiyang pitados nyebat Gusti Allah. Ramanipun sinten? Ramanipun Adam, Abraham, utawi Ishak lan Yakub? Punapa tegesipun Gusti Allah kasebat Rama? Wonten ing Kitab Suci, menawi Gusti Allah Kasebat Sang Rama dening bangsa Israil, tembung Rama wau mboten sami tegesipun kaliyan tembung bapa tumraping para manungsa.

“… Rohe Ramamu …”, mekaten dipun serat wonten ing nas waosan dinten punika. Saestunipun nalika kula lan panjenengan ngraos-raosaken ngengingi bab Roh, punika temtu wonten gandhengipun kaliyan Roh Suci ingkang badhe nunggil, dayani lan nyagedaken para tiyang pitados nglampahi panggesanganipun. Bilih dipun gatosaken Mateus 10:16-33, Gusti Yesus Kristus ngendikakaken bab-bab ingkang nggegirisi sanget dhateng para sakabatipun ngengingi kasisahan-kasisahan ingkang badhe dipun lampahi para sakabatipun minangka dados para muridipun. Ananing wonten satunggaling panglipur bilih “Rohe Ramamu” bakal maringi kasagedan. Saking ayat punika cetha bilih Gusti Allah jumeneng Ramanipun sedaya tiyang pitados jalaran Panjenenganipun ingkang nunggil, ngiyataken lan nyagedaken para tiyang pitados. Gusti Allah jumeneng Ramanipun para tiyang pitados inggih karana Gusti Allah ingkang nindakaken perkawis-perkawis ingkang tumuju dhateng kawilujenganipun para tiyang pitados.

Asma “Rama” ingkang katujokaken dhateng Gusti Allah punika satunggaling Asma ingkang kebak tindakan, kebak pandamel, Asma ingkang kebuktekaken wonten ing sedaya pakaryanipun. Pakaryanipun Gusti Allah Ramanipun sedaya tiyang pitados inggih punika tansah nunggil gesang kula lan panjenengan sedaya saben dinten. Kados pundi samangke kula lan panjengenan tansah pasrah dhumateng Sang Rama punika? Punapa taksih ngandelaken kakiyatanipun piyambak? Sumangga pasrah dhumateng Gusti Allah Sang Rama ingkang tansah makarya wonten ing panggesangan kula lan panjenengan. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *