+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 1 Juli 2025 Minggu Limrah

Yeremia 3:15-18; Jabur 140; Efesus 5:6-20

ASMANIPUN GUSTI ALLAH

, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem,

lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.

 (Yeremia 3:17)

Wonten ing panggesangan minangka tiyang Kristen, kathah asma ingkang kangge nyebut Gusti Allah, mirungganipun wonten ing perangan sepisan saking Pengaken Pitados Rasuli, dipun sebat tigang Asma inggih punika “… Allah Sang Rama, Allah Mahakawasa, Allah Sang Khalik ….” Punapa tegesipun? Ingkang wigatos inggih punika kula lan panjenengan sami ngakeni bilih Asmanipun Gusti Allah punika Asma ingkang ngedab-edabi.

Nas waosan kitab suci dinten punika, nelakaken bilih awit saking Asmanipun Sang Yehuwah, sedaya tiyang “ing Yerusalem bakal ora tumindak manut atine kang ala.” Asma punika temtu benten kaliyan ingkang wonten ing donya punika. Kanggenipun para manungsa, nama namun dados tetenger kangge ambedakaken tiyang satunggal kaliyan satunggalipun. Asmanipun Gusti Allah benten awit asma punika kagungan kuwaos ingkang ageng sanget. Asma punika ingkang nelakaken kadospundi Gusti Allah ngreksa lan ngrimati lajeng kasebut Rama, nelakaken Gusti Allah ingkang Mahakuwaos lan Sang Khalik ingkang kagungan kuwaos nitahaken samudayanipun. Awit saking kuwaos ingkang ageng sanget, mila Asma punika ingkang saged ngrubah tiyang supados mboten tumindak miturut pikajengipun piyambak, inggih punika tumindak ingkang awon. Asma Sang Yehuwah wonten ing ayat punika ugi sanes namung badhe nelakaken nengingi sipat-sipatipun ananing ugi badhe nandhesaken ngengingi sinten lan kadospundi Pribadinipun. Ingkang kasebat Sang Yehuwah punika ugi wonten sesambetanipun kaliya logos ingkang kaserat wonten ing Injil Yokanan ingkang nelakaken kuwaosipun nitahaken sedayanipun.

“Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.” Satunggaling pengaken pitados rasuli ingkang nelakaken Asmanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos punika saged mbudidaya lan ngeneraken gesangipun manungsa miturut karsanipun. Sumangga sami ngakeni Gusti Allah punika Allah ingkang Maha Kuwaos kanthi gesang ingkang tebih saking tumindak awon. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *