Purwaning Dumadi 24:34-41, 50-67; Jabur 140; I Yokanan 2:7-11
SAMPUN NGANTOS SENGIT DHATENG SEDHEREK
“Sing sapa ngucap yèn dumunung ana ing pepadhang,
nanging sengit marang saduluré tunggal pracaya,
iku isih dumunung ana ing pepeteng nganti sapréné”
(I Yokanan 2:9)
Wonten ing pendadaran saderengipun bujana suci, satunggaling tiyang pitados nelakaken makaten “Kula boten badhe ndherek bujana bilih kedah pinanggih kaliyan tanggi kula ingkang nami Pak X punika. Awit tiyang punika sampun natoni manah kula lan brayat kula”. Bab punika temtu lepat, amargi kita boten pareng sengit kaliyan sesami ngantos nglirwakaken kuwajiban kita ngrimat kapitadosan. Ananging asring amargi raos duka ingkang sampun kedlarung-dlarung lajeng nuwuhaken sikep semengit lan nebih saking pasamuwan. Menawi kita dereng saged ngicali raos sengit ing salebeting manah kita, cekap kita nyuwun supados kaparingan kekiyatan dening Gusti, boten malah nglepataken tiyang sanes lan milih nebih saking Gusti.
Seratan ing I Yokanan 2:9 punika ngemutaken kita bilih parapan “tiyang pitados” ingkang kita sandhang punika ngemu tanggel jawab ingkang ageng. Salah satunggaling tanggel jawab kita inggih punika njagi gesang pasedherekan kita kaliyan sedaya tiyang, langkung-langkung kaliyan sedherek tunggal pasamuwan. Kenging punapa kita boten kepareng sengit kaliyan sedherek tunggal pasamuwan? Awit kita mbangun gesang punika boten namung gesang pribadi, ananging ugi gesang sesarengan ing patunggilan. Patunggilan punika ingkang badhe ngiyataken lan mitulungi kita. Pantunggilan punika ingkang badhe dados bukti bilih gesangipun tiyang pitados punika kebak katresnan. Gusti sampun nresnani kita, semanten ugi kita kedah nresnani sesami kita.
Wonten ing sisih sanes, kita ugi katimbalan supados boten dados sandhungan tumrap sesami kita. Menawi kita boten pareng sengit dhateng sedherek sapasamuwan, kita ugi kedah ngudi supados sampun ngantos tumindak boten prayogi lan ndadosaken tiyang sanes sengit dhateng kita. Menawi kita ngaken sampun gesang ing salebeting pepadhang, sampun ngantos wonten raos sengit ingkang tuwuh ing gesang kita. |*WAS